Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 18 >> 

1Wong sing ndhéwé kuwi golèk senengé dhéwé; apa sing dianggep wong akèh bener, tumrapé dhèwèké salah.

2Wong sing tanpa budi ora preduli marang kawruh, senengé pamèr, ngaku yèn dhèwèké wong pinter.

3Dosa lan kwirangan kuwi tansah bebarengan. Sing sapa kélangan kaurmatan, nampa kanisthan minangka gantiné.

4Tembung kuwi bisa dadi sumberé kawicaksanan, jeroné kaya samodra lan seger kaya ilining kali.

5Ora prayoga mbeneraké wong salah lan nyalahaké sing bener ana ing pengadilan.

6Tembungé wong sing tanpa budi njalari grejegan, swarané bengok-bengok njaluk digebugi.

7Wong sing tanpa budi gawé sangsara awaké dhéwé, wong mau kejiret déning tembungé dhéwé.

8Panyatur ala kuwi énak rasané, wong padha seneng ngrungokaké.

9Wong kesèd kuwi panyambut-gawéné padha waé karo wong sing ngrusak.

10Gusti Allah mono presasat bètèng sentosa, dadi panggonané wong mursid ngungsi lan kaslametaké.

11Rumangsané wong sugih bandhané kuwi bètèngé, sing ngreksa dhèwèké kaya témbok sing dhuwur.

12Wong sing andhap-asor kinurmatan, nanging wong gemunggung nemu karusakan.

13Ngrungokna dhisik sadurungé kowé awèh wangsulan, yèn ora, kowé dianggep wong bodho lan asor.

14Kencenging ati kepéngin urip, njalari wong tahan nandhang lara, nanging wong sing kélangan semangaté, sapa sing arep mulihaké?

15Wong sing wicaksana tambah kawruhé, wong sing duwé pangertèn mburu kapinteran.

16Menawa kowé kepéngin ketemu karo penggedhé, nggawaa pisungsung, supaya rata dalanmu.

17Wong sing dhisik olèhé ngaturaké prekarané ana ing pengadilan, kuwi kaya-kaya sing bener, nganti lawané ngajokaké pitakonan kanggo nliti prekarané.

18Menawa ana penggedhé loro padha prekaran ana ing pengadilan, sing kanggo mutusaké prekarané undhian.

19Yèn kowé mitulungi liyan, wong kuwi bakal ngayomi kowé kaya témbok sing sentosa, nanging yèn atiné kokgawé serik, wong mau bakal ora gelem candhuk-lawung karo kowé.

20Wong kuwi uripé saka wohing tembungé.

21Tembungmu bisa gawé lestari utawa ngrusak uripmu. Dadi kowé kudu nanggung penggawéné ilatmu.

22Sing sapa nemu jodho kuwi wong begja, sarta wis olèh sih-kadarman saka Gusti Allah.

23Wong mlarat tembungé andhap-asor lan melas-asih, nanging wong sugih mangsuli nganggo tembung kasar.

24Ana memitran sing ora suwé umuré, nanging uga ana mitra sing kasetyané ngungkuli sedulur.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel