Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 19 >> 

1Luwih becik dadi wong miskin sing lakuné jujur, ketimbang karo wong tanpa budi sing goroh.

2Wong sing pethel ing gawé, nanging tanpa budi kuwi ora migunani sarta wong sing kesusu, gampang olèhé gawé kesalahan.

3Ana wong sing gawé ruginé awaké dhéwé merga bodhoné, banjur nyalahaké Gusti Allah.

4Wong sugih gampang olèh kanca akèh, nanging wong miskin gampang ditinggal déning kancané, sing cacahé mung sethithik.

5Sapa sing ngucapaké paseksi goroh ana ing pengadilan bakal diukum; wong mau bakal ora bisa ngéndhani.

6Akèh wong sing ngarah olèh sihé penggedhé; akèh wong sing ngaku memitran karo wong sing dhemen wèwèh.

7Wong miskin kuwi disengiti déning sedulur-seduluré kabèh, apa menèh para mitrané, padha ngedohi. Senajan ditututi lan diundang, kabèh wis ora ana.

8Sing sapa golèk kapinteran kuwi nresnani awaké dhéwé; menawa dipigunakaké, bakal nambahi kabegjané.

9Seksi goroh bakal nampa paukuman, sing nyebar goroh bakal katumpes.

10Wong tanpa budi ora patut urip mukti, padha kaya batur-tukon ora patut ngerèh penggedhé.

11Wong sing wicaksana ngendhalèni nepsuné, lan dialem merga ngapura wong sing gawé kaluputan marang wong mau.

12Dukané ratu kuwi presasat panggeroné singa, sih-palimirmané kaya udan sing dianti-anti.

13Anak sing tanpa budi kuwi ngentèkaké bandhané bapakné, lan rabi sing dhemen padu kuwi kaya payon sing trocoh ora lèrèn-lèrèn.

14Wong bisa olèh warisan omah lan bandha saka wong tuwané, nanging rabi sing wicaksana, mung Gusti Allah sing paring.

15Wong kesèd seneng turu terus, nanging wekasané bakal keluwèn.

16Sing sapa nglakoni dhawuhé Allah kaganjar umur dawa, nanging sing sapa nyepèlèkaké pangandikané bakal mati.

17Sing sapa nulungi wong miskin kuwi motangaké marang Allah; Panjenengané sing bakal nyaur.

18Anakmu perdinen wiwit cilik, yèn ora ateges kowé mèlu ngrusak anakmu mau.

19Wong sing cepak nepsuné bakal nanggung akibaté; yèn wis koktulung sepisan kepeksa kudu koktulungi saterusé.

20Ngrungokna marang rembug sing becik lan éling-élingen, supaya ing tembé dadi wicaksana.

21Wong bisa ngrancang samubarang, nanging kersané Allah sing kelakon.

22Wong sing srakah kuwi nistha, luwih becik dadi wong miskin ketimbang nglakoni goroh.

23Mbangun-turuta marang Allah, temah kowé bakal urip, marem, lan kalis ing bilai.

24Ana wong sing saka kesèdé suthik nglebokaké pangan ing cangkemé dhéwé.

25Wong keminter kudu diajar, supaya ngerti yèn isih ana prekara sing durung dingertèni. Wong sing wicaksana menawa dituduhaké salahé bakal ngrumangsani.

26Sing sapa naboki bapakné lan nundhung ibuné metu saka omahé kuwi anak sing nistha lan gawé wirang awaké dhéwé.

27Hé anakku, menawa kowé nampik marang pitutur, kowé bakal kélangan kawruh sing wis kokduwèni.

28Seksi sing ala kuwi ngrèmèhaké hukum; wong ala kepéngin ngrasakaké kanikmatané piala.

29Wong tanpa budi sing gemunggung kuwi pantes digitiki.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel