Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 19 >> 

1Kecrita nalika Yosafat, raja Yéhuda wis rawuh ing dalemé ing Yérusalèm kanthi slamet,

2ana nabi aran Yéhu bin Hanani sowan. Aturé nabi mau marang Yosafat, "Menapa pantes panjenengan mbiyantu dhateng tiyang awon sarta mihak dhateng tiyang ingkang sengit dhateng Pangéran? Pendamel panjenengan menika njalari Pangéran duka dhateng panjenengan.

3Éwasemanten panjenengan inggih nindakaken prekawis ingkang saé. Panjenengan sampun nyingkiraken recanipun Dèwi Asyéra sedaya, ingkang dipun sembah déning rakyat, lan panjenengan sampun nglampahi kersanipun Allah."

4Raja Yosafat dedalem ing Yérusalèm, nanging uga asring tindak-tindak ing antarané wong akèh ndlajahi satanah Yéhuda kabèh, dhawuh marang rakyat supaya padha bali nyembah marang Pangéran, Allahé para leluhuré.

5Saben kutha sing ana bètèngé didegi hakim.

6Hakim-hakim mau padha dingandikani mengkéné, "Padha tumindaka klawan wicaksana, merga enggonmu ngadili kuwi ora atas jenengé manungsa, nanging atas asmané Pangéran. Panjenengané nenggani enggonmu mutusaké prekara.

7Kowé kudu padha sumuyud marang Allah, lan tumindak klawan ngati-ati, merga Pangéran Allah kita sengit marang laku nasar. Panjenengané ora mbédak-mbédakaké wong lan ora nampèni besel."

8Raja Yosafat uga ngangkat hakim-hakim ing Yérusalèm saka ing antarané wong Lèwi, para imam lan tokoh-tokoh masarakat. Hakim-hakim mau kudu mutusi prekara-prekara sing nglanggar karo prenatané Pangéran lan prekara-prekara liyané.

9Raja Yosafat ndhawuhi hakim-hakim mau mengkéné, "Padha nglakonana pegawéanmu klawan wedi-asih marang Allah, dhawuhé lakonana.

10Yèn ana pepadhamu hakim saka kutha liya padha takon bab prekara-prekara raja-pati, paneraking undhang-undhang utawa paneraking prenataning Pangéran, padha tuturana. Srana mengkono wong-wong mau padha ora kesalahan marang Pangéran, lan Pangéran iya ora bakal duka marang kowé lan marang wong-wong mau. Tembungku iki lakonana, supaya kowé ora kesalahan.

11Imam agung Amarya dakwènèhi pangwasa sing gedhé dhéwé ing ngatasé sakèhing prekara sing ana gandhèng-cènèngé karo dhawuhé Allah. Zebaya bin Ismaèl, gubernur Yéhuda, dakwènèhi pangwasa sing gedhé bab sakèhing prekara liyané. Wong Lèwi padha tanggung jawab bab kelakoné sakèhing putusané pengadilan. Pituduh-pituduh iki lakonana lan tumindakna sing tegas. Pangéran mesthi mitulungi wong sing bener lakuné!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel