Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 30 >> 

1"Nanging aku saiki digeguyu déning wong sing luwih nom tinimbang aku. Biyèn bapakné wong-wong mau dakanggep ora patut angon wedhusku, bebarengan karo asu kang njaga wedhusku.

2Tumraping aku wong-wong mau ora ana paédahé. Merga wis padha ora duwé kekuwatan.

3Wong-wong kuwi padha kaliren, temah padha mangan bonggol suket ing ara-ara samun.

4Padha mbedholi grumbulan ing ara-ara samun mau, banjur mangani godhong lan dhangkèlé.

5Padha diusir karo diolok-olok, kaya carané ngelokaké maling.

6Manggoné ana ing guwa-guwa; omahé ing sela-selaning gunung.

7Ana ing ara-ara samun padha bengak-bengok kaya kéwan, padha nggrombol ing ngisor grumbulan ing ara-ara.

8Padha ora ana jenengé lan ora ana regané, wong-wong sing wis ditundhung saka negarané.

9Saiki padha teka nggeguyu aku, ngarani kaananku lucu.

10Aku dianggep asor lan njijiki, malah raiku padha diidoni.

11Merga aku wis digawé tanpa daya déning Pangéran, wong-wong mau padha wani ngumbar nepsuné marang aku.

12Grombolan mau nyerang aku saka ngarep, nganti aku mlayu saka wediku. Wong mau padha ngancam arep njégal aku.

13Dalanku dijugangi kanggo nibakaké aku. Ora ana wong sing ngalang-alangi wong-wong mau nyerang aku.

14Tekané kaya banjir njugrugaké témboké bètèngku. Tekané bebarengan ngebyuki aku; nganti aku giris.

15Kaya sumiyuté angin, mengkono kaluhuranku sirna, kaya méga sing liwat, kabegjanku ilang musna.

16Saiki aku wis mèh tekan ajalku; kasangsaranku ora saya suda.

17Yèn bengi balungku linu kabèh; ora kendhat-kendhat ngrasakaké lara kaya dicoblosi.

18Rasané guluku kaya ditekak déning Allah piyambak, nganti klambiku presasat njiret aku.

19Aku diblesekaké ana ing lendhutan, presasat lebu lan awu.

20Kawula sesambat dhateng Paduka, dhuh Allah, nanging mboten angsal wangsulan; menawi kawula ndedonga, Paduka mboten menggalih.

21Kawula Paduka aniaya, Paduka tindhes srana kasektèn Paduka.

22Kawula Paduka tégakaken kabur déning angin; ing salebeting angin lésus, kawula Paduka ontang-antingaken.

23Kawula sumerep, bilih kawula badhé Paduka pejahi, kaklempakaken ing panggènanipun sedaya tiyang ingkang ngalami pejah.

24Kénging menapa Paduka nyerang tiyang ingkang cilaka, ingkang mboten saged ngglawat kejawi nyuwun kawelasan?

25Menapa kawula mboten nangis sesarengan kaliyan tiyang ingkang kasisahan, lan nresnani dhateng tiyang ingkang kecingkrangan?

26Kawula nyuwun kabegjan lan pepadhang, nanging ingkang dhateng malah bilai lan pepeteng.

27Kawula kados kasuwir-suwir déning sedhih lan kasangsaran; saben dinten saya wewah kasangsaran ingkang kawula sandhang.

28Ana ing pepeteng, tanpa pepadhang, aku mak-makan, ana ing ngarepé wong akèh aku sesambat njaluk pitulungan.

29Swaraku sedhih melas-asih, kaya tangisé asu ajag lan kaswari.

30Kulitku malih ireng lan ngglodhogi, awakku garing merga déning lara panas.

31Biyèn aku krungu swarané tetabuhan sing mbungahaké, saiki mung krungu pesambat lan penangis thok."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel