Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 6 >> 

1Raja Suléman nuli ndedonga, "Dhuh Pangéran, Paduka langkung rena dedalem ing salebeting méga ingkang peteng.

2Samenika kawula yasa gedhong minangka kedhaton, kagem Pedaleman Paduka ing selami-laminipun."

3Sawisé mengkono, Sang Prabu banjur minger ngadhepaké rakyat sing padha ngadeg ing kono, sarta nyuwunaké berkah marang Allah kanggo wong-wong mau.

4(6:4-6) Unjuké, "Rumiyin Paduka sampun naté janji dhateng bapak kawula Dawud mekaten, ‘Wiwit Aku ngirid umat-Ku metu saka tanah Mesir tekan sepréné, ora ana kutha ing Israèl siji waé sing Dakpilih dadi papan kanggo ngedegaké Pedaleman kanggo Aku, lan ora ana wong siji waé sing Dakpilih dadi pemimpiné Israèl. Nanging saiki Aku milih Yérusalèm dadi papané pangibadah marang Aku. Lan kowé, Dawud, Dakpilih mréntah umat-Ku.’ Pinujia Pangéran, Allahipun Israèl, ingkang sampun netepi janjinipun menika!"

5(6:4)

6(6:4)

7Sabanjuré Suléman ngandika, "Bapakku Dawud wis ngrancang arep yasa papan pangibadah kagem Pangéran, Allahé Israèl.

8Nanging Allah ngandika marang Dawud, ‘Karepmu kuwi becik.

9Nanging dudu kowé, anakmu sing bakal yasa Pedaleman-Ku!’

10Saiki Pangéran wis netepi janjiné. Aku wis dadi raja ing Israèl, nggentèni bapakku, lan aku wis kelakon yasa papan pangibadah kagem Pangéran, Allahé Israèl.

11Ing Pedalemané Allah iki wis dakpapanaké Pethi Prejanjian isi lèmpèng watu sing katulisan prejanjiané Allah karo umat Israèl."

12(6:12-13) Suléman wis gawé panggung saka prunggu ing tengah plataran Pedalemané Allah. Dawané lan ambané 2,2 mèter, lan dhuwuré 1,3 mèter. Suléman minggah ing panggung lan jumeneng ngadhepaké rakyat lan mesbèh. Saben wong bisa nyawang panjenengané. Sawisé mengkono Suléman banjur sujud karo ngangkat astané karo pisan sarta ndedonga,

13(6:12)

14unjuké, "Dhuh Pangéran, Allahipun Israèl! Ing swarga menapa malih ing bumi mboten wonten Allah ingkang kados Paduka! Paduka sampun netepi janji Paduka sarta ngetingalaken sih Paduka dhateng umat Paduka ingkang setya lan mbangun-turut kalayan gumolonging manah dhateng Paduka.

15Paduka sampun netepi janji Paduka dhateng bapak kawula Dawud. Ing dinten menika saben tembung ingkang Paduka ngandikakaken sampun kelampahan sedaya.

16(6:16-17) Paduka ugi sampun janji dhateng bapak kawula, bilih samasa anak-turunipun mbangun-turut saèstu dhateng dhawuh-dhawuh Paduka kados bapak kawula, temtu tansah wonten salah setunggal ing antawisipun anak-turunipun ingkang dados raja ing Israèl. Samenika dhuh Pangéran, Allahipun Israèl, kawula nyuwun mugi samukawis prekawis ingkang Paduka janjèkaken dhateng bapak kawula Dawud, abdi Paduka, menika Paduka leksanani ugi.

17(6:16)

18Nanging, dhuh Allah, menapa inggih saèstu Paduka kersa dedalem ing bumi menika, sesarengan kaliyan manungsa? Jagad raya menika sedaya rak kirang jembar kagem Paduka, menapa malih Dalem Pamujan ingkang kawula yasa menika!

19Dhuh Pangéran, Allah kawula, kawula menika namung abdi wonten ing ngarsa Paduka! Éwasemanten kersaa miyarsakaken pandonga kawula, dhuh Pangéran, Allah kawula, sarta kersaa nyembadani panyuwun kawula.

20(6:20-21) Paduka mugi kersa ngreksa rinten lan dalu Dalem Pamujan ingkang sampun Paduka piji kagem Paduka menika, saha saking Pedaleman Paduka ing swarga miyarsakaken sarta paring pangapunten dhateng kawula saha umat Paduka, samasa kawula sami sowan ngéblat dhateng Pedaleman menika lan ndedonga dhateng Paduka.

21(6:20)

22Menawi wonten tiyang ingkang kadakwa damel kalepatan dhateng tiyang sanès, lajeng dipun bekta dhateng mesbèh Paduka ingkang wonten ing Pedaleman Paduka ing ngriki lajeng sumpah bilih piyambakipun mboten lepat,

23dhuh Allah, mugi Paduka saking swarga miyarsakaken sarta mutus prekawisipun para abdi Paduka wau. Ingkang lepat mugi kaukum lan ingkang leres mugi kabébasaken.

24Menawi umat Paduka Israèl kawon perang kaliyan mengsah-mengsahipun mergi nglampahi dosa, mangka lajeng sami nyuwun pitulungan Paduka, sarta sami sowan ing Pedaleman Paduka ngriki kanthi ngasoraken manahipun nyuwun ngapunten dhateng Paduka,

25mugi Paduka saking swarga kersa miyarsakaken. Mugi tumunten kersa ngapunten dhateng dosanipun umat Paduka wau, sarta ngirid piyambakipun wangsul dhateng negari ingkang sampun Paduka paringaken dhateng leluhuripun.

26Menawi Paduka mboten paring jawah, mergi umat Paduka sami nglampahi dosa ing ngarsa Paduka, mangka lajeng sami mratobat sarta sowan arahipun dhateng Pedaleman menika kanthi ndedonga kalayan ngasoraken manahipun wonten ngarsa Paduka,

27dhuh Allah ing swarga, mugi kersaa miyarsakaken pandonganipun. Dosanipun umat Israèl wau mugi Paduka apunten, sarta mugi Paduka wulang nglampahi menapa ingkang leres. Sesampunipun mekaten, dhuh Allah, kersaa maringi jawah ing negari Paduka menika, inggih negari ingkang Paduka paringaken dhateng umat Paduka dados pusakanipun ing selami-laminipun.

28Menawi negari menika ngalami paceklik utawi pageblug, utawi menawi taneman sami risak mergi déning angin bentèr utawi mergi dipun tedha walang, utawi menawi umat Paduka dipun lurugi perang déning mengsah, utawi kedhatengan sesakit,

29mugi Paduka kersa miyarsakaken pandonganipun. Menawi wonten tiyang ing antawisipun umat Paduka Israèl nandhang sedhih mangka lajeng ndedonga dhateng Paduka srana ngangkat tangan arahipun dhateng Dalem Pamujan menika,

30mugi Paduka saking Pedaleman Paduka ing swarga kersa miyarsakaken sarta paring pangapunten saha paring pitulungan. Namung Paduka piyambak ingkang pirsa manahipun manungsa. Pramila kersaa maringi dhateng saben tiyang miturut lampahipun,

31supados umat Paduka sami ajrih lan nglampahi dhawuh Paduka, selaminipun sami manggèn ing negari ingkang Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula.

32Menawi wonten tiyang manca ing negari tebih, ingkang mireng bab kaluhuran lan pangwaos Paduka, sarta bilih Paduka tansah siaga paring pitulungan, mangka tiyang wau lajeng sowan ing Dalem Pamujan menika ndedonga dhateng Paduka,

33mugi Paduka saking swarga kersa miyarsakaken dhateng pandonganipun, sarta ngleksanani panyuwunipun. Mekaten wau supados umat Israèl, semanten ugi sedaya bangsa ing donya sami tepang dhateng Paduka sarta sumuyud dhateng Paduka, tuwin ngertos, bilih Dalem ingkang kawula yasa menika Dalem Pamujan kagem Paduka.

34Menawi Paduka ndhawuhaken umat Paduka nglurug perang nglawan mengsah wonten ing pundi kémawon, lajeng sami ndedonga arahipun dhateng Dalem Pamujan ingkang kawula yasa kagem Paduka menika,

35mugi Paduka saking swarga kersa miyarsakaken pandonganipun, tuwin paring kemenangan dhateng piyambakipun.

36Menawi umat Paduka nglampahi dosa ing ngarsa Paduka !!— saleresipun mboten wonten tiyang setunggal kémawon ingkang mboten nglampahi dosa !!— mangka lajeng Paduka tégakaken ngantos kakawonaken déning mengsah sarta dipun tawan, kaboyong dhateng negari ingkang tebih utawi celak,

37(6:37-38) mangka wonten ing negari wau piyambakipun kalayan éklas sami mratobat sarta nilar dosa-dosanipun kanthi ndedonga dhateng Paduka, madhep dhateng negari, ingkang Paduka paringaken dhateng leluhur kawula, saha arahipun dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih menika, tuwin Dalem Pamujan ingkang sampun kawula yasa kagem Paduka menika,

38(6:37)

39mugi saking dalem Paduka ing swarga, Paduka kersa miyarsakaken dhateng pandonganipun sarta paring sih-piwelas. Mugi kersa ngapunten sekathahing dosanipun umat Paduka.

40Samenika, dhuh Allah kawula, kersaa menggalih dhateng kawula sarta miyarsakaken pandonga ingkang kawula unjukaken saking papan menika.

41Kersaa jumeneng, dhuh Allah! Lan sesarengan kaliyan Pethining Prejanjian ingkang dados lambanging pangwaos Paduka, mlebet ing Dalem Pamujan menika, sarta dedalem ing ngriku selami-laminipun. Mugi kersa mberkahi pedamelanipun para imam Paduka, lan mugi sedaya umat Paduka ngalami karaharjan, awit saking berkah Paduka.

42Dhuh Pangéran, pandonganipun raja ingkang sampun Paduka pilih menika mugi sampun ngantos Paduka tampik."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel