Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 2 >> 

1Nalika Nebukadnésar, raja ing Babil, enggoné dadi raja nyandhak taun kapindho, panjenengané supena, mula penggalihé ora jenjem nganti ora bisa saré.

2Sang Prabu banjur utusan nimbali para abdiné tukang ngramal, ahli nujum lan ahli sihir kadhawuhan nerangaké supenané mau. Bareng wis padha sowan ing ngarsané,

3Sang Prabu nuli ngandika, "Atiku ora kepénak, merga ngimpi lan kepéngin ngerti apa maknané impèn mau."

4Sing padha marek mau banjur munjuk nganggo basa Aram, "Dhuh Sang Prabu, mugi langgenga kasugengan panjenengan! Mugi kersa paring sumerep menggah ing supena menika, lajeng kawula sami badhé nyaosi pirsa maknanipun."

5Pangandikané Sang Prabu, "Aku wis netepaké yèn kowé sing kudu nyaosi pirsa marang aku apa impènku mau lan nerangaké apa maknané. Yèn ora bisa, kowé mesthi bakal dikethok-kethok sarta omahmu bakal padha didadèkaké jugrugan.

6Nanging yèn kowé bisa nyaosi pirsa apa impènku mau lan nerangaké maknané, kowé bakal dakparingi ganjaran lan kaurmatan gedhé. Saiki critakna impènku lan terangna maknané!"

7Unjuké wong-wong mau, "Dhuh Sang Prabu, mugi kersa ngandikakaken supena panjenengan, mangké kawula sami badhé ngunjukaken uninga maknanipun."

8Mireng unjuké wong-wong mau, Sang Prabu ngandika, "Aku wis ngira yèn kowé padha arep ngulur wektu; kowé wis padha krungu putusanku.

9Kowé kabèh bakal nampa paukuman kaya mengkono yèn ora bisa ngunjukaké uninga apa sing dakimpèkaké. Kowé wis padha nganakaké sarujukan ing antaramu arep ngapusi aku, kanthi pengarep-arep putusanku bakal béda. Matura waé aku ngimpi apa lan apa tegesé!"

10Unjuk wangsulané para abdi mau, "Mboten wonten tiyang setunggal kémawon ing salumahing bumi, ingkang saged ngunjuki uninga bab pamundhutipun Sang Prabu. Mboten wonten ratu, senajan ingkang agung piyambak pangwaosipun mundhut ingkang kados mekaten menika dhateng para abdinipun tukang ngramal, ahli nujum tuwin ahli sihir.

11Pamundhutipun Sang Prabu menika saklangkung awrat ngantos mboten badhé wonten tiyang ingkang saged minangkani, kejawi para déwa, mangka menika mboten dedalem ing satengahing manungsa."

12Mireng unjuké wong-wong mau Sang Prabu duka banget lan dhawuh matèni para penaséhaté kraton Babil kabèh.

13Sarèhné dhawuh mau katujokaké marang sakèhé para penaséhat kraton, dadi iya klebu Dhanièl lan kanca-kancané.

14Dhanièl banjur nemoni Ariokh, penggedhéné pengawalé kraton, sing kadhawuhan nindakaké putusané Sang Prabu. Kalawan ngati-ati Dhanièl nyuwun pirsa,

15yagéné Sang Prabu paring dhawuh sing semono kerasé. Mulané Ariokh banjur nyritakaké marang Dhanièl sebab musababé kedadéan mau.

16Sanalika Dhanièl nyuwun palilah séba ing ngarsané Sang Prabu lan iya diparingi wektu longgar supaya bisa ngaturi pirsa apa tegesé impèné Sang Prabu mau.

17Dhanièl banjur mulih lan ngandhakaké bab mau kabèh karo kanca-kancané, yakuwi Hananya, Misaèl lan Azarya.

18Padha dikon nyenyuwun sih-piwelas marang Allah ing swarga supaya kersa paring ketrangan bab impèné Sang Prabu, supaya padha ora dipatèni bareng karo para penaséhaté kraton ing Babil.

19Benginé Dhanièl diparingi weruh déning Allah bab tegesé wewadi mau ana ing sajroning tetingalan. Mulané Dhanièl banjur memuji marang Allah ing swarga mengkéné,

20"Allah kuwi Mahawicaksana lan Mahakwasa! Kaluhurna asmané ing selawasé.

21Panjenengané ngwaosi sakèhé wektu lan mangsa; Panjenengané sing njumenengaké lan nglèngsèr para ratu; Panjenengané uga sing paring kawicaksanan, lan paring pangertèn.

22Panjenengané sing ngudhari prekara-prekara sing jero lan winadi; Panjenengané sing pirsa prekara-prekara sing ketutupan déning pepeteng, merga Panjenengané piyambak kuwi pepadhang.

23Dhuh Allahipun para leluhur kawula, Paduka kawula luhuraken lan kawula puji, awit Paduka sampun paring kawicaksanan lan karosan dhateng kawula; inggih sampun miyarsakaken dhateng pandonga kawula, mila kawula badhé sami saged ngaturaken wangsulan dhateng Sang Prabu."

24Dhanièl banjur nemoni Ariokh, sing kapasrahan matèni para penaséhaté kraton kabèh. Aturé Dhanièl marang Ariokh, "Para penaséhat menika sampun ngantos panjenengan pejahi. Panjenengan kula aturi nyowanaken kula ing ngarsanipun Sang Prabu, mangké kula badhé ngaturi ketrangan bab tegesipun impèn menika."

25Dhanièl banjur disowanaké Sang Prabu Nebukadnésar karo matur mengkéné, "Kula manggih tiyang ing antawisipun para tiyang bucalan saking tanah Yahudi, ingkang saged ngaturaken supenanipun Sang Prabu lan menapa tegesipun supena wau."

26Pangandikané Sang Prabu marang Dhanièl (sing iya karan Bèltsazar), "Apa bener kowé bisa ngaturi uninga marang aku apa sing dakdeleng ing impènku lan nerangaké apa tegesé?"

27Atur wangsulané Dhanièl, "Dhuh Sang Prabu, mboten wonten ahli ngèlmu, dhukun, tukang ngramal lan ahli nujum ingkang saged ngaturi uninga dhateng Panjenenganipun Sang Prabu bab prekawis menika.

28Nanging wonten Allah ing swarga ingkang mbikak prekawis-prekawis ingkang winados. Inggih Allah menika ingkang paring pirsa dhateng Panjenenganipun Sang Prabu bab menapa ingkang mbénjing badhé kelampahan. Samenika keparenga kula ngaturi pirsa supena ingkang Panjenengan pirsani ing salebetipun saré.

29Nalika saré Sang Prabu supena bab menapa ingkang mbénjing badhé kelampahan. Pangéran ingkang mbikak prekawis-prekawis ingkang winados kersa paring uninga dhateng Panjenengan.

30Prekawis ingkang winados wau sampun kawedharaken dhateng kula, mboten margi kula langkung wicaksana tinimbang tiyang-tiyang sanèsipun, nanging supados Sang Prabu pirsa tegesipun supena menika, sarta prekawis-prekawis ingkang tuwuh wonten ing penggalihipun Sang Prabu.

31Dhuh Sang Prabu, wonten ing supena menika Sang Prabu jumeneng ing sangajengipun reca ingkang ageng sanget, rupinipun mencorong ngédab-édabi.

32Reca wau sirahipun kadamel saking emas murni; dhadha lan lengenipun saking slaka, weteng lan lambungipun saking tembaga;

33pupunipun saking tosan, lan sukunipun sapérangan saking tosan lan sapérangan saking lempung.

34Nalika Sang Prabu taksih jumeneng mirsani reca wau, wonten séla ageng tanpa kagepok déning tanganing tiyang, mlesat ndhawahi sukunipun reca wau, suku wau ngantos remuk.

35Sanalika tosan, lempung, tembaga, slaka lan emas ing reca wau ajur-mumur kados awu ingkang wonten ing papan patuton ing mangsa bentèr. Tumunten kabur ing angin, ngantos tilas-tilasipun mboten ketingal malih. Nanging séla ingkang ngremuk reca wau saya dangu saya mindhak ageng ngantos dados redi ngebaki salumahing bumi.

36Kados mekaten supena menika. Samenika keparenga kula ngunjukaken ketrangan menapa tegesipun.

37Dhuh Sang Prabu, paduka menika ratu ingkang agung piyambak ing antawisipun para ratu. Allah ing swarga sampun paring dhateng panjenengan pangwaos ageng, kasantosan lan kaurmatan.

38Panjenengan ngerèh para manungsa ingkang manggèn ing salumahing bumi, mekaten ugi ngerèh sakathahing kéwan lan peksi. Inggih Panjenengan menika ingkang kaibarataken sirah emas ing reca menika.

39Sapengker Panjenengan badhé madeg kraton malih, ingkang mboten ageng kados kraton Panjenengan, sesampunipun menika badhé madeg kraton ingkang kaping tiga, kraton ingkang kaibarataken tembaga, ingkang ngratoni salumahing bumi ugi.

40Sesampunipun menika lajeng badhé wonten kraton ingkang kaping sekawan, ingkang rosanipun kados tosan, ingkang ngremuk samukawis menika, kraton wau badhé ngremuk lan nggiles kraton-kraton ingkang madeg sadèrèngipun.

41Panjenengan inggih pirsa, bilih pupu lan sukunipun reca menika sapérangan saking tosan lan sapérangan saking lempung. Menika ateges nglebetipun pecah. Saking njawi ketingalipun sentosa kados tosan, margi ing nglebet pancèn wonten tosanipun ingkang kacampur kaliyan lempung.

42Drijinipun suku sapérangan wonten ingkang saking tosan, sapérangan malih saking lempung, menika tegesipun kraton wau sapérangan kiyat, nanging sapérangan malih ringkih.

43Panjenengan inggih pirsa, bilih tosan menika kacampur kaliyan lempung. Menika tegesipun, bilih para raja ing kraton wau sami nyobi nyatunggilaken para kulawarganipun srana sesémahan, nanging gagal, kados déné tosan lan lempung mboten saged kacampur dados setunggal.

44Ing jamanipun para ratu wau Allah ing swarga badhé ngedegaken kraton ingkang langgeng. Ingkang selaminipun mboten badhé saged katelukaken, malah Panjenenganipun badhé numpes kraton-kraton sanèsipun sedaya, lajeng madeg lestantun ing selaminipun.

45Panjenengan pirsa bilih wonten séla ingkang mlesat tanpa kagepok déning tanganing manungsa lan kadospundi séla wau nrejang reca ingkang kayasa saking lempung, tosan, tembaga, slaka lan emas? Menika tegesipun bilih Allah Ingkang Mahaluhur paring sumerep dhateng Panjenengan menapa ingkang mbénjing badhé kelampahan. Kula sampun ngunjukaken pirsa menapa ingkang mbénjing badhé kelampahan. Kula sampun ngunjukaken pirsa menapa ingkang Panjenengan pirsani ing salebeting supena, mekaten ugi sampun ngunjukaken menapa tegesipun sedaya."

46Sang Prabu Nebukadnésar sujud nyembah marang Dhanièl sarta paring dhawuh supaya gawé kurban kanggo Dhanièl.

47Pangandikané Sang Prabu, "Allahmu kuwi pinunjul dhéwé ing antarané para allah. Panjenengané kuwi ratuning para ratu, sing mbikak prekara-prekara winadi. Aku yakin temenan, merga kowé wis bisa ngerti lan nerangaké wewadiné impènku."

48Dhanièl banjur kadadèkaké pegawé sing dhuwur pangkaté, lan kaganjar rupa-rupa kang éndah-éndah. Dhanièl diangkat dadi gubernur propinsi Babil, lan didadèkaké penggedhéné para penaséhaté kraton.

49Dhanièl nyuwun marang Sang Prabu supaya Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo kapasrahan ngurusi pepréntahan ing propinsi Babil mau; déné Dhanièl dhéwé tetep manggon ana ing kratoné Sang Prabu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Daniel 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel