Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 22 >> 

1Sawisé Gusti Allah ngluwari Dawud saka Saul lan mungsuh-mungsuh liyané, Dawud banjur ngidung konjuk marang Gusti Allah:

2Allah iku pangayomanku, bètèng sing kuwat tumrapku.

3Marang Allah enggonku ngungsi, aku ngéyub tansah dikanthi. Kaya tamènging Allah nutupi aku, aku tentrem, sebab Gusti ngayomi aku. Gusti Allah iku Juru Slametku, saka ing panganiaya enggoné mbébasaké aku.

4Aku nyebut asmané Allahku, temah aku uwal saka tanganing mungsuhku. Pujinen Gusti sarta luhurna, ingurmatana sarta mulyakna!

5Aku kinepung bebaya pati, aku keleban sakèhing bilai.

6Pati masang kula jiret tumrapku, kuburan menga ing ngarepanku.

7Aku nyebut asmané Allah sajroning karubedan, aku sesambat, nyuwun pitulungan. Saka Bait Allah, Gusti miyarsakaké panangisku, nyuwun pitulungan kaparengaké.

8Bumi gonjing geter pater, dhasaring langit obah lan gumeter, merga Allah lagi muntab dukané, mulad angantar-antar prebawané.

9Kukus mumbul saka ing grana, tutuk metu geni memangsa, bareng lan pletiking mawa.

10Langit disigar, banjur tumurun Panjenengané, kanthi mendhung peteng ing sampéyané.

11Kréta swarga tetumpakané, kanthi swiwiné angin, ngambah akasa Panjenengané.

12Gusti kekudhung pepeteng, kekemul méga kang ireng.

13Kanthi gebyaring cahya ing ngarsané, mawa angalad-alad metuné.

14Allah nekakaké gludhug saka ing akasa. Kang Mahaluhur ngulukaké sabda-Nya.

15Panahé dilepasaké, mungsuh padha buyar, wong-wong padha keplayu, nalika bledhèg angampar-ampar.

16Banjur katon dhasaring samodra, sarta kabukak telenging buwana, nalika Allah muntab dukané, nggetak lan mbendoni mungsuhé.

17Saka ing ngaluhur Allah nyandhak aku ngagem astané, banjur ngentasaké saka ing banyu kang banget jeroné.

18Saka mungsuh kang rosa Gusti nguwalaké aku, lan saka wong sing sengit kang ngluwihi kekuwatanku.

19Wong-wong padha nglawan aku nalika aku nandhang kasusahan, nanging Allah maringi aku pengayoman.

20Gusti nulungi aku uwal saka ing bebaya, merga pangrèhé mring aku linambaran tresna.

21Gusti Allah maringi ganjaran, sebab bener tumindakku, karana atiku resik, Gusti mberkahi aku.

22Aku tansah mbangun-turut apa sadhawuhé, sarta ora tau nyimpang saka dalan pitedahé.

23Prenatané kabèh wis daklakoni, dhawuhé ora ana sing dakblénjani.

24Gusti mirsa yèn aku ora gawé dosa, lan adoh saka tumindak ala.

25Gusti Allah ngganjar aku, sebab bener lakuku, aku ora duwé kaluputan, lan Gusti mirsa lelakonku.

26Tumrap tiyang setya, Paduka ugi setya, tumrap tiyang sampurna, kamirahan Paduka ugi sampurna.

27Tumrap tiyang suci, Pangéran ugi suci, nanging tiyang awon Paduka sisihi.

28Gusti mesthi nulungi tiyang ingkang lembah manah, nanging tiyang angkuh kaanggep nistha déning Allah.

29Dhuh Allah, Paduka pepadhang kawula, Paduka nyingkiraken pepeteng kawula.

30Kalayan Paduka kawula wantun nrejang grombolan, sareng Paduka, bètènging mengsah linumpatan.

31Gusti Allah iku sampurna pangrèhé, kena diprecaya sekabèhing janjiné. Tumrapé gegaman Gusti Allah minangka tetamèngé, kanggo wong sing precaya marang Panjenengané.

32Sebab ora ana Allah liya, kejaba mung Allah kita. Sapa sing ngayomi kita, kejaba mung Allah Mahakwasa?

33Allah iku bètèngku kang sentosa, nganthi lakuku slamet raharja.

34Sikilku kagawé kuwat kaya sikilé menjangan, kanthi rikat lakuku ing pegunungan.

35Aku dilatih Gusti kanggo perang, supaya gendhéwa sing rosa dhéwé kena dakpenthang.

36Gusti, kawula wilujeng wonten ing pengayoman Paduka, kawula dados kinurmatan krana saking Paduka.

37Kawula Paduka jagi supados jangkah kawula tetep teguh, kawula Paduka pirsani ngantos mboten naté kéguh.

38Kawula oyak mengsah kawula lan kawula kawonaken tiyang-tiyang menika, kawula mboten mantuk sadèrèngipun sami lebur sedaya.

39Kawula banting tiyang-tiyang menika ngantos mboten saged tangi, ing sangajenging suku kawula tiyang-tiyang menika ambruk mecati.

40Kawula Paduka paringi kekiyatan kanggé perang. Paduka telukaken mengsah kawula ngantos kawula menang.

41Mengsah kawula Paduka damel keplajeng nyingkiri kawula, kawula tumpes tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhateng kawula.

42Sami sambat-sambat, nanging mboten wonten bantuan, sami nyuwun tulung dhateng Gusti, nanging mboten kaparingan wangsulan.

43Kawula remuk tiyang-tiyang menika dados lebuning bumi, kawula idak-idak tiyang-tiyang menika kados blethok ing mergi.

44Kawula Paduka uwalaken saking bangsa kawula ingkang duraka, kawula Paduka dadosaken pangwasané bangsa-bangsa. Bangsa ngamanca ing wekdal menika, samenika dados andhahan kawula.

45Tiyang manca teluk saha sujud dhateng kawula, sami mbangun-turut samasa mireng préntah kawula.

46Tiyang-tiyang menika kécalan sedaya kekendelanipun, sarta kanthi gemeter medal saking bètèngipun.

47Gusti Allah gesang! Pinujia tetamèngku! Kamulyakna Allah kang kuwat, Juru Slametku!

48Panjenengané sing males pialané mungsuhku, sarta nelukaké para bangsa ing ngarepanku.

49Kawula Paduka uwalaken saking tengahing mengsah, ingkang ambek siya, kawula Paduka paringi kaunggulan tumrap mengsah kawula.

50Milanipun kawula puji Allah ing antawisipun para bangsa. Kawula lagokaken kidung saha Masmur kagem Ingkang Mahakwaos.

51Gusti Allah tansah maringi kaunggulan marang raja saka mungsuhé. Sih-rahmaté tetep marang raja pilihané, marang Dawud lan turuné, ing selawas-lawasé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel