Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 11 >> 

1Gusti Allah sengit karo timbangan sing goroh. Panjenengané rena karo timbangan sing bener.

2Wong angkuh bakal nandhang kwirangan. Kawicaksanan mono lakuné andhap-asor.

3Wong mursid katuntun déning katemenané, nanging wong cidra tiba merga déning kelakuané dhéwé.

4Samasa ngadhepaké pati kasugihan ora maédahi, nanging katemenan bisa ngentas uripmu saka pati.

5Kejujuran nggancaraké urip, nanging wong duraka bakal tiba merga saka durakané dhéwé.

6Wong mursid kapitulungan déning kejujurané, nanging wong cidra kejiret déning kadursilané dhéwé.

7Wong duraka samasa mati, pengarep-arepé mèlu mati. Ngendelaké kasugihan ora ana paédahé.

8Wong mursid kaedohaké saka karubedan; wong duraka sing nggentèni nandhang karubedané.

9Tembungé wong duraka ngrusak uripé pepadhané, nanging kawicaksanané wong mursid ngentas uripé pepadhané.

10Kabegjané wong mursid nekakaké kabungahan marang wong sanegara; samasa wong duraka tumpes, kabèh wong padha giyak-giyak.

11Sawabé wong temen ndadèkaké kaluhurané negara; nanging tembungé wong duraka gawé rusaké.

12Sing sapa ngrasani ala pepadhané kuwi wong tanpa budi; wong sing wicaksana kuwi meneng waé.

13Wewadi aja kokkandhakaké marang wong sing dhemen ngrasani ala pepadhané, nanging kandhakna marang wong sing kena diprecaya.

14Negara bakal ambruk yèn ora ana sing nuntun; penaséhat akèh marakaké kasantosané.

15Sing sapa nanggung wong sing dudu kenalané bakal getun; luwih becik menawa kowé ora mèlu-mèlu ngurusi wong mau.

16Somah sing merak ati kuwi marakaké kajèn, nanging wong wadon sing ala wataké gawé wirang. Wong kesèd selawasé ora nyekel dhuwit, nanging wong sregep dadi sugih.

17Wong ambek welasan kuwi gawé becik marang awaké dhéwé; nanging wong tegelan gawé susahé awaké dhéwé.

18Wong duraka ora olèh apa-apa, nanging wong sing nyebar kabeneran mesthi olèh ganjaran.

19Kamursidan nuntun marang urip, nanging wong sing mburu piala nggolèki pati.

20Gusti Allah sengit karo wong sing ngrancang piala, nanging asih marang wong sing nglakoni kabeneran.

21Kena dipesthèkaké yèn wong ala bakal kaukum, lan wong becik bakal luwar saka paukuman.

22Wong wadon ayu sing sepi ing kasusilan kuwi presasat gelang emas ing cunguré babi.

23Angen-angené wong mursid ngetokaké kabecikan, nanging pengarep-arepé wong duraka nekakaké paukumané Gusti Allah.

24Ana wong sing nanjakaké bandhané tanpa dipikir, éwasemono mundhak sugih, ana sing ngirit banget, éwasemono uripé tansah kecingkrangan.

25Wong sing loma kaganjar kalubèran; wong sing dhemen tetulung bakal olèh pitulungan.

26Wong sing nyimpen gandumé supaya olèh rega luwih dhuwur, diipat-ipati wong akèh, nanging wong sing ngedol gandumé dialem.

27Sing sapa gawé becik, bakal kajèn ing wong; nanging sing nyebar piala bakal ketaman bilai.

28Sing sapa ngendelaké kasugihané bakal rontog kaya godhong ing mangsa bedhidhing, nanging wong mursid bakal ngrembuyung kaya wit ing mangsa rendheng.

29Sing sapa ora ngopèni brayaté, wekasané bakal ora olèh apa-apa. Wong bodho kuwi dadi baturé wong pinter.

30Wohing kamursidan kuwi urip; lan wong wicaksana nggèndèng wong liya marang kabecikan.

31Yèn wong mursid nampa ganjarané ana ing bumi, méndahané menèh wong duraka lan wong dosa mesthi bakal nampa paukumané ana ing bumi uga.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel