Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amos 5 >> 

1Padha rungokna hé Israèl! Kidung patangisané wong mati sing Dakkidungaké kanggo kowé:

2Israèl kuwi putri sing tiba, lan ora bisa tangi menèh! Nggléthak ana ing lemah, mangka ora ana sing nangèkaké.

3Pangandikané Pangéran Kang Mahaluhur mengkéné, "Ana kutha ing Israèl nglurug perang, nggawa tentara sèwu, nanging sing bali mung wong satus. Kutha liyané nggawa tentara satus, nanging sing bali mung sepuluh."

4Pangandikané Pangéran marang wong Israèl, "Kowé nggolèkana Aku, temah kowé bakal urip.

5Aja ngabekti marang Aku ing Bèrsyéba utawa nggolèki Aku ana ing Bètèl. Bètèl kuwi dudu apa-apa. Aja menyang Gilgal !!— wong ing Gilgal bakal mati ing pembuwangan."

6Padha nggolèkana Pangéran, temah kowé bakal urip. Yèn kowé ora nggolèki Panjenengané, Panjenengané bakal ngrawuhi kowé kaya geni sing ngebyuki umat Israèl. Geni mau bakal ngobong wong-wong ing Bètèl, lan ora ana wong sing bakal bisa nyirep.

7Kowé wis ketiban paukuman, merga kowé wis nylèwèngaké keadilan lan nasaraké wong saka dalan sing bener!

8Pangéran kang yasa lintang-lintang !!— lintang Wuluh lan lintang Luku. Panjenengané sing malik awan dadi bengi, lan bengi dadi awan. Panjenengané sing nimbali banyuné segara, nuli diesokaké ana ing bumi. Asmané kasebut: Pangéran.

9Panjenengané sing ngrusak wong kwasa sarta sabètèng-bètèngé pisan.

10Kowé padha sengit marang wong sing mbélani kabeneran ana ing pengadilan sarta ngucapaké tembung sing sanyatané.

11Wong miskin padha kokidak-idak, gandumé padha karampog. Mulané kowé bakal ora manggon ana ing omahmu sing kokbangun nganggo watu becik utawa ngombé anggur tanduranmu saka kebon anggurmu sing nyenengaké.

12Ngertia sepira gedhéné dosa-dosamu lan sepira akèhé pialamu sing wis koktindakaké. Wong mursid padha kokkuya-kuya, kowé nampani suap lan nyegah wong miskin olèh kabeneran ana ing pengadilan.

13Mulané ing mangsa sing ala mengkono, sing becik dhéwé yèn meneng waé!

14Padha nggolèka prekara sing becik, aja sing ala, supaya kowé urip, sarta Pangéran Kang Mahakwasa bakal nunggil karo kowé temenan, kaya sing dadi kandhamu.

15Piala sengitana lan kabecikan raketana, sarta kabeneran bakal unggul ana ing pengadilan. Mbokmenawa Pangéran rentah welasé marang wong-wong kekarèné umaté sing isih padha urip.

16Pangéran Allah Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Ing lurung-lurunging kutha bakal keprungu pesambat lan panangisé wong sing mèlu sambat-sambat, nangisi wong sing mati, bebarengan karo tukang tangis bayaran.

17Ing kebon anggur ngendi-endi bakal keprungu swarané wong sing padha sesambat. Iki kabèh bakal kelakon, merga Aku bakal teka ngukum kowé. Mengkono pangandikané Pangéran."

18Saiba gedhéning cilakamu sing padha ngarep-arep tekané dinané Pangéran. Apa gunané dina mau kanggoné kowé? Kanggoné kowé dina mau bakal peteng, ora padhang.

19Mungguh ing kowé dina kuwi ibaraté wong sing mlayu ngoncati singa, jebul kepethuk bruwang! Utawa kaya wong sing tekan omah, cekelan témbok, jebul tangané dicokot ula!

20Dinané Pangéran kuwi bakal nekakaké pepeteng, dudu pepadhang. Dina sing surem tanpa cahya.

21Pangandikané Pangéran mengkéné, "Aku gething karo dina-dinamu riaya. Aku ora rena ing penggalih!

22Samasa kowé padha ngunjukaké kurban obongan lan kurban dhaharan, bakal ora Daktampa. Kurbanmu kéwan lemon bakal Daktampik.

23Mandhega enggonmu menyanyi ramé. Aku ora butuh ngrungokaké swaraning rebabmu.

24Kosokbaliné keadilan padha golèkana, supaya lubèr kaya ilining banyu, lan kabeneran kaya kali sing ora tau garing.

25Hé wong Israèl, sajroning patang puluh taun Aku nuntun kowé metu segara wedhi, Aku ora tau mundhut kurban sembelèhan utawa kurban dhaharan.

26Nanging saiki bareng kowé padha nyembah recané Sakkut, rajaning brahalamu, lan Kaiwan, déwané lintang, kowé kudu tetep nggawa reca-recamu mau.

27Yakuwi samasa kowé Dakbuwang ing tanah adoh saka Damsyik. Mengkono pangandikané Pangéran, sing asmané kasebut: Allah Kang Mahakwasa."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amos 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel