Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 2 >> 

1Gusti Allah maringaké prenatan marang Musa lan Harun mengkéné:

2Samasa wong Israèl ngaso ing papan palèrènan, saben wong kudu ngedegaké kémahé saklompok-saklompok miturut gendéra sing nengeri golongané. Yakuwi gambar sing mrelambangi taleré. Kémah-kémah mau kabèh kudu didegaké ngubengi Kémah Palenggahané Allah.

3(2:3-9) Ing sisih Wétan kémahé golongan Yéhuda, sing kudu ngedegaké kémahé miturut klompok lan penggedhéné dhéwé-dhéwé, ditata mengkéné: (Taler-Penggedhéné-Cacah); Yéhuda-Nahason bin Aminadab-74.600; Isakar-Nétanéèl bin Zuar-54.400; Zébulon-Éliab bin Hélon-57.400; Gunggungé kabèh: 186.400; Golongan Yéhuda kudu mlaku ing ngarep dhéwé.

4(2:3)

5(2:3)

6(2:3)

7(2:3)

8(2:3)

9(2:3)

10(2:10-16) Ing sisih Kidul kémahé golongan Rubèn, kudu ngedegaké kémahé miturut klompok lan penggedhéné dhéwé-dhéwé, ditata mengkéné: Taler-Penggedhéné-Cacah; Rubèn-Élizur bin Sédhéur-46.500; Siméon-Sélumièl bin Zurisiadai-59.300; Gad-Éliasaf bin Déhuèl-45.650; Gunggungé kabèh: 151.450; Golongan Rubèn kudu mlaku ing mburiné golongan Yéhuda.

11(2:10)

12(2:10)

13(2:10)

14(2:10)

15(2:10)

16(2:10)

17Samburiné golongan Rubèn taler Lèwi, karo mikul Kémah Palenggahané Allah. Saben klompok lakuné miturut urut-urutan kaya enggoné ngedegaké kémah, iya miturut gendérané golongané. Golongan Lèwi kudu mlaku ing samburiné golongan Rubèn.

18(2:18-24) Ing sisih Kulon kémahé golongan Éfraim, saben wong kudu ngedegaké kémahé miturut klompok lan penggedhéné dhéwé-dhéwé, ditata mengkéné: Taler-Penggedhéné-Cacah; Éfraim-Élisama bin Amihud-40.500; Manasyè-Gamalièl bin Pédazur-32.200; Bènyamin-Abidan bin Gédéoni-35.400; Gunggungé kabèh: 108.100; Golongan Éfraim kudu mlaku ing mburiné golongan Lèwi.

19(2:18)

20(2:18)

21(2:18)

22(2:18)

23(2:18)

24(2:18)

25(2:25-31) Ing sisih Lor kémahé golongan Dhan, sing kudu padha ngedegaké kémahé miturut klompok lan penggedhéné dhéwé-dhéwé, ditata mengkéné: (Taler-Penggedhéné-Cacah); Dhan-Ahiézer bin Amisiadai-2.700; Asyèr-Pagièl bin Okran-41.500; Naftali-Ahira bin Énan-53.400; Gunggungé kabèh: 157.600; Golongan Dhan kudu mlaku ing mburi dhéwé.

26(2:25)

27(2:25)

28(2:25)

29(2:25)

30(2:25)

31(2:25)

32Cacahé bangsa Israèl sing dicathet miturut taler ing klompoké dhéwé-dhéwé, kabèh gunggungé 603.550. Miturut dhawuhé Allah marang Musa,

33wong Lèwi ora diétung bareng karo wong-wong Israèl liyané.

34Mengkono wong Israèl padha nglakoni sakèhé dhawuhé Allah marang Musa. Wong-wong mau padha ngedegaké kémahé seklompok-seklompok miturut gendérané dhéwé-dhéwé, lan mlaku miturut urut-urutané keturunané dhéwé-dhéwé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel