Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 7 >> 

1Bareng Musa wis rampung enggoné ngedegaké Kémah Palenggahané Allah, Kémah mau sapraboté banjur dipasrahaké marang Allah nganggo upacara, apa déné migunakaké lenga pasucèn. Mengkono uga mesbèh lan piranti-pirantiné kabèh disucèkaké.

2Para penggedhéné turun sing dadi panuntun ing taler-taleré umat Israèl, sing didhawuhi nindakaké cacah jiwa,

3padha nggawa pisungsung konjuk marang Allah. Olèhé nggawa nganggo grobag sapi nem, saben penggedhé loro grobag siji sapi siji. Sawisé padha disaosaké,

4Gusti Allah banjur ngandika marang Musa,

5"Pisungsung iki tampanana lan pigunakna mbésuk samasa leladi ing Kémah Palenggahané Allah; barang-barang iki kabèh pasrahna marang kaum Lèwi miturut kuwajibané dhéwé-dhéwé."

6Grobag-grobag lan sapi-sapi mau nuli dipasrahaké marang kaum Lèwi.

7Grobag loro lan sapi papat dipasrahaké marang para turuné Gèrson,

8grobag papat lan sapi wolu marang para wong turun-Mérari. Gawéané wong-wongg mau dipimpin déning Itamar, anaké Harun.

9Mung wong turuné Kéhat ora dipasrahi grobag lan sapi déning Musa, awit wong-wong mau kudu padha mikul barang-barang suci sing dadi tanggung jawabé.

10Para penggedhéné uga nggawa pisungsung kanggo kraméan ing upacara nucèkaké mesbèh. Nalikané pisungsung mau arep disaosaké ana ing mesbèh,

11Gusti Allah ngandika marang Musa, "Padha kandhanana yèn para penggedhé, saben dina kudu nyaosaké pisungsung kanggo ing mesbèh, lawasé rolas dina."

12(7:12-83) Para penggedhé iya banjur padha nyaosaké pisungsung miturut gilirané mengkéné: (Dina-Taler-Penggedhé); Kapisan-Yéhuda-Nahason bin Aminadab; Kapindho-Isakar-Nétanéèl bin Zuar; Katelu-Zébulon-Éliab bin Hélon; Kapat-Rubèn-Élizur bin Sédhéur; Kalima-Siméon-Sélumièl bin Zurisiadai; Kanem-Gad-Éliasaf bin Déhuèl; Kapitu-Éfraim-Élisama bin Amihud; Kawolu-Manasyè-Gamalièl bin Pédazur; Kasanga-Bènyamin-Abidan bin Gédéoni; Kasepuluh-Dhan-Ahiézer bin Amisiadai; Kasewelas-Asyèr-Pagièl bin Okran; Karolas-Naftali-Ahira bin Énan; Pisungsung disaosaké para penggedhé mau kabèh padha, yakuwi piring slaka siji sing boboté 1,5 koligram, lan basi slaka siji, sing boboté 800 gram, miturut ukuran bobot resmi. Piring slaka lan basi mau dikebaki glepung sing diulèni nganggo lenga zaitun kanggo kurban dhaharan. Sebanjuré: piring emas siji, sing boboté 110 gram, kebak menyan. Sapi lanang siji, wedhus gèmbèl lanang siji, lan cempé wedhus gèmbèl lanang umur setaun, kanggo kurban obongan, wedhus lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa; sapi loro; wedhus gèmbèl lima lan wedhus lanang lima lan cempé gèmbèl umur setaun kanggo kurban keslametan.

13(7:12)

14(7:12)

15(7:12)

16(7:12)

17(7:12)

18(7:12)

19(7:12)

20(7:12)

21(7:12)

22(7:12)

23(7:12)

24(7:12)

25(7:12)

26(7:12)

27(7:12)

28(7:12)

29(7:12)

30(7:12)

31(7:12)

32(7:12)

33(7:12)

34(7:12)

35(7:12)

36(7:12)

37(7:12)

38(7:12)

39(7:12)

40(7:12)

41(7:12)

42(7:12)

43(7:12)

44(7:12)

45(7:12)

46(7:12)

47(7:12)

48(7:12)

49(7:12)

50(7:12)

51(7:12)

52(7:12)

53(7:12)

54(7:12)

55(7:12)

56(7:12)

57(7:12)

58(7:12)

59(7:12)

60(7:12)

61(7:12)

62(7:12)

63(7:12)

64(7:12)

65(7:12)

66(7:12)

67(7:12)

68(7:12)

69(7:12)

70(7:12)

71(7:12)

72(7:12)

73(7:12)

74(7:12)

75(7:12)

76(7:12)

77(7:12)

78(7:12)

79(7:12)

80(7:12)

81(7:12)

82(7:12)

83(7:12)

84(7:84-88) Dadi gunggunging pisungsung sing disaosaké déning para penggedhé rolas kanggo nucèkaké mesbèh mau wujudé: -Piring slaka rolas iji lan basi slaka rolas siji sing boboté kabèh 27,6 kilogram. -Piring emas rolas iji, sing boboté 1,32 kilogram, kebak menyan. -Sapi lanang rolas, wedhus gèmbèl lanang rolas, cempé sing umur setaun rolas, disaosaké bebarengan karo kurban gandum kanggo netepi kurban obongan. -Wedhus rolas kanggo kurban pangruwating dosa. -Sapi lanang patlikur, wedhus gèmbèl lanang sewidak, wedhus jawa sewidak, cempé wedhus gèmbèl sing umur setaun sewidak kanggo kurban keslametan.

85(7:84)

86(7:84)

87(7:84)

88(7:84)

89Nalika Musa mlebu ing Kémah Palenggahané Allah nampani dhawuh saka Gusti Allah, Panjenengané ngandika saka sandhuwuré tutupé Pethi Prejanjian, saka antarané pepethan malaékat loro sing nganggo swiwi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel