Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 16 >> 

1Manungsa bisa ngrancang-ngrancang ing sajroning ati, nanging tembung sing diucapaké kuwi asalé saka Allah.

2Wong ngarani yèn apa sing dilakoni kuwi bener, nanging Allah pirsa panimbang-nimbanging ati.

3Sakèhé rancanganmu suwunna berkah marang Allah, mula sedyamu bakal keturutan.

4Samubarang sing dititahaké déning Allah kuwi ana karepé dhéwé-dhéwé, mengkono uga wong duraka mesthi ngalami karusakan.

5Wong angkuh disengiti déning Allah, wong mau bakal ora luput saka paukuman.

6Sing tresna lan setya marang Allah, kaluputanmu mesthi bakal diapura; mbangun-turuta marang Allah, temah kowé bakal diedohaké saka bilai.

7Wong sing tansah nindakaké dhawuhé Allah, senajan satruné dirukunaké karo wong mau.

8Hasil sethithik nganggo cara sing bener kuwi luwih becik, ketimbang karo pametu akèh srana patrap sing ora jujur.

9Atiné manungsa ngrancang-ngrancang dalané, nanging Allah sing netepaké arahé tumindaké.

10Putusan sing didhawuhaké déning Sang Prabu kuwi kawangsit déning Allah, mula ora bisa salah.

11Gusti Allah ngersakaké timbangan lan ukuran sing bener, semono uga dol-tinuku kudu kanthi jujur.

12Penggawé ala mesthi ditampik déning Sang Prabu, merga keadilan kuwi gawé sentosané pepréntahané.

13Wong sing matur sabarèsé gawé renaning penggalihé Sang Raja; wong sing mengkono mau dikasihi.

14Wong wicaksana ngarah supaya Sang Raja rena penggalihé, sebab yèn nganti duka bisa nekakaké bilai.

15Sihé Sang Raja kuwi kaya mendhung sing nekakaké udan ing mangsa semi, kamirahané kaya pepadhang sing nguripi.

16Kawicaksanan kuwi ajiné ngungkuli emas, lan pangertèn ajiné ngungkuli slaka.

17Dalané wong mursid ngedohi piala, sapa sing lakuné kanthi prayitna, ngreksa marang nyawané.

18Piangkuh kuwi nuntun marang karusakan, lan wong gemedhé bakal ambruk.

19Becik kanthi andhap-asor amor karo wong cilik, ketimbang karo ngedum jarahan karo wong gemunggung.

20Sing sapa nggatèkaké marang pangandikané Allah binerkahan, mula begja wong sing kumandel marang Allah.

21Wong sing wicaksana ngerti marang kaanan lan tembungé sing alus marakaké wong dadi yakin.

22Kawicaksanan kuwi sumberé urip tumraping wong sing nduwèni, nanging wong tanpa budi disiksa merga saka bodhoné.

23Wong wicaksana mikir sadurungé ngucapaké tembung; mula njalari apa sing diucapaké saya ngyakinaké.

24Tembung sing sedhep kuwi kaya talaning madu, kepénak dirasakaké ana ing ati, lan becik kanggo kuwarasaning awak.

25Ana dalan sing dikira bener, mangka nyatané anjog ing pati.

26Ngelihing weteng njalari buruh nyambut-gawé keras, merga kepéngin maregi wetengé.

27Wong duraka golèk dhadhakan natoni atiné liyan, tekan tembungé pisan ngobong kaya geni.

28Wong goroh njalari tukar-padu, lan srana wewadul misahaké wong memitran.

29Wong sing seneng ngrodha-peksa nasaraké pepadhané, lan padha dituntun marang karusakan.

30Sing ngati-ati karo wong sing nglirik kowé karo kedhap-kedhèp; wong mau duwé karep ala karo kowé.

31Umur dawa kuwi ganjarané wong sing mursid lakuné, rambut putih minangka makuthané.

32Wong sing sabar ing ati kuwi ngungkuli pahlawan, lan wong sing bisa ngendhalèni awaké ngungkuli wong sing nelukaké negara.

33Undhi dianakaké kanggo meruhi kersaning Allah, nanging Allah piyambak sing paring wangsulan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel