Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 24 >> 

1Yagéné Allah ora netepaké dina pengadilan, supaya saben wong sing kenal Panjenengané olèh kaadilan?

2Ana wong sing mindhah pageré, supaya lemahé tambah amba. Ana sing nyolong pepanthaning wedhus gèmbèl, nuli dilebokaké ing kandhangé dhéwé.

3Kuldi duwèké bocah lola diplayokaké; sapiné randha direbut digawé tanggungan.

4Wong mlarat dialang-alangi nampani pandumané, mula wong kesrakat kepeksa padha ndhelik.

5Wong mlarat kuwi kaya kuldi alasan, sing golèk pangan ana ing rerungkudan; mung ana ing kono ana pangan kanggo anak-anaké.

6Kepeksa wong mau nggarap lemahé wong liya, sarta nglumpukaké woh anggur duwèké wong ala.

7Sandhangan ora duwé, apa menèh slimut kanggo ngangetaké awaké ing wayah bengi.

8Wong mau teles kebes samangsa kodanan ing gunung, banjur mèpètaké awaké ana ing watu kanggo amping-amping.

9Bocah lola didadèkaké batur-tukon déning wong ala, bayiné wong miskin direbut kanggo nanggung utangé.

10Sing miskin mau lunga tanpa sandhangan; wetengé luwé sajroné ngiles gandum ing pategalan.

11Woh zaitun digawé lenga, woh anggur digawé ombèn-ombèn, nanging wong miskin mau dhéwé ora ngombé.

12Ing kutha-kutha keprungu swarané wong mlarat, wong lara sesambat njaluk pitulung, nanging Allah ora miyarsakaké panyuwuné, Panjenengané ora mreduli lan ora menggalih.

13Ana menèh wong sing ora seneng karo pepadhang, lan ora ngerti marang dhawuhé Allah, lakuné ngambah dalané dhéwé.

14Ing wayah subuh wong ala tangi turu, metu saka omah banjur matèni wong mlarat, lan yèn wayah bengi, lakuné cara maling.

15Wong laku bédhang ngentèni wayah remeng-remeng; rainé dikudhungi karebèn ora dititèni wong.

16Maling mbabah omah ing wayah bengi; yèn awan nyingkiri padhang lan ndhelik.

17Tumraping wong mau wayah ésuk kuwi mbebayani, nanging yèn peteng ndhedhet malah seneng. Zofar:

18Wong ala kèntir ing banjir, palemahané disepatani déning Allah, kebon angguré saiki sepi; ora ana sing nyambut-gawé ing kono.

19Kaya salju sirna ing mangsa ketiga merga déning srengéngé, kaya mengkono wong dosa klebu ing donyané wong mati.

20Awaké dipangan sèt, lan wis ora diélingi déning ibuné. Jenengé wis ora disebut; wong mau sirna kaya wit rubuh.

21Kuwi kabèh merga wong mau nganiaya para randha, lan nyiksa wong wadon sing ora duwé anak.

22Nanging Allah Kang Mahakwasa ngukum wong sing gagah prakosa. Allah tumindak, temah wong duraka padha semplah.

23Wong mau ditangèkaké menèh, bisa urip kanthi tentrem, nanging tansah dipirsani déning paningalé Allah.

24Enggoné urip tentrem mung sedhéla, banjur mati ing selawasé. Wong kuwi alum kaya suket sing tanpa guna, dikethok kaya wulèné gandum.

25Sapa sing bisa nyélaki barang sing nyata iki, lan ngluputaké tembungku iki?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel