Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 8 >> 

1Ing taun kateluné pepréntahané Sang Prabu Bèlsyazar, aku nampa wahyu sing kapindho.

2Ing wahyu mau aku jebul ana ing kutha Susan sing dikubengi bètèng, dunungé ana ing propinsi Élam. Aku ngadeg ana ing sapinggiring Kali Ulai.

3Ing kono aku weruh ana wedhus gèmbèl lanang ngadeg ing sapinggiring kali. Wedhus mau sunguné loro dawa-dawa, sungu sing siji luwih dawa lan luwih enom ketimbang karo sijiné.

4Aku ndeleng wedhus gèmbèl mau mbijig mengulon, mengalor, lan mengidul. Ora ana kéwan siji-sijia sing bisa ngendheg tumindaké wedhus mau utawa ngéndhani. Wedhus mau tumindak sekarep-karep lan dadi gemedhé.

5Sajroné nyawang karo gumun lan kepéngin ngerti tegesé kuwi mau, dumadakan ana wedhus bérok lanang mlayu banter banget saka Kulon, saka banteré playuné nganti tracaké presasat ora ngambah lemah. Ing selaning matané ana sunguné siji.

6Wedhus mau nuli nyrudug wedhus gèmbèl lanang sing ngadeg ing sapinggiring kali; enggoné nyrudug sekatogé karosané.

7Aku ngawasaké. Saka nepsuné wedhus gèmbèl lanang mau disundhang nganti sunguné loro pisan tugel. Wedhusé gèmbèl lanang ora duwé kekuwatan kanggo nanggulangi. Malah dibanting lan diidak-idak déning wedhus bérok, mangka ora ana sing bisa mitulungi wedhus gèmbèl mau.

8Wedhus bérok mau enggoné gemedhé saya ndadi, nanging bareng wis tekan pucuking pangwasané sunguné tugel. Minangka gantiné banjur thukul sungu anyar gedhé cacahé papat, saben sungu madhep kéblat séjé.

9Sungu mau ana siji sing kethukulan sungu cilik, sing banjur dadi gedhé banget. Thukulé mengidul, mengétan lan madhep marang Tanah Prejanjian.

10Sungu mau dadi rosa banget nganti wani nyerang tentara swarga, malah uga lintang-lintang, nganti ana lintang sing tiba ing bumi, banjur diidak-idak.

11Wedhusé malah nantang Allah, Ratuning tentara swarga, sarta nglarang wong nyaosaké kurban pedinan marang Panjenengané sarta najisaké Pedalemané Allah.

12Ana ing Pedaleman kono wong ora padha nyaosaké kurban, nanging malah padha gawé dosa, sarta ngabekti marang allah sing sabeneré kudu kabuwang kaya larahan ana ing lemah. Apa waé sing ditindakaké déning sungu mau dadi.

13Aku banjur krungu ana malaékat sing takon karo kancané, "Nganti pira lawasé tumindaké prekara-prekara sing katon ing wahyu iki? Nganti pira lawasé dosa sing njijiki kuwi ngganti kurban pedinan? Nganti pira lawasé tentara swarga diidak-idak lan Pedalemané Allah kuwi dijag-jag?"

14Aku krungu malaékat sijiné mangsuli, "Lawasé nganti 1.150 dina, sawisé kuwi ing Pedalemané Allah bakal kacaosaké kurban soré lan ésuk menèh. Pedalemané Allah bakal pulih kaya sing uwis-uwis."

15Sajroné aku ngudi supaya ngerti maknané wahyu mau, dumadakan ana wong ngadeg ana ing ngarepku.

16Aku krungu ana swara saka Kali Ulai muni mengkéné, "Gabrièl, terangna tegesé wahyu sing dideleng kuwi."

17Gabrièl banjur teka lan ngadeg jèjèr aku, lan saka wediku aku nganti ambruk ing lemah. Pangandikané Gabrièl marang aku, "Hé manungsa sing apes, ngertia yèn wahyu mau kanggo ing jaman wekasan!"

18Sajroné Gabrièl isih ngandika, aku ambruk ing lemah semaput. Nanging aku dicekel lan didegaké menèh,

19karo ngandika, "Kowé dakkandhani apa sing bakal kelakon merga saka paukumané Allah ing wekasané jaman.

20Wedhus gèmbèl lanang sing kokdeleng lan sunguné loro mau ibaraté kraton Médi lan Pèrsia.

21Déné wedhus bérok lanang mrelambangi kraton Yunani. Sungu siji sing gedhé ing selaning matané kuwi raja sing kawitan.

22Déné sungu papat sing thukul nalika sungu sing kawitan tugel, kuwi nerangaké yèn kraton Yunani mau bakal pecah dadi papat. Papat-papaté ora ana sing pangwasané ngungkuli kraton sing kapisan.

23Ngadhepaké ambruké kraton papat mau piala wis tekan pucaké nganti kudu diukum. Ing kono bakal jumedhul ratu sing wangkot atiné, ambek siya lan dhemen ngapusi.

24Ratu mau bakal olèh pangwasa gedhé, nanging ora saka kekuwatané dhéwé. Ratu mau bakal nekakaké karusakan gedhé lan apa sing ditandangi olèh gawé. Bakal nekakaké karusakan marang para penggedhé lan marang para umat kagungané Allah.

25Merga saka juligé raja mau, nganti apa waé sing dikersakaké bisa kelakon. Raja mau bakal dadi gemunggung sarta matèni wong akèh tanpa dipriksa. Nanging wekasané raja mau bakal katumpes, tanpa migunakaké tangané manungsa.

26Wahyu bab kurban soré lan kurban ésuk sing wis katerangaké marang kowé mau kabèh bakal kelakon temenan. Nanging wewadi iki enggonen dhéwé, sebab kelakoné isih suwé banget."

27Atiku sedhih lan awakku lara kabèh nganti sawetara dina lawasé. Aku banjur tangi lan wiwit nyambut-gawé menèh kanggo Sang Prabu, nanging atiku geter merga saka wahyu mau lan ora ngerti apa karepé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Daniel 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel