Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 9 >> 

1Kecrita nalika tanggal telulas sasi Adar, yakuwi dina sing ditetepaké kanggo nindakaké préntahé Sang Prabu ing ngatasé wong Yahudi, dina kuwi wis dianti-anti déning para satruné wong Yahudi sing arep numpes bangsa mau. Nanging dadiné kosok balèn; wong-wong mau malah ditumpes déning wong Yahudi.

2Wong-wong Yahudi ing saben kutha padha nglumpuk lan nyerang kabèh wong sing duwé niyat ala marang wong Yahudi. Bangsa endi-endi padha geter, nganti ora ana wong siji waé sing wani ngadhepi wong Yahudi.

3Malah para penggedhéné propinsi, para gubernur, bupati lan para punggawa negara kabèh padha ngréwangi wong Yahudi, merga kabèh padha wedi marang Mordekhai.

4Sanegara kabèh padha ngerti yèn Mordekhai kuwi gedhé pengaruhé ing kedhaton lan pangwasané saya gedhé.

5Mulané wong Yahudi bisa tumindak sakarepé marang satru-satruné. Satruné padha diserang nganggo pedhang lan dipatèni.

6Ing Susan, ibu kota Pèrsia mau, wong Yahudi matèni wong limang atus.

7(9:7-10) Ing antarané wong sing dipatèni mau sepuluh anak-anaké Haman bin Hamadata, satruné wong Yahudi sing gedhé dhéwé. Yakuwi: Parsandata, Dalfon, Aspata, Porata, Adalya, Aridata, Parmasta, Arisai, Aridai lan Waizata. Nanging wong Yahudi ora njarah-rayah barangé mungsuh.

8(9:7)

9(9:7)

10(9:7)

11Ing dina kuwi uga ana sing nglapuraké marang Sang Prabu cacahé wong sing dipatèni ing Susan.

12Pangandikané Sang Prabu marang Èster, "Ing Susan waé wong Yahudi wis matèni wong limang atus, klebu anaké Haman sepuluh. Durung sing ana ing propinsi-propinsi! Embuh apa sing padha ditindakaké ana ing kana! Wis, saiki kowé nyuwun apa menèh. Matura waé, mesthi dakparingi!"

13Atur wangsulané Èster, "Menawi kepareng, mbénjing-énjing tiyang Yahudi kajengipun nglajengaken menapa ingkang sampun sami dipun tindakaken ing dinten menika. Kejawi menika, mugi jisimipun anak-anakipun Haman dipun gantunga ing gantungan."

14Sang Prabu banjur dhawuh supaya panyuwuné Èster mau ditindakaké; layang dikirim menyang kutha Susan, temah jisimé anak-anaké Haman sepuluh digantung.

15Dadiné nalika tanggal patbelas sasi Adar wong Yahudi ing Susan padha nglumpuk menèh lan matèni wong ing kutha kono telung atus engkas. Nanging ing dina kuwi wong Yahudi ora njarah-rayah barang babar-pisan.

16Wong Yahudi sing manggon ing propinsi-propinsi padha nglumpuk saprelu nglawan serangan. Ing dina kuwi satruné padha dikalahaké; wong sing dipatèni cacahé 75.000.

17Kedadéané mau nalika tanggal telulas sasi Adar. Ésuké, tanggal patbelas, wis ora ana wong sing dipatèni. Ing dina kuwi padha nganakaké pésta kabungahan.

18Wong Yahudi sing manggon ing Susan enggoné nganakaké riaya ditibakaké tanggal limalas, merga wis padha matèni mungsuhé dhèk tanggal telulas lan patbelas; enggoné lèrèn tanggal limalas.

19Mulané wong Yahudi sing manggon ing kutha cilik padha bungah-bungah lan pengéling-éling marang kedadéan kuwi ditibakaké tanggal patbelas sasi Adar. Ing dina mau wong kabèh padha nganakaké pésta lan padha kirim-kiriman panganan.

20Sawisé mengkono Mordekhai banjur nyatheti kedadéan mau kabèh sarta kirim layang marang wong Yahudi kabèh sing ana ing negara Pèrsia, iya sing cedhak iya sing adoh.

21Layang mau isi préntah supaya saben taun padha ngriayakaké tanggal patbelas lan limalas sasi Adar.

22Sebab ing dina-dina mau mungsuh-mungsuhé wis padha dikalahaké, temah rasa sedhih lan perih ganti dadi kabungahan lan katentreman. Mulané dina-dina kuwi kudu dipèngeti nganggo pésta lan jagongan sarta awèh sedhekah marang wong miskin.

23Préntahé Mordekhai mau diturut déning wong Yahudi, mula riaya kuwi dadi padatan sing dianakaké saben taun.

24Haman bin Hamedata, tedhaké Agag, mungsuhé wong Yahudi sing gedhé dhéwé, kuwi biyèn nganakaké undhian sing disebut "Purim," kanggo netepaké dina penyembelèhané wong Yahudi. Rancangané Haman arep numpes wong Yahudi kabèh.

25Nanging Èster ngadhep Sang Prabu, lan Sang Prabu ndhawuhaké srana tulisan, sing njalari rancangané Haman sing ala mau ngenani awaké dhéwé, temah dhèwèké lan anak-anaké digantung ing cagak gantungan.

26Mulané dina riaya mau disebut Purim. Layangé Mordekhai lan kabèh sing dialami déning wong Yahudi,

27kuwi njalari wong Yahudi gawé prenatan kanggo awaké dhéwé lan kanggo anak-turuné lan kanggo wong kabèh sing klebu bangsa Yahudi. Manut prenatan mau wong Yahudi saben taun diwajibaké mèngeti dina loro sing ditetepaké déning Mordekhai mau.

28Ana ing kono ditetepaké kanggo ing selawasé, yèn dina-dina Purim kudu diéling-éling lan dimulyakaké déning saben brayat Yahudi, saben taler, gotrah lan kulawarga, ana ing endi waé, ing saben propinsi lan ing saben kutha.

29Kejaba kuwi bareng karo layangé Mordekhai mau Ratu Èster binti Abihail gawé layang sing kapindho, sing surasané nguwataké layangé Mordekhai bab Purim mau.

30Layang mau dikirimaké marang wong Yahudi kabèh, lan turunané dikirim marang propinsi satus pitulikur ing negara Pèrsia. Layang mau dikanthèni pandonga muga-muga bangsa Yahudi tansah kaparingan tentrem rahayu, kalis ing sambékala.

31Layang mau uga ngélingaké supaya wong-wong Yahudi lan anak-turuné padha ngéling-éling dina-dina Purim trep ing dina sing ditetepaké, ora béda karo enggoné padha ngéling-éling wektuné pasa lan wektuné nganakaké petangisan. Mengkono surasané layangé Mordekhai lan Ratu Èster.

32Préntahé Èster sing netepaké prenatan-prenatan Purim, kabèh ditulis ing kitab.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ester 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel