Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 6 >> 

1Kecrita bengi kuwi Sang Prabu ora bisa saré. Mulané utusan njupuk buku cathetan sejarahé kraton lan dhawuh macakaké.

2Ing kono dicritakaké yèn Mordekhai nglapuraké ana komplotan arep nyédani Sang Prabu. Sing sarembug mau Bigtan lan Tèrès, loro-loroné abdi sing njaga kamaré Sang Prabu.

3Sang Prabu ndangu, "Apa Mordekhai wis diurmati lan apa sing wis diparingaké kanggo males lelabuhané?" Aturé abdi kang kadangu, "Tiyang menika mboten angsal menapa-menapa."

4Sang Prabu ndangu menèh, "Sapa sing saiki ana ing plataran?" Dumadakan Haman mlebu ing plataran kedhaton. Karepé arep nyuwun idin marang Sang Prabu enggoné arep nggantung Mordekhai ing gantungan sing wis didegaké.

5Para abdi padha matur marang Sang Prabu, "Menika Haman wonten, badhé sowan Sang Prabu." Dhawuhé Sang Prabu, "Konen mlebu."

6Bareng Haman wis mlebu banjur didangu, "Ana wong sing arep dakurmati gedhèn. Apa sing kudu daktindakaké kanggo wong kuwi?" Haman mikir, "Sapa menèh sing arep diparingi pakurmatan gedhèn déning Sang Prabu kejaba aku!"

7(6:7-8) Mulané banjur ngaturi wangsulan mengkéné, "Tiyang menika dipun anggènana penganggé ingkang limrahipun dipun agem déning Sang Prabu piyambak. Lajeng kapal titihanipun Sang Prabu dipun pacaki mawi hiasan keprabon.

8(6:7)

9Lajeng wontena piyantun luhur ingkang nganggèkaken ageman wau dhateng tiyangipun, sarta ngarak tiyang wau kalayan numpak kapal mubeng kitha. Priyantun luhur wau tindaka ing ngajengipun tiyang wau kaliyan mungel sora, ‘Mengkéné carané Sang Prabu ngurmati lan paring piwales marang wong sing nglabeti panjenengané!’"

10Dhawuhé Sang Prabu marang Haman, "Wis énggal, njupuka ageman lan jaran titihanku lan tandha-tandha kaurmatan wènèhna marang Mordekhai, wong Yahudi kuwi. Tindakna kaya aturmu mau, aja ana sing kliwatan siji waé. Wong mau paranana, wong kuwi saiki lungguh ana ing gapurané kedhaton."

11Haman banjur njupuk ageman lan jaran sarta nganggokaké ageman mau marang Mordekhai. Sawisé ditunggangaké jaran, Mordekhai banjur diarak déning Haman menyang alun-alun karo muni sora, "Delengen, mengkéné carané Sang Prabu ngurmati lan ngganjar wong sing nglabeti panjenengané!"

12Mordekhai banjur bali lungguh ing gapuraning kedhaton menèh. Nanging Haman énggal-énggal mulih ing omahé. Haman ora mandheg temolèh, merga saka isiné, mulané rainé ditutupi.

13Bojoné lan kanca-kancané dicritani lelakon sing mentas dialami. Bojoné lan kanca-kancané sing wicaksana padha muni mengkéné, "Saiki kowé wis wiwit kalah karo Mordekhai. Wong kuwi wong Yahudi; kowé ora bakal bisa menang karo dhèwèké. Kowé mesthi kalah."

14Nalika isih padha omong-omong karo Haman mau para abdi kedhaton padha teka methuk Haman, supaya énggal-énggal mangkat menyang bujanané Ratu Èster.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ester 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel