Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 5 >> 

1Ing sawijining bengi Sang Prabu Bèlsyazar ngulemi para priyagung sèwu diajak kembul bujana ana ing kraton. Ana ing kono padha ngunjuk anggur bebarengan.

2Nalika lagi padha ngunjuk Sang Prabu Bèlsyazar dhawuh nggawa mlebu tuwung-tuwung saka emas lan slaka sing biyèn kaasta déning Sang Prabu Nebukadnésar, ramané, saka Pedalemané Allah ing Yérusalèm. Enggoné utusan njupuk tuwung-tuwung kuwi supaya panjenengané, para luhur, garwa-garwané lan selir-seliré bisa padha ngunjuk nganggo tuwung mau.

3Tuwung-tuwungé banjur digawa mrono, sarta kabèh nuli padha ngunjuk anggur nganggo tuwung-tuwung kuwi.

4Sajroné padha ngunjuk anggur karo memuji déwa-déwa emas lan slaka, tembaga sarta wesi apa déné kayu lan watu.

5Dumadakan katon kaya tanganing manungsa nulis ana ing témboké kedhaton sing kasorotan déning lampu-lampu sing padhang banget. Sang Prabu pirsa tangan sing lagi nulis,

6pasuryané banjur dadi pucet lan saka wediné sampéyané ngoplok.

7Banjur dhawuh kanthi sora utusan nekakaké para ahli sihir, ahli tenung lan ahli pelintangan. Bareng wis padha kasowanaké Sang Prabu, banjur dingandikani, "Sapa waé sing bisa maca tulisan kuwi lan nerangaké apa tegesé bakal dienggoni jubah keprabon wungu, dikalungi ranté emas, sarta kaparingan pangwasa dadi wong katelu ana ing kratonku."

8Para penaséhaté kraton mau banjur padha maju, nanging siji waé ora ana sing bisa maca tulisané utawa ngaturaké apa tegesé.

9Sang Prabu Bèlsyazar penggalihé saya semplah, sarta banjur dadi saya pucet, lan para penggedhé ora ngerti apa sing kudu ditindakaké.

10Ibuné Sang Prabu bareng mireng banjur mlebet ing papaning bujana, sarta ngandika, "Sang Prabu lestaria sugeng ing selawasé! Aja kuwatir lan aja dadi pucet.

11Ing kraton kéné ana wong sing kadunungan rohing para déwa suci. Nalika kang rama jumeneng raja, wong mau ketitik enggoné wasis, duwé kawruh, lan wicaksana. Lan Sang Prabu Nebukadnésar, kang rama wis misudha wong mau dadi penggedhéné para sarjana, para nujum, para juru tenung lan para ahli pelintangan.

12Wong kuwi ampuh, wasis lan pinter nerangaké impèn, ngudhari prekara-prekara sing ruwed, sarta ngungkap prekara-prekara sing winadi. Jenengé Dhanièl, sing iya karan Bèltsazar, dhawuha nggolèki. Wong mau bakal bisa nerangaké apa tegesé kuwi kabèh."

13Sanalika Dhanièl disowanaké ing ngarsané Sang Prabu. Sang Prabu banjur ngandika marang Dhanièl, "Apa kowé kuwi Dhanièl, wong Yahudi sing kaboyong mréné saka Yéhuda déning ramaku?

14Aku krungu yèn kowé kadunungan rohing para déwa suci, lan kowé wong wasis kaparingan kawruh lan kawicaksanan.

15Para wong wicaksana lan para ahli ngèlmu wis padha kasowanaké mréné supaya maca lan nerangaké tegesé tulisan iki marang aku, nanging padha ora bisa.

16Aku krungu yèn kowé ngerti prekara sing samar sarta bisa nerangaké prekara-prekara sing winadi. Yèn kowé bisa maca tulisan kuwi lan ngaturaké uninga marang aku apa tegesé, kowé bakal dienggoni jubah keprabon wungu, dikalungi ranté emas lan kawisudha dadi wong katelu sing nyekel pangwasa ana ing kraton."

17Unjuké Dhanièl, "Ganjaranipun Sang Prabu kagema Sang Prabu piyambak, utawi kaparingna tiyang sanès, kawula badhé maosaken kagem Paduka menapa ingkang kaserat sarta ngaturi pirsa menapa tegesipun.

18Gusti Allah Ingkang Mahakwasa sampun njumenengaken kang rama, Sang Prabu Nebukadnésar dados ratu agung, kanthi kaparingan pangwaos lan kamulyan.

19Kawibawanipun semanten agengipun ngantos tiyang sedaya, bangsa-bangsa menapa kémawon basanipun sami ajrih saha gemeter wonten ing ngarsanipun. Sinten ingkang dipun kersakaken pejah, dipun pejahi. Sinten ingkang dipun kersakaken gesang, dipun gesangi. Panjenenganipun paring kaluhuran dhateng ingkang dipun kersakaken, lan nglorod sinten ingkang dipun kersakaken.

20Nanging sarèhné panjenenganipun gemunggung, wangkot lan ambek siya mila lajeng kalèngsèr saking dhamparipun sarta kécalan kalenggahanipun ingkang luhur wau.

21Panjenenganipun lajeng kasingkiraken saking jagading manungsa, sarta budinipun dados kados budinipun kéwan. Panjenenganipun lajeng awor kaliyan kuldi wana, dhahar rumput kados lembu sarta saré ing ara-ara, ngantos teles déning ebuning langit. Ngantos panjenenganipun ngakeni, bilih Gusti Allah Ingkang Mahaluhur menika ngwaosi kratoning manungsa sarta saged maringaken dhateng soksintena ingkang dipun kersakaken.

22Nanging paduka, putranipun, mboten andhap-asor, senajan paduka nguningani menika sedaya.

23Paduka sampun ngrèmèhaken dhateng Allah ing swarga margi dhawuh nganggé pirantosing Pedalemanipun Allah, inggih menika tuwung lan cangkir kagem ngunjuk anggur para pengageng, para garwa saha para selir kalayan memuji dhateng déwa-déwa ingkang kadamel saking emas, slaka, tembaga, tosan, kajeng lan séla, inggih déwa-déwa ingkang mboten saged ningali, mireng, menapa malih ngertos menapa-menapa. Paduka mboten ngluhuraken Gusti Allah ingkang nemtokaken pejah gesangipun manungsa, sarta mirsani tindak-tanduk paduka.

24Inggih awit saking menika Gusti Allah lajeng ngutus tangan ingkang nyerat seratan menika wonten ing témbok.

25Seratan menika ungelipun mekaten: ‘Mené, mené, tekèl, ufarsin’.

26Mené, (étang, cacah) tegesipun: wekdal pepréntahan paduka sampun kaétang déning Gusti Allah sarta dipun pungkasi.

27Tekèl (timbangan), tegesipun: paduka sampun dipun timbang mawi timbangan, mangka pinanggih kènthèngen.

28Ufarsin (dipun bagi), tegesipun: kratonipun Sang Prabu badhé kabagi lan kaparingaken dhateng bangsa Médi lan bangsa Pèrsia."

29Sanalika Sang Prabu Bèlsyazar dhawuh ngenggoni Dhanièl jubah keprabon wungu lan ngalungaké ranté emas ing guluné. Dhanièl kawisudha ing kalenggahan kang nyekel pangwasa katelu ing kraton Babil.

30Ing bengi kuwi uga Sang Prabu Bèlsyazar, ratuné wong Babil, kasédanan.

31(6-1)sang Prabu Dharius, raja Médi sing yuswa 62 taun nggentèni jumeneng raja.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Daniel 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel