Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 15 >> 

1Gusti Allah maringaké marang Musa

2prenatan-prenatan kanggo bangsa Israèl sing kudu dilakoni samasa manggon ana ing tanah Kenaan, mengkéné:

3Kanggo kurban obongan utawa kurban netepi janji utawa kurban sukuran, utawa kurban sing disaosaké ing dina-dina riaya, kepareng nyaosaké: sapi lanang siji, wedhus gèmbèl lanang siji, wedhus gèmbèl wadon siji utawa wedhus jawa siji. Gandané kurban dhaharan kuwi gawé renaning penggalihé Pangéran.

4(15:4-5) Sapa sing saos kurban rupa wedhus gèmbèl utawa wedhus jawa, kudu iya nyaosaké bareng karo wedhus-wedhus mau glepung sakilogram, sing disoki lenga zaitun saliter lan anggur saliter kanggo kurban dhaharan.

5(15:4)

6Yèn sing dienggo kurban mau wedhus gèmbèl lanang, kudu iya nyaosaké glepung rong kilogram, diesoki lenga zaitun karotengah liter,

7karo anggur karotengah liter, kanggo kurban dhaharan. Gandané kurban-kurban mau gawé renaning penggalihé Pangéran.

8Yèn sing dienggo kurban mau sapi lanang siji kanggo kurban obongan utawa kurban netepi janji, utawa kurban keslametan,

9kudu dibarengi telung kilogram glepung sing disoki lenga zaitun rong liter,

10karo anggur rong liter kanggo kurban dhaharan. Gandané kurban-kurban mau gawé renaning penggalihé Pangéran.

11Iki kabèh sing kudu disaosaké bebarengan karo saben kéwan, yèn sing digawé kurban rupa sapi lanang siji, utawa wedhus gèmbèl wadon, utawa wedhus jawa.

12Yèn sing digawé kurban mau kéwan luwih saka siji, sesaosan sing rupa glepung, lenga zaitun lan anggur iya kudu diluwihi miturut cacahé kéwan sing dienggo kurban.

13Iki prenatan sing kudu ditetepi déning saben wong Israèl samasa saos kurban dhaharan. Gandané kurban mau gawé renaning penggalihé Pangéran.

14Saben wong manca sing ana ing tengahmu, iya sing manggoné mung sawetara mangsa, utawa sing selawasé; samasa saos kurban dhaharan kudu netepi prenatan mau kabèh supaya gandané gawé renaning penggalihé Pangéran.

15(15:15-16) Hukum lan prenatan iki kanggo kowé lan kanggo wong manca sing manggon ing tengahmu, kabèh padha, merga kowé lan wong manca kuwi kanggoné Allah padha waé. Prenatan iki kanggo ing selawas-lawasé.

16(15:15)

17Gusti Allah maringaké marang Musa

18prenatan-prenatan kanggo wong Israèl, sing kudu ditetepi yèn wis padha manggon ing tanah sing diparingaké déning Pangéran.

19Wulu wetuning bumi sing kokenggoni kuwi sapérangan kudu kokpething kasaosaké marang Pangéran.

20Roti kawitan sing kokpangan saka gandum sing kokenèni dhisik dhéwé, kudu koksaosaké kanggo kurban marang Pangéran. Carané kaya yèn kowé nyaosaké gandum kawitan sing kokdeplok.

21Roti kawitan sing kudu koksaosaké mau mligi kagem Pangéran; iki prenatan kanggo ing selawas-lawasé.

22Bisa uga mbésuk ana wong sing lali netepi prenatan sing wis diparingaké déning Gusti Allah marang Musa.

23Lan bisa uga mbésuk bangsa Israèl lali netepi sakèhé prenatan sing diparingaké déning Allah marang Musa mau.

24Yèn umat Israèl nglakoni kaluputan merga saka ora ngertiné, kuwi kudu nyaosaké kurban obongan rupa sapi lanang siji dikanthèni kurban dhaharan lan anggur kaya sing wis ditetepaké. Gandané kurban mau gawé renaning Penggalihé Pangéran. Kejaba saka kuwi uga kudu nyaosaké kurban panebusing dosa rupa wedhus gèmbèl lanang siji.

25Imam banjur kudu nindakaké upacara pangruwating dosa kanggo umat. Gusti Allah bakal ngapura umat mau, merga kaluputané mau ora dijarag, lan iya wis nyaosaké kurban pangruwating dosa konjuk marang Allah, rupa kurban dhaharan.

26Wong Israèl kabèh lan wong manca sing manggon ing tengahé bakal diapura, merga kabèh padha katut gawé kaluputan mau.

27Yèn wong nglanggar prenatan tanpa dijarag, kudu saos kurban wedhus jawa wadon siji sing umur setaun kanggo pangruwating dosané.

28Imam kudu nindakaké upacara pangruwating dosa ana ing mesbèh, kanggo tandha yèn wong mau wis luwar saka dosané; Gusti Allah iya banjur ngapura.

29Prenatan iki kanggo sapa waé sing nglakoni dosa tanpa dijarag, iya wong Israèl, utawa wong manca sing tetep manggon ing kono.

30Nanging yèn wong Israèl utawa wong manca nglakoni kaluputan srana dijarag, wong kuwi ngrèmèhaké marang Allah, kudu diukum pati,

31merga nglawan marang Allah lan nglanggar prenatané Allah. Wong mau mati merga salahé dhéwé.

32Nalika wong Israèl padha ana ing ara-ara samun, ana wong lanang golèk kayu ing dina Sabbat.

33Wong mau digawa ngadhep marang Musa, Harun lan umat kabèh,

34lan ditahan merga durung cetha kudu dikapakaké.

35Pangandikané Pangéran marang Musa, "Wong kuwi kudu diukum pati ing sanjabané pedésan. Wong kabèh kudu mbenturi wong mau nganggo watu nganti mati."

36Wongé nuli diirid metu saka pedésan lan dibenturi watu nganti mati, kaya sing didhawuhaké déning Allah.

37Gusti Allah paring dhawuh marang Musa

38supaya maringaké prenatan marang wong Israèl mengkéné, "Gawéa gombyok ing plisiring jubahmu, lan saben gombyok talènana nganggo tali biru. Prenatan iki kanggo ing selawas-lawasé.

39Gombyok-gombyok kuwi gunané kanggo ngélingaké kowé. Saben-saben kowé weruh gombyok mau, kowé bakal kèlingan marang sakèhé prenatan-prenatan-Ku, nuli bakal koklakoni. Lan srana mengkono kowé bakal ora nyingkur marang Aku sarta ora nuruti karepmu dhéwé.

40Gombyok-gombyok mau bakal ngélingaké kowé nglakoni prenatan-prenatan kabèh; yèn ngono kowé temen-temen dadi umat kagungan-Ku.

41Aku iki Pangéran, Allahmu. Aku sing ngirid kowé metu saka tanah Mesir, supaya Aku dadi Allahmu. Aku iki Allah."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel