Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 1 >> 

1Wulang Bebasan anggitané Suléman, putrané Dawud, raja ing Israèl.

2Ditulis supaya ngolèhna kawicaksanan lan kawruh, nganti kowé ngerti karo tembung-tembungé wong wasis.

3Lan piwulang sing marakaké pinter, weruh marang prekara sing bener, keadilan lan jujuring ati.

4Srana mengkono wong sing ora pengalaman bisa duwé kapinteran, para wong nom duwé pangerti lan kawicaksanan.

5Wulang Bebasan iki uga bisa nambahi kawruh marang wong wicaksana lan pamrayoga marang wong wasis.

6Mula ngerti maknané prekara kang kasimpen ing sajroning bebasan lan soal sing dirembug déning para wasis.

7Pangabekti marang Allah iku etuking kawruh. Wong bodho ora ngajèni marang kawicaksanan lan wegah sinau.

8Hé anakku, rungokna piwulangé bapakmu, lan aja ninggal pituturé ibumu.

9Wewatekanmu bakal saya mundhak becik, kaya makutha kembang ana ing sirahmu lan kalung ana ing gulumu.

10Hé anakku, yèn kowé dibujuk déning wong ala aja kèlu.

11Saupama dhèwèké muni, "Ayo mèlu aku matèni wong! Wong sing ora salah. Maksudé mung kanggo seneng-seneng!

12Kita cekel urip-uripan, lan kita patèni. Samasa wis rampung,

13kita bakal olèh raja-brana rupa-rupa, lan omah kita, kita kebaki barang-barang rayahan.

14Ayo mèlu aku, apa sing kita rampog kita darbèki bebarengan."

15Hé anakku, aja srawung karo wong sing kaya ngono. Malah wong kuwi singkirana.

16Wong ala mau yèn arep nglakoni piala ora sranta; rikat menawa arep ngwutahaké getih.

17Wong ala ora bisa njaring manuk, yèn manuké weruh enggoné masang jaringé,

18nanging wong sing kaya mengkono mau masang kala-jiret tumrap awaké dhéwé, sing bakal gawé tiwasé.

19Wong sing karem bandha selawasé mbayar nganggo nyawané, mengkono sing dialami déning saben wong sing dhemen ngrodha-peksa.

20Padha ngrungokna. Kawicaksanan undang-undang ana ing dalan-dalan, ana ing pasar-pasar,

21ana ing gapura lan ing ngendi waé ana wong padha nglumpuk.

22"Hé wong gemblung, nganti pira lawasé enggonmu arep nggemblung mengkono? Nganti pira lawasé enggonmu seneng memoyok? Nganti pira lawasé wong bodho enggoné nampik marang kawruh?

23Rungokna ta yèn dakkandhani. Kowé arep daktuturi lan dakwènèhi kawruh sing becik.

24Kowé dakundang, dakkon teka, nanging ora gelem nolih lan ora gelem ngrungokaké.

25Kandhaku ora kokgugu, lan kowé ora gelem dakélingaké.

26Mulané yèn kowé nemu kasusahan, bakal dakgeguyu. Menawa katempuh ing bebaya, bakal dakpoyoki.

27Tekané pagiris mono kaya prahara, nggawa karusakan kaya lésus, mula kowé bakal nandhang perih lan karubedan.

28Ing kono kowé bakal padha sambat-sambat, nanging bakal ora takwangsuli. Kowé bakal nggolèki aku saparan-paran, nanging bakal ora ketemu aku.

29Sebab kowé selawasé nampik kawicaksanan, lan emoh mbangun-turut marang Allah.

30Kowé ora tau nggugu marang pituturku, lan ora nggatèkaké menawa takwelèhaké.

31Mulané kowé nampa wohing penggawému, lan ngrasakaké piwalesé kelakuanmu.

32Wong sing ora pengalaman padha mati merga nampik kawicaksanan. Wong gemblung padha nandhang karusakan, merga padha ora nggatèkaké.

33Nanging sing sapa nurut marang aku, uripé bakal ayem, tanpa duwé rasa kuwatir, merga kalis ing bilai kang nggegirisi."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel