Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 27 >> 

1Anaké wadon Zélaféhad ana lima, yakuwi: Mahla, Noa, Hogla, Milka lan Tirza. Zélaféhad anaké Hèfèr, Hèfèr anaké Giléad, Giléad anaké Makir, Makir anaké Manasyè, lan Manasyè anaké Yusuf.

2Wong wadon lima, anaké Zélaféhad mau padha ngadhep marang Musa lan Èléazar, para penggedhé sarta umat Israèl kabèh, sing lagi padha nglumpuk ing lawangé Kémah Suci. Pangucapé,

3"Bapak kula tilar ing pesamunan lan mboten gadhah anak jaler. Piyambakipun mboten tumut ing pembrontakanipun Korah. Pejahipun mergi saking dosanipun piyambak.

4Nanging kénging menapa namanipun bapak kula lajeng mboten kasebut ing Israèl, namung mergi mboten gadhah anak jaler? Kula sami nyuwun dipun paringi siti pusaka ugi, kados anak-anakipun sedhèrèk-sedhèrèkipun bapak kula."

5Musa banjur ngaturaké prekara mau marang ngarsané Gusti Allah,

6lan Gusti Allah banjur paring wangsulan,

7pangandikané, "Penjaluké anak-anaké Zélaféhad kuwi wis samesthiné. Mulané wènèhana lemah pusaka kaya anak-anaké seduluré bapakné. Warisan sing dadi haké Zélaféhad mau kudu diturunaké marang anak-anaké wadon.

8Umumna marang umat Israèl, yèn samasa ana wong mati ora ninggal anak lanang, bandhané kudu diwarisaké marang anaké wadon.

9Yèn ora duwé anak wadon, kudu diwarisaké marang seduluré lanang.

10Yèn ora duwé sedulur lanang, kudu diwarisaké marang sedulur-seduluré bapakné.

11Yèn ora duwé sedulur lanang utawa paman, warisané dadi haké sing cedhak dhéwé. Prenatan iki dadia dhasar sing kudu ditindakaké ing Israèl. Aku, Pangéran sing ndhawuhaké iki marang kowé."

12Pangandikané Allah marang Musa, "Munggaha ing Gunung Abarim, lan ndelenga saka kana negara sing bakal Dakparingaké marang bangsa Israèl.

13Sawisé ndeleng negara mau, kowé bakal Dakpundhut kaya sedulurmu Harun,

14merga ing segara wedhi Zin kowé lan Harun wis mbangkang marang dhawuh-Ku. Nalika rakyat kabèh ing Mériba padha nyalahaké Aku, kowé ora padha kandha marang rakyat, yèn mung Allah piyambak sing kagungan pangwasa." (Mériba iku tuk ing Kadès, ing segara wedhi Zin.)

15Musa banjur ndedonga,

16"Dhuh Allah, ingkang paring gesang dhateng sedaya tumitah. Kersaa nedahaken sinten tiyangipun ingkang badhé kakersakaken ngirid bangsa menika,

17tiyang ingkang saged dados sénapati samasa perang. Sampun ngantos Paduka négakaken umat menika kados pepanthan ménda ingkang tanpa pangèn."

18Pangandikané Allah marang Musa, "Nimbalana Yosua bin Nun. Kuwi wong sing kanggonan Roh. Sirahé tumpangana tangan.

19Dhawuhana ngadeg ing ngarepé Imam Èléazar lan umat Israèl kabèh. Kowé ngumumna ing ngarepé wong mau kabèh yèn Yosua kuwi sing ngganti kowé.

20Pasrahna sapérangané pangwasamu marang dhèwèké, supaya umat Israèl nurut marang préntahé.

21Yosua kudu ngadhep karo Imam Èléazar, lan Èléazar bakal nyuwun pirsa marang Aku bab kersa-Ku nganggo Urim lan Tumim. Srana cara mengkono Èléazar bakal nuntun marang Yosua lan umat Israèl kabèh, ing sakèhing prekara sing diadhepi."

22Musa ngèstokaké apa sing didhawuhaké déning Pangéran mau. Yosua banjur dikon ngadeg ing ngarepé Imam Èléazar lan umat Israèl kabèh.

23Kaya sing didhawuhaké déning Pangéran, Musa uga numpangaké tangané ing sirahé Yosua lan ngumumaké yèn Yosua kuwi dadi gantiné Musa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel