Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 27 >> 

1Aja gemunggung mungguh dina sésuk, awit kowé ora ngerti apa sing bakal kelakon ing dina sésuk.

2Karebèn wong liya sing ngalem kowé, aja lambému dhéwé; karebèn wong sing kowé ora kenal waé, aja lambému dhéwé.

3Senajan watu lan pasir kuwi abot, nanging ora sepiraa yèn katandhing karo laraning ati merga saka penggawéné wong tanpa budi.

4Brangasan kuwi tegelan lan gawé rusak, nanging dudu apa-apa yèn katandhing karo cemburu.

5Becik pamelèh sing blaka, tinimbang katresnan sing ora dikétokaké.

6Mitra karepé apik, senajan kowé digebug, nanging menawa kowé dirangkul mungsuhmu, sing ngati-ati.

7Yèn kowé lagi wareg, senajan madu pisan koktampik; nanging yèn kowé ngelih, senajan pangan sing pait pisan rasané legi.

8Wong sing ana ing paran, kuwi kaya manuk sing ninggal susuhé.

9Ganda arum lan lenga wangi gawé senengé ati, nanging karubedan gawé bubrahing pikir lan ngilangaké tentreming ati.

10Aja lali karo mitramu lan mitrané bapakmu. Yèn ngalami karubedan aja njaluk tulung marang sedulur; tangga sing cedhak luwih becik tinimbang sedulur sing adoh.

11Hé anakku, tumindaka kanthi wicaksana, supaya seneng atiku, lan bisa mangsuli wong sing padha nacad aku.

12Wong wicaksana ngéndhani bilai sing arep nekani, nanging wong tanpa pikir malah methukaké.

13Sing sapa merga bodhoné nanggung utangé wong sing dudu kenalané, kuwi becik yèn barang-darbèké dirampas dienggo nanggung lunasé utang mau.

14Sing sapa isih ésuk umun-umun awèh salam karo mitrané nganggo swara sora nganti gawé kagèté, kuwi padha karo ngipat-ipati mitrané.

15Rabi sing crèwèt kuwi kaya payon trocoh ing mangsa udan.

16Sing sapa bisa gawé menengé, kuwi presasat bisa ngendheg angin utawa nggegem lenga.

17Wesi landhepé menawa diasah nganggo wesi; semono uga manungsa dadi pinter merga sesrawungan karo pepadhané.

18Sing sapa ngrumati wit anjir bakal mangan wohé, lan abdi sing nggematèni bendarané bakal diajèni.

19Sing sapa ngilo ing banyu weruh rupané, mengkono uga atiné manungsa kuwi nuduhaké watak-wataké wong mau.

20Pepénginané ati kuwi kaya donyané wong mati, ora kebak-kebak, tansah bisa ditambahi menèh.

21Emas lan slaka bisa diuji nganggo geni, nanging ala-beciké wong diukur nganggo penganggepé wong akèh.

22Wong sing tanpa pikir senajan ditutu awor karo gabah ana ing lesung, bodhoné ora bakal ilang.

23Wedhus lan raja-kayamu gematènana kalawan tliti;

24sebab kasugihan mono ora tetep; senajan bangsa pisan ora langgeng selawasé.

25Mulané nglumpukna damèn lan ngarita suket ing pèrèng-pèrènging gunung.

26Pakakna wedhusmu supaya wuluné kena koktenun kagawé klambi, lan wedhusmu lanang kena kokedol kanggo tuku lemah.

27Malah cukup kanggo panganmu lan pangané brayatmu sarta kanca-kancamu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel