Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 22 >> 

1Jeneng sing becik kuwi ajiné ngungkuli kasugihan gedhé, ditresnani déning wong ajiné ngungkuli emas lan slaka.

2Wong sugih lan wong mlarat kuwi pinangkané padha, karo-karoné Gusti Allah sing nitahaké.

3Wong wicaksana weruh bilai sing arep nekani, banjur diéndhani; nanging wong tanpa budi ndlarung waé, lan wekasané getun.

4Ganjarané wong sing andhap-asor lan ngabekti marang Allah, kuwi kasugihan, kaurmatan lan umur dawa.

5Wong sing ngreksa uripé kuwi ngedohi jiret, sing dipasang ana ing dalané wong ala.

6Bocah wiwit cilik ajarana bab dalan sing prelu diambah; supaya tekan tuwa ora bakal nyimpang.

7Wong mlarat dadi budhaké wong sugih, lan wong utang dadi budhaké sing ngutangi.

8Wong sing nyebar panganiaya bakal ngentèni bilai, mula mandheg panganiayané.

9Wong sing seneng wèwèh marang wong mlarat bakal diberkahi, merga rejekiné dipangan bareng karo wong miskin.

10Wong sing angkuh kuwi singkirana, temah bakal ora ana grejegan, tukar-padu lan tuding-tudingan sing siji nyalahaké sijiné.

11Wong sing resik atiné lan alus tembungé, bakal dadi mitrané Sang Raja.

12Gusti Allah njaga lestariné kabeneran, srana ora nggapé tembungé wong goroh.

13Wong kesèd gawé alasan, "Ing njaba ana singa, aku dakana ing omah waé, mundhak aku ditubruk ana ing dalan."

14Laku jina kuwi upamané kaya luwangan. Wong sing diukum Gusti Allah kecemplung ana ing kono.

15Bocah mono wis lumrah yèn tumindaké tanpa budi, mariné menawa digitik srana pendidikan.

16Sing sapa atur-atur marang wong sugih lan nindhes wong miskin supaya olèh kauntungan kanggo awaké dhéwé, kuwi nekakaké kecingkrangan marang awaké dhéwé.

17Rungokna pituturé wong wicaksana; piwulangku iki gatèkna.

18Menawa koksimpen ing atimu lan kokcepakaké ing lambému, bakal gawé senengé atimu.

19Aku kepéngin supaya kowé duwé pengandel marang Allah, mulané bebasan iki dakkandhakaké marang kowé, iya marang kowé dhéwé.

20Aku wis nulis bebasan 30 kanggo kowé, isi kawruh lan pitutur bab apa sing diarani kabeneran.

21Prekara mau arep dakwulangaké marang kowé, iya marang kowé dhéwé, supaya samasa kowé didhawuhi nggolèki prekara endi sing bener, kowé bisa awèh wangsulan marang sing ndhawuhi.

22Aja golèk bathi saka wong miskin dupèh kowé bisa tumindak mengkono, lan aja golèk asil saka wong sing lagi kepèpèt enggoné prekaran ana ing pengadilan.

23Merga, Allah mbéla prekarané wong mau lan njabut nyawané wong sing ngrampas bandhané wong mau.

24Aja srawung karo wong sing cepak nepsu utawa sing brangasan,

25mundhak kowé ketularan wataké lan ora bisa uwal.

26Aja nanggung utangé wong liya.

27Yèn kowé ora bisa nyaur utangé bisa uga slèmèk sing kokturoni katut dilorod kanggo nyaur utangé.

28Pathok watesé lemahmu sing lawas aja kokunduraké, merga kuwi wis ditetepaké déning leluhurmu.

29Wong sing trampil lan pethel ing gawé bakal ngawula marang raja, ora marang wong asor.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel