Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 3 >> 

1Hé anakku, aja lali marang pituturku. Tansah élinga marang piwelingku bab apa sing kudu koklakoni.

2Piwulangku iki dadia mergané kowé kaparingan umur dawa lan tentrem rahayu.

3Katresnan lan kasetyan aja pisan-pisan koktinggal. Iku kalungna ing gulumu lan tulisen ing atimu.

4Menawa koktindakaké kowé bakal olèh sih ing ngarsané Allah lan ing ngarepé wong.

5Kumandela marang Allah kalawan gumolonging atimu, lan aja ngendelaké panemumu dhéwé.

6Ing salaku-lakumu ngakonana marang Allah, lan Panjenengané bakal nuduhaké kowé dalan sing bener.

7Aja rumangsa pinter dhéwé; mbangun-turuta marang Allah lan ngedohna piala.

8Yèn kowé tumindak mengkono, kowé bakal diayomi, lelaramu bakal diwarasaké lan perihé atimu diènthèngaké.

9Allah urmatana srana barang-darbèkmu, lan srana pametumu sing wiwitan.

10Srana mengkono, lumbungmu bakal kebak isiné, lan anggurmu bakal nganti lubèr-lubèr.

11Hé anakku, aja nampik pamerdiné Allah, gatèkna lan gawénen pepéling.

12Sapa sing dikasihi déning Allah diperdi, iya kaya bapak enggoné merdi marang anak sing ditresnani.

13Begja wong sing wicaksana lan duwé pangertèn.

14Kuwi ajiné ngungkuli slaka, lan regané ngungkuli emas murni.

15Kawicaksanan kuwi luwih aji ketimbang karo watu aji, ngungkuli samubarang sing kokpéngini.

16Kawicaksanan kuwi ngolèhaké umur dawa, kasugihan lan kaurmatan.

17Merga saka kawicaksanan uripmu bakal seneng lan ayem.

18Wong sing wicaksana uripé bungah, sebab kawicaksanan kuwi dalaning urip.

19Pangéran enggoné nitahaké bumi srana kawicaksanan; langit dipapanaké ing panggonané kalawan kawicaksanan.

20Merga saka kawicaksanané kali-kali padha mili, lan mendhung nibakaké udan ana ing bumi.

21Hé anakku, kawicaksanan lan kapinteran mono aja nganti sumingkir saka kowé, kuwi cekelana.

22Kuwi sing nguripi kowé lan gawé uripmu seneng lan tentrem.

23Lakumu bakal slamet, lan sikilmu ora kesandhung.

24Menawa mapan turu atimu bakal ora kuwatir, lan turumu sewengi muput bakal kalawan kepénak.

25Kowé bakal ora melang-melang bab pagiris sing tekané dadakan, kaya karusakan sing tekané kaya prahara ngebyuki wong duraka.

26Pangéran bakal njaga kowé. Panjenengané bakal ora négakaké sikilmu kena kala-jiret.

27Aja nyandhet gawé kabecikan marang wong sing butuh kabecikanmu.

28Aja nyemayani enggonmu awèh pitulung marang tanggamu tekan sésuk, yèn bisa koktindakaké saiki.

29Aja ngrancang prekara sing bisa gawé ruginé pepadhamu, sing srawungé becik karo kowé lan precaya marang kowé.

30Aja madoni prekarané wong sing ora tau gawé ala marang kowé.

31Aja mèri karo wong sing seneng ngrodha-peksa, lan aja kepéngin tumindak kaya wong mau,

32sebab Allah sengit marang wong sing kaya mengkono. Nanging Panjenengané celak karo wong mursid.

33Omahé wong duraka didhawahi paukuman déning Allah, nanging omahé wong mursid diberkahi.

34Allah nglawan wong gemunggung, nanging wong andhap-asor dikasihi.

35Wong wicaksana olèh kaluhuran, nanging wong gemblung ngalami kwirangan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel