Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 28 >> 

1Gusti Allah ndhawuhi marang Musa,

2maringaké prenatan mengkéné marang bangsa Israèl, "Ing wektu-wektu sing wis ditemtokaké, kowé kudu padha nyaosaké kurban dhaharan sing gawé renaning penggalihé Allah.

3Kurban dhaharan sing kudu koksaosaké kuwi mengkéné: Kanggo kurban dhaharan pedinan cempé wedhus gèmbèl lanang loro, umur setaun lan ora cacad.

4Cempé sing siji kanggo kurban ésuk, sing sijiné kanggo kurban soré.

5Bareng karo saben kurban cempé mau kudu disaosaké uga glepung seliter, dicampur karo lenga zaitun sing apik dhéwé seliter.

6Kurban pedinan mau kudu diobong nganti entèk. Kurban dhaharan sing kapisan kuwi disaosaké ing Gunung Sinai. Gandaning kurban mau gawé renaning penggalihé Allah.

7Bareng karo kurbaning cempé sing kapisan kudu disaosaké uga kurban anggur seliter, sing kudu disiramaké ing mesbèh.

8Soréné, kurban sing kapindho, kudu disaosaké carané kaya kurban ésuk, dibarengi kurban anggur. Kurban mau uga disebut kurban dhaharan. Gandaning kurban kuwi gawé renaning penggalihé Pangéran."

9"Ing dina Sabbat kudu disaosaké kurban cempé wedhus gèmbèl lanang umur setaun, sing ora cacad, glepung gandum rong kilogram, dicampur karo lenga zaitun, kanggo kurban dhaharan lan kurban anggur.

10Kurban obongan kuwi kudu disaosaké saben dina Sabbat; ditambahaké ing kurban pedinan sing ajeg, sing dibarengi karo kurban anggur."

11"Saben tanggal kapisan kudu disaosaké kurban konjuk marang Allah, rupa: sapi nom lanang loro, wedhus gèmbèl lanang siji, cempé wedhus jawa lanang umur setaun pitu, kabèh kudu tanpa cacad.

12Kurbané dhaharan sing kudu disaosaké rupa: glepung sing dicampur karo lenga zaitun; glepungé kanggo sapi lanang siji telung kilogram; kanggo wedhus jawa lanang glepungé rong kilogram,

13lan kanggo saben cempé lanang siji glepungé sekilogram. Kurban obongan mau gandané gawé renaning penggalihé Pangéran.

14Kurban anggur sing kudu disaosaké bebarengan karo kurban obongan kuwi mengkéné: kanggo saben sapi lanang siji angguré rong liter; kanggo wedhus jawa lanang, karotengah liter, lan kanggo saben cempé gèmbèl, angguré seliter. Mengkono kuwi prenatané kurban obongan sing kudu disaosaké pendhak sasi tanggal siji. Prenatan mau kanggo saben taun.

15Kejaba kuwi saben kurban obongan sing dibarengi karo kurban anggur kudu disaosaké uga wedhus jawa lanang siji, kanggo kurban pangruwating dosa."

16"Saben sasi kapisan, tanggal patbelas, kowé kudu padha ngriayakaké Paskah kanggo ngurmati Allah.

17Riaya kuwi kawiwitan tanggal limalas, suwéné pitung dina. Sajroné pitung dina kuwi kowé mung kena mangan roti tanpa ragi.

18Ing dina kapisan kowé kudu padha nglumpuk nindakaké ibadah, lan ora kena nglakoni pegawéan apa-apa.

19Saosna kurban obongan, yakuwi kurban dhaharan marang Allah rupa: sapi lanang loro, wedhus gèmbèl lanang siji, lan cempé gèmbèl lanang umur setaun pitung iji, kabèh kudu tanpa cacad.

20Kurbané dhaharan kudu rupa: glepung sing dicampuri lenga zaitun telung kilogram saben sapi siji, lan rong kilogram saben wedhus lanang,

21lan sekilogram kanggo saben cempé lanang.

22Saosna uga kurban wedhus lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa. Srana cara mengkono kowé padha nindakaké upacara kanggo keslametané umat.

23Kurban-kurban mau kabèh tambahané kurban pedinan sing disaosaké ing wayah ésuk.

24Mengkono uga sajroné pitung dina kowé padha nyaosna kurban dhaharan, carané padha karo ing ndhuwur mau. Kurban kuwi katambahaké ing kurban obongan pedinan lan kurban anggur. Gandané kurban mau gawé renaning penggalihé Allah.

25Ing dina kapituné kowé kudu padha ngumpul menèh nindakaké ibadah lan aja nglakoni pegawéan apa-apa."

26"Ing Riaya Panèn, dina kang kapisan, yèn kowé padha nyaosaké gandum kawitan, sing kokenèni konjuk marang Allah, kowé kudu padha ngumpul nindakaké ibadah, lan aja nglakoni pegawéan apa-apa.

27Nyaosna kurban obongan, sing gandané gawé renaning penggalihé Allah, rupa: sapi lanang loro, wedhus gèmbèl lanang siji lan cempé gèmbèl pitu umur setaun, kabèh kudu tanpa cacad.

28Padha nyaosna kurban dhaharan kaya sabené, yakuwi glepung gandum dicampur karo lenga zaitun, telung kilogram kanggo saben sapi lanang, rong kilogram kanggo wedhusé lanang,

29lan sekilogram kanggo saben cempé gèmbèl.

30Saosna uga kurban rupa wedhus lanang siji kanggo kurban keslametané umat.

31Kurban-kurban mau lan kurbané anggur ditambahaké ing kurban-kurban obongan lan kurban dhaharan pedinan."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel