Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 33 >> 

1Sawisé metu saka tanah Mesir, bangsa Israèl lakuné gegrombolan miturut taleré dhéwé-dhéwé, diirid déning Musa lan Harun. Lakuné mau nganggo lèrèn barang ing panggonan sing wis ditetepaké.

2Gusti Allah dhawuh marang Musa supaya nyatheti panggonan-panggonan sing dienggo lèrèn lan pasang kémah.

3Bangsa Israèl enggoné metu saka tanah Mesir mau nalika tanggal limalas, sasi kapisan, sedina sawisé Paskah sing kapisan. Metuné saka kutha Ramsès dituntun déning Allah piyambak, lan diseksèni déning wong Mesir,

4sing lagi padha ngubur anaké sing dipatèni déning Pangéran. Srana mengkono Allah mbuktèkaké yèn Panjenengané luwih unggul ketimbang karo para déwané wong Mesir.

5Bareng wis metu saka Ramsès bangsa Israèl nuli lèrèn lan pasang kémah ing Sukot.

6Sawisé kuwi banjur lèrèn menèh ing Étam, ing sapinggiré segara wedhi.

7Saka kana bali menèh menyang Pi-Hahirot, sawétané Baal Zéfon, banjur pasang kémah ing sacedhaké Migdol.

8Budhal saka Pi-Hahirot banjur nyabrang Segara Teberau, lakuné ngener ing segara wedhi Sur; sawisé mlaku telung dina banjur lèrèn lan pasang kémah ing Mara.

9Saka kana padha nerusaké lakuné menyang Élim, lan ana ing kana pasang kémah, merga ing panggonan mau ana tuké rolas lan wité kurma pitung puluh.

10Banjur padha budhal saka Élim lan lèrèn ing sacedhaké kutha Teluk Suèz.

11Sawisé kuwi banjur lèrèn menèh ing segara wedhi Sin.

12Banjur pasang kémah ing sacedhaké Dofka.

13Sawisé kuwi ing Alus.

14Banjur padha lèrèn, pasang kémah ing Rafidim, nanging ana ing kono ora ana banyu kanggo ngombé.

15(33:15-37) Saka Rafidim banjur mlaku menyang Gunung Hor lan padha masang kémah ing pesamunané pegunungan Sinai, Kibrot-Taawa (utawa "Kuburané wong srakah"), Hazérot, Ritma, Rimon-Pèrès, Libna, Risa, Kéhélata, Gunung Séfar, Haéada, Makélot, Tahat, Tarah, Mitka, Hasmona, Mosérot, Béné-Yaakan, Hor-Gidgad, Yodbata, Abrona, Ézion-Gèbèr, segara wedhi Zin (yaiku Kadès) lan Gunung Hor ing tapel watesé tanah Édom.

16(33:15)

17(33:15)

18(33:15)

19(33:15)

20(33:15)

21(33:15)

22(33:15)

23(33:15)

24(33:15)

25(33:15)

26(33:15)

27(33:15)

28(33:15)

29(33:15)

30(33:15)

31(33:15)

32(33:15)

33(33:15)

34(33:15)

35(33:15)

36(33:15)

37(33:15)

38(33:38-39) Merga saka dhawuhé Pangéran, Imam Harun munggah Gunung Hor. Ana ing kono Imam Harun tinggal-donya, nalika tanggal siji, sasi kalima, taun kaping patang puluh, sapungkuré umat Israèl metu saka tanah Mesir. Nalika tinggal-donya umuré Harun satus telulikur taun.

39(33:38)

40Nalika semana Raja Arad sing manggon ing tanah Kenaan sisih Kidul krungu yèn lakuné bangsa Israèl ngener ing negarané.

41(33:41-49) Saka Gunung Hor menyang Lebak Moab lakuné lèrèn-lèrèn ing Zalmona; Funon; Obot; tilasé kutha Abarim, ing daérah Moab; Dibon-Gad; Almon-Diblataim; Gunung Abarim, sacedhaké Gunung Nébo, lan ing tanah ngaré Moab, sacedhaké Kali Yardèn, sangarepé kutha Yérikho, antarané Bèt-Yésimot lan Lebak Sitim.

42(33:41)

43(33:41)

44(33:41)

45(33:41)

46(33:41)

47(33:41)

48(33:41)

49(33:41)

50Ing tanah ngaré Moab kono, sacedhaké Kali Yardèn, sangarepé kutha Yérikho, Gusti Allah ngandika marang Musa

51supaya ngandhani bangsa Israèl mengkéné, "Yèn kowé wis nyabrang Kali Yardèn arep mlebu ing tanah Kenaan,

52rakyaté negara kono kudu koktundhungi kabèh. Brahala-brahalané sing digawé saka watu utawa barang pelikan, semono uga panggonan-panggonan sing dienggo nyembah brahala gempuren kabèh.

53Tanah kuwi kudu kokrebut lan kokenggoni, merga wis Dakparingaké marang kowé.

54Tanah mau nuli dumen karo para taleré Israèl lan para turunané srana undhi. Turun sing gedhé wènèhana lemah pusaka sing amba, lan turun sing cilik wènèhana tanah pusaka sig ciyut.

55Yèn rakyat pribumi kono ora koktundhungi, wong-wong mau bakal tetep manggon ing kono lan bakal gawé susahmu, dadi klilip ing mripatmu utawa eri ing dagingmu. Merga bakal padha nglawan perang marang kowé.

56Yèn ora koktundhung, kowé dhéwé sing bakal Daktumpes, ora béda karo sing Dakrancang arep Daktindakaké marang wong-wong mau."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel