Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 17 >> 

1Luwih becik sega garing saemplokan karo ati sing tentrem, ketimbang karo mangan iwak saméja karo tukar-padu.

2Batur sing wicaksana bakal ngopèni momongané sing gawé wirang, lan bakal nampa warisan bareng karo sedulur-seduluré momongan mau.

3Emas lan slaka diuji nganggo geni, déné atiné manungsa diuji déning Allah.

4Wong ala nggatèkaké gagasan-gagasan sing ala, wong cidra nanggapi tembungé wong goroh.

5Sing sapa moyoki wong miskin, kuwi ngala-ala karo sing nitahaké. Wong sing bungah merga bilai sing dialami déning liyan, ora luput saka paukuman.

6Wong tuwa ngegungaké putuné, kaya déné anak ngegungaké bapakné.

7Wong sing kajèn-kéringan ora patut menawa goroh, lan wong tanpa budi ora patut menawa ngucapaké tembung sing muluk-muluk.

8Ana wong sing nganggep yèn besel kuwi sekti tumrap wong sing mènèhi, bisa ngolèhaké samubarang sing dikarepaké.

9Sing sapa kepéngin diraketi wong, kudu ngapura wong-wong sing gawé kaluputan marang wong mau. Ngubal-ubal prekara sing uwis-uwis, kuwi misahaké mitra.

10Kanggoné wong wicaksana diwelèhaké sepisan wis ngerti, nanging tumraping wong tanpa budi digebug ping satus durung ngerti.

11Wong ala mung arep gawé rerusuh, nanging pati bakal nekani wong mau kaya utusan sing ambek siya.

12Luwih becik kepregok karo bruwang sing kélangan anaké, ketimbang karo ketemu wong tanpa budi sing mbèbèraké bodhoné.

13Sing sapa males kabecikan nganggo piala, omahé bakal ora kendhat ketekan bilai.

14Miwiti grejegan kuwi kaya wong mbedhah bendungan, mulané ngundurana tukar-padu sadurungé ndadi.

15Sing sapa mbeneraké wong ala lan ngukum wong sing ora kaluputan, disengiti déning Allah.

16Apa gunané wong tanpa budi ngetokaké ragad kanggo pasinaoné, wong mau rak ora waras pikirané.

17Mitra, selawasé ngétokaké katresnané, lan ing mangsa karibedan ngétokaké pasedulurané.

18Wong sing janji nanggung utangé liyan kuwi wong bodho.

19Wong sing dhemen tukaran kuwi seneng gawé panerak, sing sapa seneng umuk kuwi golèk karubedan.

20Sing sapa seneng ngapusi ora ngalami katentreman, wong sing goroh bakal cilaka.

21Sing sapa duwé anak tanpa budi bakal nandhang susah, lan bapakné wong bodho mau ora tau ngrasakaké kabungahan.

22Ati sing seneng kuwi obat sing mujarab, nanging ati semplah presasat pati sing tekané alon-alon.

23Hakim sing mélikan gelem nampani besel, supaya ndhoyongaké keadilan.

24Sing dituju wong pinter yakuwi tindak sing wicaksana, nanging wong sing tanpa budi pikirané nglambrang tekan ngendi-endi.

25Anak sing tanpa budi gawé prihatiné bapakné, lan kasusahané ibuné.

26Ora prayoga ndhendha wong sing lakuné bener, lan ora patut nggebugi wong luhur.

27Wong wicaksana ngampet tembungé, wong sing duwé kapinteran sarèh ing budi.

28Senajan wong bodho yèn meneng dianggep pinter, lan yèn ora guneman dianggep wicaksana.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel