Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 33 >> 

1Nalika Manasyè dadi raja ing Yérusalèm yuswané rolas taun lan lawasé dadi raja 55 taun.

2Manasyè gawé dosa ing ngarsané Allah, merga manut padatan-padatan ala sing dilakoni déning para bangsa sing ditundhung déning Pangéran saka tanah Kenaan, nalika wong Israèl mlebu ing tanah kono.

3Panggonan-panggonan panyembahané brahala sing biyèn digempur déning Raja Hizkia, ramané, dibangun menèh. Manasyè yasa mesbèh-mesbèh kanggo nyembah Baal, lan gawé reca-recané Dèwi Asyéra. Kejaba kuwi Manasyè uga nyembah marang lintang-lintang.

4Pangéran wis ngandika yèn Yérusalèm kuwi selawasé dadia papan pamujan marang Allah, nanging Raja Manasyè yasa mesbèh-mesbèh ana ing Pedalemané Allah kanggo déwa-déwa.

5Ing platarané Pedalemané Allah karo pisan Manasyè ngedegaké mesbèh-mesbèh kanggo nyembah marang lintang-lintang.

6Malah putra-putrané digawé kurban obongan marang para déwa ana ing Lebak Ben-Hinom. Manasyè iya nindakaké ilmu tenung, ilmu nujum, ilmu gaib lan njaluk pituduh marang roh-roh. Kuwi kabèh dosa gedhé ana ing ngarsané Allah, mulané gawé dukané Allah.

7Reca-recané brahala didokokaké ana ing Pedalemané Allah, mangka bab Pedaleman mau Allah wis ngandika marang Dawud lan marang Suléman, putrané, "Yérusalèm wis Dakpilih saka ing antarané wilayahé bangsa Israèl rolas taler. Lan Aku wis netepaké kanggo selawasé yèn umat-Ku Israèl kudu ngibadah marang Aku ana ing Pedaleman-Ku ing kutha kuwi.

8Yèn umat Israèl netepi sakèhé dhawuh-Ku lan nglakoni prenatan-Ku sing Dakparingaké lantaran Musa, abdi-Ku, Aku bakal ora négakaké bangsa mau ditundhung saka ing tanah sing wis Dakparingaké marang para leluhuré."

9Manasyè njalari rakyat Yéhuda gawé dosa, ngluwihi dosané bangsa-bangsa Kenaan sing dhèk biyèn ditundhung déning Pangéran nalika umaté Allah mlebu ing tanah kono.

10Gusti Allah ngémutaké marang Manasyè lan rakyaté, nanging padha ora dirèwès.

11Mulané Pangéran nuli nekakaké para panglimané tentara Asyur ngrebut tanah Yéhuda. Manasyè dicekel lan guluné ditalèni, tangané diblenggu, banjur dituntun menyang tanah Babil.

12Sajroné nandhang sangsara mau Manasyè ngasoraké awaké ana ing ngarsané Allah, lan ndedonga nyuwun pitulungan.

13Allah miyarsakaké pandongané lan ngulihaké Manasyè menyang Yérusalèm, dadi raja menèh. Merga anané kaanan mau Manasyè yakin temenan yèn Pangéran kuwi Allah.

14Sawisé mengkono Manasyè ndhuwuraké témboké njaban kuthané Dawud sing sisih Wétan. Miwiti saka lebak sacedhaké Etuk Gihon, mengalor tekan lawangé Gapura Iwak lan pérangané kutha sing disebut Ofèl. Saben kutha ing Yéhuda sing ana bètèngé ana panglimané.

15Reca-reca brahalané bangsa Kenaan disingkiraké kabèh, mengkono uga reca-reca sing ana ing Pedalemané Allah. Mesbèh-mesbèh brahala sing ana ing gunung panggonan Pedalemané Allah, digempur, semono uga sing ana ing papan-papan liya ing Yérusalèm. Kabèh digawa menyang sanjabané kutha, nuli dibuwang.

16Manasyè uga ndandani mesbèh Pangéran lan ana ing mesbèh kono nyaosaké kurban keslametan lan kurban sukur. Wong Yéhuda kabèh banjur didhawuhi nyembah marang Pangéran, Allahé Israèl.

17Senajan rakyat isih padha nyaosaké kurban ana ing papan-papan liya, nanging kurban mau konjuk marang Allah.

18Crita liyané bab Manasyè, pandongané marang Allah, pangandikané Allah lantaran para nabiné Pangéran, Allahé Israèl, kabèh wis kacathet ing Kitab Sejarahé Para Raja Israèl.

19Ing Kitab Sejarahé Para Nabi uga disebutaké pandongané Manasyè lan pangandikané Allah tumraping pandonga mau, mengkono uga dicritakaké bab dosa-dosané sadurungé mratobat, panggonan-panggonan sing dienggo nyembah brahala lan reca-recané Dèwi Asyéra sing digawé lan brahala-brahala sing disembah.

20Manasyè séda lan disarèkaké ana ing kedhaton. Amon, putrané, nggentèni dadi raja.

21Nalika dadi raja Yéhuda ana ing Yérusalèm Amon yuswa rolikur taun. Suwéné dadi raja rong taun.

22Ora béda karo ramané, Amon gawé dosa marang Allah, lan nyembah brahala sing disembah déning ramané.

23Nanging béda karo ramané, Amon ora ngasoraké awaké lan ora bali ngabekti ing Allah, malah dosané ngungkuli ramané.

24Para pegawéné Amon padha sekuthon nglawan panjenengané, nganti Sang Prabu disédani ana ing kedhatoné.

25Nanging wong-wong sing nyédani Raja Amon mau nuli gentèn dipatèni déning rakyat Yéhuda. Rakyat banjur ngangkat Yosia, putrané, dadi raja.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel