Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 10 >> 

1Raja Akhaswéros nganakaké kerja-paksa sing kudu ditindakaké déning rakyat, ora mung sing manggon ing pesisir, nanging uga sing padha manggon ing daérah-daérah pedalaman.

2Hasilé Sang Prabu sing gedhé lan ngédab-édabi, semono uga crita bab enggoné ngangkat Mordekhai dadi punggawa sing dhuwur pangkaté, kabèh ditulis ana ing Kitab Sejarahé Raja-raja Pèrsia lan Média.

3Mordekhai, wong Yahudi kuwi tetep enggoné dadi punggawa luhur sangisoré Raja Akhaswéros piyambak. Mordekhai diurmati lan ditresnani déning bangsané. Dhèwèké mbudidaya kanggo keslametan lan karaharjané bangsané lan anak-turuné.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ester 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel