Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amos 2 >> 

1Pangandikané Pangéran mengkéné, "Bangsa Moab enggoné gawé dosa wis marambah-rambah, mulané mesthi bakal Dakukum. Bangsa mau wis ngina balung-balungé raja Édom, merga ngobongi balung-balung mau nganti dadi awu.

2Aku bakal nekakaké geni ana ing tanah Moab lan ngobong bètèng-bètèngé kutha Kériot. Wong Moab bakal mati ing satengahing peprangan, bareng karo swarané prejurit sing padha pating brengok lan swaraning slomprèt.

3Rajané Moab bakal nemahi pati, semono uga penggedhéné negara kono kabèh."

4Pangandikané Pangéran mengkéné, "Wong Yéhuda enggoné gawé dosa bola-bali, mulané mesthi bakal Dakukum. Wong-wong mau padha nampik piwulang-Ku lan padha ora netepi pepakon-Ku. Padha gelem disasaraké déning para brahala sing biyèn disembah déning para leluhuré.

5Mulané Aku bakal nekakaké geni ing Yéhuda, lan ngobong bètèng-bètèngé Yérusalèm nganti tapis."

6Pangandikané Pangéran mengkéné, "Bangsa Israèl marambah-rambah gawé dosa, mulané mesthi bakal Dakukum. Wong mursid sing ora bisa nyaur utangé padha diedol, mengkono uga wong mlarat mbayar regané sandhal sepasang waé ora bisa.

7Wong sèkèng lan wong sing tanpa kekuwatan padha diidak-idak. Wong miskin padha disasaraké. Bapak lan anaké lanang padha-padha nuroni batur-tukon wadon siji, lan srana mengkono padha nyewiyah kasucèn-Ku.

8Ing saben panggonan sing dienggo ndedonga padha slèmèkan sandhangané wong miskin sing digadhèkaké marang wong mau. Ana ing Pedalemané Allahé wong mau padha ngombé anggur, sing dijupuk saka wong-wong sing utang marang wong mau.

9Mangka iya merga kowé Aku wis numpes bangsa Amori, sing dedegé gedhé dhuwur kaya wit èrès lan rosané kaya wit élon.

10Kowé Dakirid metu saka tanah Mesir. Dakkanthi ana ing ara-ara samun nganti patang puluh taun lawasé, sarta Dakparingi tanahé wong Amori dadi duwèkmu.

11Ing antarané anak-anakmu lanang ana sawetara sing Dakpilih dadi nabi, lan ana nonoman sing dadi nasir, apa ora mengkono, hé Israèl? Mengkono pangandikané Pangéran.

12Nanging para nasir padha kokkon ngombé anggur lan para nabi kokpenging medhar wangsit sing ditampa saka Aku.

13Mulané saiki kowé bakal Dakiles-iles ing lemah, nganti kowé bakal sesambat pating krengkèt kaya grobag sing kabotan momotan gandum.

14Senajan wong sing banter playuné bakal ora bisa oncat, lan wong rosa bakal kélangan karosané sarta para prejurit bakal ora bisa nylametaké awaké dhéwé.

15Prejurit panahan bakal ora bisa tahan, wong sing rikat playuné bakal ora bisa ngoncati, sarta prejurit jaranan uga ora bisa ngluwari awaké dhéwé.

16Ing dina kuwi wong sing kendel dhéwé bakal mbuwang gegamané lan mlayu ngungsi. Mengkono pangandikané Pangéran."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amos 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel