Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 16 >> 

1(16:1-2) Korah bin Yizhar, turuné Kéhat, taler Lèwi, wani miwiti mbrontak nglawan marang Musa. Dhèwèké dibantu wong telu saka taler Rubèn !!— yakuwi Datan lan Abiram, anak-anaké Éliab lan On anaké Pèlèt —.Kejaba kuwi dibantu wong Israèl 250 liyané, yakuwi para penggedhé sing misuwur, sing dipilih déning rakyat.

2(16:1)

3Wong-wong mau kabèh bebarengan ngadhep marang Musa lan Harun, karo kandha, "Musa, rungokna! Saben wong ing Israèl kéné dipilih kagem Allah. Lan Gusti Allah ana ing tengah kita. Nanging yagéné kowé koknganggep awakmu ngungkuli umaté Allah. Tumindakmu sing mengkono kuwi wis kebangeten!"

4Bareng krungu tembung mau, Musa banjur jèngkèng, sumungkem ing bumi sarta ndedonga.

5Banjur kandha karo Korah lan kanca-kancané, "Sésuk-ésuk Gusti Allah bakal maringi pirsa marang kita, sapa wongé sing dipilih déning Allah. Wong sing dipilih kuwi sing bakal ditugasaké nyedhaki mesbèh.

6(16:6-7) Sésuk-ésuk kowé lan kanca-kancamu kudu padha nggawa pedupan, didokoki geni lan menyan, nuli kudu digawa nyedhaki mesbèh. Mengko kita bakal weruh sapa sing sanyatané dipilih déning Allah. Kowé wong-wong Lèwi sing pancèn kebangeten!"

7(16:6)

8Musa banjur nerusaké kandhané karo Korah, "Rungokna, kowé wong Lèwi kabèh!

9Apa kokkira iki prekara sepélé déné Allahé Israèl wis milih kowé kabèh saka antarané umat Israèl, supaya nindakaké tugas ing ngarsané, lan mlebu ing Kémah Suci, sarta nyambut-gawé kanggo umat Israèl?

10Kowé Korah lan wong-wong Lèwi liyané. Kowé rak wis nampa kaurmatan saka Allah, yagéné kowé saiki isih kepéngin dadi imam?

11Yèn kowé, Korah lan kanca-kancamu padha ngresula, mèri karo Harun, kuwi satemené Allah piyambak sing padha koklawan!"

12Musa banjur akon ngundang Datan lan Abiram, nanging padha ora gelem teka, kandhané, "Aku emoh mara!

13Apa isih kurang enggonmu gawé sengsaraku, kokgawa metu saka tanah Mesir sing loh jinawi supaya aku padha ngalami mati ing pesamunan kéné? Apa saiki kowé isih arep mréntah aku?

14Wis cetha yèn kowé ora bakal ngirid aku menyang panggonan sing loh jinawi, lan kokpandumi sawah sarta kebon anggur. Apa saiki kowé isih arep ngapusi aku menèh? Ora, aku ora sudi mara!"

15Musa nepsu banget lan matur marang Allah, "Dhuh Allah, mugi sampun kersa nampi sesaosan ingkang kasaosaken déning tiyang-tiyang menika. Dèrèng naté kula damel pitunanipun tiyang-tiyang menika, senajan kuldi setunggal kémawon dèrèng naté kula tampi saking piyambakipun."

16Musa banjur kandha karo Korah, "Sésuk-ésuk kowé lan wong 250 kanca-kancamu padha tekaa ing Kémah Suci. Harun iya bakal teka mrana.

17Kowé kudu padha nggawa pedupan dhéwé-dhéwé, sing wis kokdokoki menyan. Kuwi saosna ing mesbèh."

18Kacrita ésuké saben wong mau nggawa pedupan diisèni mawa limang iji lan menyan, nuli ngadeg ing lawangé Kémah Suci, bareng karo Musa lan Harun.

19Sawisé mengkono Korah banjur nglumpukaké umat Israèl kabèh, nuli ngadeg adhep-adhepan karo Musa lan Harun. Dumadakan wong kabèh padha weruh cahya kamulyané Allah sumunar mblerengi.

20Pangandikané Allah marang Musa lan Harun,

21"Padha sumingkira saka wong-wong kuwi, arep Daksirnakaké saiki uga."

22Nanging Musa lan Harun nuli sujud sumungkem ing bumi, aturé, "Dhuh Allah. Paduka ingkang paring gesang dhateng sedaya tumitah. Menapa mergi tiyang setunggal ingkang nglampahi kalepatan, umat sedaya badhé Paduka sirnakaken?"

23Pangandikané Allah marang Musa,

24"Wong kabèh konen sumingkir saka kémahé Korah, Datan lan Abiram."

25Musa lan penggedhéné Israèl nuli padha menyang kémahé Datan lan Abiram.

26Kandhané Musa marang wong-wong Israèl kabèh, "Padha sumingkira saka kémahé wong-wong ala iki, lan aja nggepok barang-darbèké apa waé. Yèn padha ora nurut, kowé bakal padha kasirnakaké bareng karo wong-wong ala kuwi."

27Wong akèh mau nuli padha nyingkir saka kémahé Korah, Datan lan Abiram. Datan lan Abiram metu, ngadeg ana ing lawanging kémahé dhéwé-dhéwé, saanak-bojoné.

28Musa banjur kandha karo umat Israèl kabèh, "Nganggo cara iki kowé bakal padha weruh enggonku didhawuhi nindakaké iki kabèh. Iki ora merga saka karep-Ku dhéwé.

29Yèn wong-wong iki padha mati kaya patrapé wong lumrah tanpa diukum déning Allah, kuwi tandhané yèn aku ora diutus déning Allah.

30Nanging yèn Allah nindakaké prekara sing durung tau kokrungu sadurungé, lan yèn bumi ngangapaké cangkemé lan nguntal wong-wong kuwi urip-uripan mudhun ing papané wong mati dalah sabarang-darbèké, kuwi tandhané yèn wong-wong mau padha nglawan marang Allah."

31Lagi waé Musa meneng, bumi sing dienciki Datan lan Abiram mlekah,

32nguntal urip-uripan wong-wong mau lan para brayaté, bebarengan karo kanca-kancané Korah kabèh apa déné sabarang-darbèké.

33Mengkono enggoné padha kacemplung urip-uripan ing donyané wong mati bebarengan karo barang-darbèké kabèh. Buminé nuli mingkem menèh pulih kaya mauné.

34Wong Israèl kabèh sing padha ana ing kono krungu panjerité wong-wong sing kauntal déning bumi mau, nuli padha mlayu, karo bengok-bengok, "Rikat mlayu! Aja nganti kita iya katut diuntal ing bumi!"

35Gusti Allah banjur nekakaké geni, mulad-mulad mangsa wong 250 sing padha nyaosaké menyan ing pedupan mau.

36Gusti Allah ngandika marang Musa,

37"Èléazar anaké Imam Harun konen ngukupi turahané pedupan-pedupan, sing gemléthak ing antarané wong-wong sing kasirnakaké mau. Areng-areng sing ana ing pedupan-pedupan mau dokokna ing panggonan liya, merga pedupan-pedupan kuwi suci.

38Barang-barang kuwi wis dipilih nalika disaosaké ana ing mesbèhé Pangéran. Mulané jupukana saka panggonané wong-wong sing katumpes mau. Barang-barang kuwi kudu digemblèng, didadèkaké lèmpèngan tipis, lan lèmpèngan-lèmpèngan mau kagawéa tutup kanggo mesbèh. Kuwi dadia pengéling-éling tumrap bangsa Israèl."

39Èléazar banjur nglumpukaké pedupan-pedupan mau, lan akon wong nggemblèng dadi lèmpèngan-lèmpèngan tipis, kagawé tutup mesbèh.

40Kuwi kanggo pengéling-éling tumrap bangsa Israèl, yèn kejaba anak-turuné Harun ora ana wong sing kepareng nyedhaki mesbèh, ngobong dupa konjuk marang Allah. Wong sing nglanggar prenatan mau bakal ditumpes kaya Korah lan kanca-kancané. Mulané kabèh mau ditindakaké déning Èléazar kaya kang kadhawuhaké déning Allah lantaran Musa.

41Ésuké wong Israèl kabèh padha nepsoni Musa lan Harun, kandhané, "Kowé sing marakaké umaté Allah salong padha mati."

42Sawisé bebarengan padha nglawan marang Musa lan Harun, wong-wong mau padha nolèh marang Kémah Suci. Ing kono padha weruh Kémah mau ketutupan méga lan nyunaraké cahya kamulyané Allah, sing mblerengi.

43Musa lan Harun padha ngadeg ing lawangé Kémah Suci.

44Gusti Allah banjur ngandika marang Musa,

45"Sumingkira saka wong-wong kuwi. Arep Daktumpes ing panggonan kono uga." Musa lan Harun nuli padha sujud sumungkem ing bumi.

46Kandhané Musa marang Harun, "Pedupané jupuken, isènana mawa limang iji saka mesbèh, nuli mawa kuwi pyurana menyan. Pedupan kuwi énggal gawanen ing panggonané wong akèh, lan nindakna upacara pirukun. Gelis lakonana! Paukumané Allah wis wiwit mulad-mulad lan paukumané wis wiwit nempuh marang umaté."

47Harun banjur nindakaké apa sing dikandhakaké Musa. Énggal-énggal njupuk pedupané lan mlayu ing satengahé umat Israèl sing lagi padha nglumpuk. Bareng weruh yèn paukumané wis wiwit nempuh, menyané banjur diuwur-uwuraké ing mawa, lan miwiti nindakaké upacara pirukun.

48Paukumané nuli sirep, lan Harun ngadeg ing antarané wong sing wis mati lan sing isih urip.

49Cacahé sing mati nalika iku ana 14.700, durung kepétung wong sing padha mati bareng karo Korah.

50Sawisé paukuman mau sirep, Harun banjur bali marani Musa ana ing ngarepé lawang Kémah Palenggahané Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel