Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 9 >> 

1Nalika sasi kapisan, taun kapindho, sawisé bangsa Israèl metu saka ing Mesir, Gusti Allah ngandika marang Musa ing ara-ara samuné pegunungan Sinai mengkéné,

2(9:2-3) "Tanggal patbelas sasi iki, yèn srengéngéné surup, bangsa Israèl kudu ngriyakaké Paskah miturut prenatan sing wis ditetetpaké."

3(9:2)

4Musa iya banjur akon bangsa Israèl ngriayakaké Paskah.

5Ing wayah surupé srengéngé tanggal patbelas sasi kapisan mau, bangsa Israèl ngriayakaké Paskah ing ara-ara samuné pegunungan Sinai. Kabèh padha ditindakaké miturut apa sing didhawuhaké déning Allah lantaran Musa.

6Nanging ana wong sawetara sing najis miturut prenataning agama merga padha nggepok wong mati, dadi ora kena mèlu ngriayakaké Paskah. Wong-wong mau banjur padha ngadhep marang Musa lan Harun,

7aturé, "Kula sami najis, awit sami nggepok tiyang pejah. Nanging menapa kula inggih sami mboten kénging tumut nyaosaken kurban dhateng Allah, sesarengan kaliyan sedhèreèk-sedhèrèk kula sabangsa?"

8Wangsulané Musa, "Ngentènana dhisik, nganti aku tampa dhawuh saka Allah."

9Gusti Allah banjur dhawuh marang Musa,

10"Kandhaa marang bangsa Israèl mengkéné, ‘Yèn ana ing antaramu utawa anak-turunmu sing najis merga nggepok wong mati, utawa lagi lelungan adoh, mangka kepéngin ngriayakaké Paskah,

11kuwi kepareng, nanging enggonmu ngriayakaké kudu ing sasi candhaké ing wayah soré tanggal patbelas. Dina kuwi riayakna nganggo mangan roti tanpa ragi lan jangan pait.

12Pangan mau ora kena diturahaké nganti ésuké lan kéwan sing disaosaké marang Allah mau aja ana balungé sing ditugel. Paskah mau kudu diriayakaké miturut prenantan sing wis ditetapaké.’

13Wong sing kaanané resik miturut prenatané agama, lan ora lagi lelungan adoh, mangka ora ngriayakaké Paskah, kuwi kudu disingkiraké saka umat-Ku, merga ora nyaosaké kurban marang Aku ing wektu sing wis ditetepaké. Wong mau kudu mikul dosané.

14Yèn ing antaramu ana wong liya sing arep mèlu ngriayakaké Paskah, enggoné ngriayakaké Paskah kudu miturut prenatan lan sarat-saraté. Prenatan iki kanggo saben wong, iya wong Israèl utawa wong liyané."

15(9:15-16) Nalika Kémah Palenggahané Allah didegaké, ing dina kuwi ana mega ing sandhuwuré Kémah mau. Ing wayah bengi méga mau mencorong kaya geni.

16(9:15)

17Yèn méga mau munggah, wong Israèl kudu budhal, yèn mégané mudhun, wong Israèl banjur kudu masang kémahé, ing panggonan sing didhuni méga mau.

18Wong Israèl padha mbedhol lan masang kémahé manut dhawuhé Allah. Selawasé méga mau ana ing sandhuwuré Kémah Suci, bangsa Israèl tetep manggon ing panggonan kono.

19Senajan méga mau suwé ana ing sandhuwuré Kémah Suci, wong Israèl iya manut marang Allah, lan ora kesusu budhal.

20Anak kalané méga mau mung mandheg sawetara dina. Senajan kepriyé waé, dhawuhé Allah kuwi sing dienggo pathokan wayahé lèrèn lan budhal.

21Ana kalané méga mau mandheg mung antarané surup tekan ésuk. Yèn mégané munggah, sanalika iku uga kabèh padha budhal.

22Selawasé méga mau mandheg, embuh rong dina embuh sesasi, embuh setaun luwih, wong kabèh padha tetep ing panggonan mau. Nanging yèn mégané munggah, wong kabèh nuli padha budhal.

23Bangsa Israèl lèrèn ing sawijining panggonan lan budhal saka kono miturut sahawuhé Allah lantaran Musa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel