Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 3 >> 

1Ayub banjur sambat nyepatani dina kelairané.

2(3:2-3) "Dhuh Allah, dinten kelairan kawula tanpa teges, lan dalu nalika ibu wiwit ngandhut kawula mboten wonten ginanipun.

3(3:2)

4Dhuh Allah, dinten menika kadadosna peteng, kaicalna saking penggalih Paduka. Sampun ngantos Paduka marengaken, pepadhang nyunaraken sorotipun.

5Dinten menika kadadosna peteng ndhedhet, kados kubur ingkang peteng, kalimputan mendhung lan méga; katutupana saking sunaré surya.

6Dalu menika kaicalna saking pétanganing taun lan wulan. Sampun ngantos dipun èngeti, utawi katut kapétang.

7Dalu menika kajengipun peteng ndhedhet, kajengipun sepen, tanpa kabingahan.

8Hé para dhukun lan sing padha ngwasani Léwiatan! Dina kelairanku padha ipat-ipatana.

9Lintang panjer ésuk lestaria peteng! Plethèking srengéngé aja sumorot, karebèn bengi kuwi ora ana gunané enggoné ngentèn-entèni, dina anyar kanthi pengarep-arep.

10Kenaa paukuman bengi, nalika aku dilairaké ibuku, lan ditégakaké nandhang sangsara.

11Apa sebabé aku ora mati waé ing kandhutané ibuku? Utawa ilang nyawaku nalika aku lair?

12Apa sebabé aku digéndhong lan dipangku, sarta disusoni déning ibuku?

13Saupama dhèk semono aku mati, aku rak turu klawan kepénak,

14kaya para raja lan para pangwasa, sing mbangun kratoné pusaka.

15Enggonku turu rak kaya putrané raja, sing ngrengga kedhaton nganggo slaka lan kencana.

16Apa sebabé aku ora dilairaké mati, supaya turuku pules kepénak?

17Ing kuburan kana, durjana ora gawé piala, lan buruh sing kentèkan tenaga bisa ngaso ngilangaké keselé.

18Wong tawanan krasa tentrem, ora krungu swarané wong sing nyentak-nyentak.

19Ana ing kana wong kabèh padha: wong cilik lan wong gedhé. Batur padha karo bendara.

20Yagéné wong ditégakaké nandhang sangsara? Yagéné wong susah diparingi pepadhang?

21Rak padha milih kubur tinimbang bandha, padha ngentèni pati sing ora teka-teka.

22Bakal ngrasakaké kabegjan, samangsa mati ana ing kuburan.

23Nanging Allah ngaling-alingi dalané, nganti padha ora ngerti menyang endi parané.

24Sing dadi panganku pangresula. Tanpa lèrèn enggonku sesambat.

25Sing daksumelangaké malah nekani aku, sing dakwedèni malah nempuh marang aku.

26Aku ora bisa ayem, lan karubedanku ora ana entèké."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel