Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 6 >> 

1(6:1-2) Ayub: Saupama kasusahanku iki ditimbang, mesthi aboté ngungkuli pasir ing segara.

2(6:1)

3Mulané aja gumun yèn tembungku kurang ngati-ati lan kesusu.

4Panahé Kang Mahakwasa nembus dagingku. Wisané sumebar ing badanku sekojur. Kasektèné Allah ampuhé nggegirisi, aku diserang kaya carané tentarané mungsuh.

5Kuldi bakal seneng yèn diwènèhi suket nom, mengkono uga sapi yèn dipakani.

6Nanging sapa sing seneng mangan panganan cemplang? Putihé endhog apa ana rasané?

7Aku ora sudi nggepok. Yèn dakpangan marakaké muneg-muneg.

8Yagéné Allah ora miyarsakaké pandongaku? Yagéné panyuwunku ora dipenggalih?

9Muga Allah kersa ngremuk aku! Muga Panjenengané tumandang matèni aku!

10Tumraping aku kuwi bakal dadi panglipurku. Aku bakal jogèdan sajroning kasangsaran. Dhawuhé Allah Kang Mahasuci kabèh wis daklakoni lan tansah dakgatèkaké.

11Sepira ta kekuwatanku, déné aku kokisih urip? Apa ta sing dakarep-arep, saupama aku kepéngin umur dawa?

12Apa rosané awakku kaya atosing watu? Apa aku iki saka tembaga?

13Aku kentèkan tenaga kanggo golèk keslametan. Tumraping aku wis ora ana pitulungan menèh.

14Sajroning kasangsaran sing mengkéné iki, aku ngendelaké mitra sejati, embuh aku isih setya, apa wis nyingkur Kang Mahakwasa.

15Nanging kowé, para mitraku, ora kena diprecaya lan diendelaké. Kowé kaya kali sing asat, mangka udané ora teka-teka.

16Kowé kaya kali sing mati kaku, merga banyuné dadi ès lan salju.

17Bareng mangsa ketigané teka, salju lan ès mau nguwap amblas tanpa tilas. Dhasaré kali katon cetha, banyuné asat lan garing babar-pisan.

18Kafilah-kafilah enggoné golèk banyu padha kesasar. Padha nglembara mati ing segara wedhi.

19Kafilah saka Syéba lan saka Téma padha golèk banyu, kepéngin énggala nemu.

20Nanging pengarep-arepé sirna, merga banyuné ora ana.

21Ya kaya kali mengkono kuwi kaananmu, hèh mitraku. Kowé mundur, merga wedi ndeleng kasangsaranku.

22Yagéné, kowé rak ora dakjaluki apa-apa, utawa dakkon nebus aku saka wong sing masésa aku?

23Aku rak ora njaluk diluwari saka tangané satru?

24Wis, saiki aku kandhanana, tuduhna endi salahku! Aku dakmeneng lan ngrungokaké rembugmu.

25Pitutur sing jujur ngayemaké ati, nanging tembungmu kuwi ngawur, tanpa teges.

26Tembungku mung kokanggep angin, tanpa guna wangsulanmu, tumraping aku sing wis semplah.

27Kowé mbuwang undhi kanggo nasibé bocah lola, mitramu kokedol kokijolaké bandha.

28Aku sawangen, apa aku iki ngapusi kowé?

29Aja sewenang-wenang tumindakmu, diéling. Aja ngluputaké aku, temenan aku ora luput.

30Apa kokkira aku ngapusi, lan ora bisa mbédakaké sing becik lan sing ala?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel