Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Efesus 5 >> 

1Sarèhné kowé kuwi padha dadi putraning Allah sing kinasih, kowé kudu padha ngudi urip kaya Panjenengané.

2Uripmu kudu dikwasani déning katresnan, kaya déné Sang Kristus enggoné wis ngasihi kita lan masrahaké nyawané kanggo kita, minangka sesaosan lan korban sing gawé renané Gusti Allah.

3Sarèhné kowé wis padha dadi umaté Gusti Allah, mulané nyingkirana laku jina, pamblunthah lan karem bandha, malah kokgunem waé aja.

4Semono uga aja padha ngucapaké tembung sing saru, sing sembrana lan aja misuh. Aluwung padha saosa sukur marang Gusti Allah.

5Kena dipesthèkaké, yèn wong laku jina, mblunthah utawa karem bandha (karem bandha kuwi padha karo nyembah brahala), ora bakal ngrasakaké dadi umat ing Kratoné Sang Kristus lan Gusti Allah.

6Kowé aja nganti kena diapusi déning apa waé nganggo tembung-tembung sing kothong. Iya merga prekara-prekara sing mengkono mau bebenduné Gusti Allah nempuh wong-wong sing ora padha mbangun-turut marang Panjenengané.

7Wong-wong sing kaya mengkono kuwi aja koksrawungi.

8Kowé dhéwé biyèn padha ana ing pepeteng, nanging saiki, sarèhné wis dadi umaté Gusti Allah, kowé padha ana ing pepadhang. Mulané uripmu dikaya wong-wong sing kadunungan pepadhang.

9Awit iya pepadhang mau sing ngetokaké woh werna-werna arupa kabecikan, kajujuran, kayektèn.

10Padha sinaua nitèni apa sing gawé renaning penggalihé Gusti Allah.

11Aja mèlu-mèlu karo penggawéné wong-wong sing urip ana ing pepeteng. Malah penggawé-penggawé sing mengkono iku padha welèhna.

12(Nggunem prekara-prekara sing ditindakaké déningwong-wong mau ana ing dhelikan, kuwi waé wis saru.)

13Menawa samubarang kabèh wis kawiyak, penggawéné wong-wong mau sing sanyatané, uga bakal kawiyak.

14Awit samubarang bakal diwedharaké miturut kaanan sing sanyatané. Mulané ana tulisan: "Wong sing turu, padha melèka, lan padha tangia saka ing pati, temahan Sang Kristus bakal madhangi kowé!"

15Mulané uripmu sing padha ngati-ati. Aja kaya wong bodho, nanging dikaya wong sing wicaksana.

16Wektumu tanjakna sing becik, sebab jaman iki jaman ala.

17Aja padha tanpa budi, nanging padha ngudia nyumurupi apa sing dadi kersané Gusti Allah tumrap ing kowé.

18Aja padha seneng mendem minuman keras; kuwi mung bakal ngrusak uripmu. Aluwung padha penuha ing Roh Suci.

19Padha memujia nganggo masmur, rerepèn lan kidung kasukman. Padha ngrepèkna kidung lan masmur kagem Gusti Allah lan memujia asmané ana ing sajroning atimu.

20Tansah padha saosa sukur marang Gusti Allah, Sang Rama, tumrap samubarang, ing Asmané Gusti kita Yésus Kristus.

21Padha sumuyuda siji lan sijiné minangka pangabektimu marang Sang Kristus.

22Wong wadon, kowé padha manuta marang somahmu, kaya enggonmu manut marang Gusti.

23Awit wong lanang kuwi sesirahé wong wadon, kaya déné Sang Kristus kuwi sesirahé pasamuwan, lan pasamuwan sing dadi sarirané.

24Mulané wong wadon kudu manut karo sing lanang, kaya déné pasamuwan enggoné manut marang Sang Kristus.

25Wong lanang, kowé padha nresnanana somahmu padha karo Sang Kristus enggoné nresnani pasamuwan, lan ngurbanaké sugengé kanggo pasamuwan.

26Srana mengkono Sang Kristus nyaosaké pasamuwan marang Gusti Allah, srana piwulangé, sawisé pasamuwan mau karesikaké srana baptisan nganggo banyu.

27Kersané, supaya pasamuwan mau dadia éndah, suci lan sampurna, tanpa blentong, ora pingget utawa cacad liya-liyané, sumaos ing Panjenengané piyambak.

28Wong lanang kudu nresnani somahé, padha kaya enggoné nresnani awaké dhéwé. Wong lanang sing nresnani somahé kuwi nresnani awaké dhéwé.

29(Ora ana wong sing sengit marang awaké dhéwé. Malahbadané mau diwènèhi mangan lan dirumati, padha kaya Sang Kristus enggoné ngrumati marang pasamuwan.

30AWit kita iki padha dadi péranganing sarirané.)

31Kaya surasané Kitab Suci: "Mulané wong lanang bakal ninggal bapa lan biyungé, dadi siji karo bojoné, sekaroné bakal padha dadi daging siji."

32Pangandika kuwi ngandhut wewadi gedhé, lan pancèn ana gegayutané karo Sang Kristus lan pasamuwané.

33Nanging iya ana gegayutané karo kowé; yakuwi saben wong lanang kudu nresnani somahé kaya enggoné nresnani awaké dhéwé, lan saben wong wadon kudu ngajèni marang sing lanang.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Efesus 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel