Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 5 >> 

1Bareng enggoné pasa nyandhak telung dina, Èster banjur nganggo sandhangan ratu, lunga menyang petamanan kraton sisih njero. Sang Prabu lagi pinarak ing dhampar ngadhepaké lawang.

2Bareng pirsa Èster ana ing njaba, Sang Prabu runtuh welasé, mulané banjur ngathungaké tekené emas marang Èster. Èster nuli maju ndumuk pucuké teken mau.

3Sang Prabu banjur ndangu, "Pramèswariku, ana apa? Kepéngin apa? Matura! Senajan sing koksuwun separoné kratonku, iya bakal dakleksanani!"

4Atur wangsulané Èster, "Menawi Sang Prabu dhangan ing penggalih, kersaa Sang Prabu lan Haman rawuh ing bujana ingkang badhé kula wontenaken kagem Sang Prabu."

5Sang Prabu utusan nimbali Haman supaya énggal teka, ngleksanani ulemané Èster. Nuli padha rawuh ing bujanané Èster.

6Bareng ngunjuk anggur Sang Prabu ndangu, "Saiki matura, apa sing kokkarepaké? Apa waé sing koksuwun bakal dakparingaké, senajan nganti separoné kratonku pisan!"

7Atur wangsulané Èster,

8"Menawi dhangan ing penggalih mugi Sang Prabu lan Haman mbénjing-énjing sonten kersa rawuh malih ing bujana kula. Wonten ing ngriku mangké kula badhé ngaturaken menapa ingkang dados panyuwun kula."

9Bali saka bujanané Ratu Èster Haman atiné bungah banget. Nanging bareng lakuné tekan gapuraning kedhaton Haman weruh Mordekhai. Mordekhai ora ngadeg lan mbungkuk ngurmati. Mulané Haman nepsu banget,

10nanging nepsuné mau diampet nganti tekan omah. Bareng wis tekan omah, Haman banjur ngundang kanca-kancané, semono uga Zèrès, bojoné, diajak lungguhan.

11Haman banjur umuk lan nyritakaké kasugihané, anak-anaké lanang, pangkat dhuwur sing diparingaké Sang Prabu marang dhèwèké, semono uga bab drajaté sing ngungkuli para punggawa liyané.

12Malah banjur muni mengkéné, "Tekan Ratu Èster pisan nalika nganakaké bujana, sing diaturi mung Sang Prabu lan aku dhéwé. Sésuk bengi aku diulemi menèh.

13Éwasemono kuwi kabèh ora ana tegesé selawasé aku ndeleng Mordekhai lungguh ing gapuraning kedhaton."

14Krungu sing mengkono mau bojoné lan kanca-kancané kabèh banjur ngusulaké mengkéné, "Akona gawé cagak kanggo nggantung, sing dhuwuré rong puluh mèter. Banjur sésuk-ésuk kowé nyuwuna idin marang Sang Prabu nggantung Mordekhai ing cagak mau. Srana mengkono kowé sésuk bisa nekani bujana kuwi kanthi ati lega." Usul mau miturut Haman becik banget, mulané énggal-énggal préntah wong gawé cagak gantungan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ester 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel