Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ezra 3 >> 

1Nalika nyandhak sasi kapitu wong Israèl wis padha manggon ing kuthané dhéwé-dhéwé. Wong kabèh mau padha nglumpuk ing kutha Yérusalèm.

2Yésua bin Yozadak lan sedulur-seduluré, para imam, lan Zérubabel bin Séaltièl lan sedulur-seduluré banjur padha mbangun mesbèh kagem Allahé Israèl, kanggo saos kurban obongan kaya sing katulis ing kitabé Nabi Musa, abdiné Allah.

3Mesbèh mau didegaké ana ing panggonané lawas, senajan satemené wong-wong sing bali saka pembuwangan mau padha wedi karo wong-wong ing tanah kono. Nuli padha nyaosaké kurban obongan konjuk marang Allah, yakuwi kurban obongan ésuk lan soré.

4Lan iya banjur padha netepi prenatan Riaya Kémah, kaya sing katulis ing Kitab, lan nyaosaké kurban obongan pedinan kaya sing diprenata ing Kitab.

5Lan wiwit dhèk semana dianakaké kurban sing ajeg, kurban obongan saben sasi anyar, lan kurban obongan ing dina riaya sing disucèkaké déning Allah. Uga ana kurban saka saben wong sing nyaosaké pisungsung manasuka konjuk marang Allah.

6Ing sasi kapitu tanggal kapisan wong padha nyaosaké kurban obongan konjuk marang Allah, senajan pondhasiné Pedalemané Allah durung wiwit digarap.

7Wong-wong mau banjur padha awèh dhuwit marang tukang kayu lan tukang batu; wong Tirus, wong Sidon padha diwènèhi pangan lan ngombé sarta lenga, dikon ngirim kayu èrès saka Libanon menyang Yafo metu segara, atas palilahé Korèsy, raja Pèrsia.

8Ing taun kapindho, sasi kapindho satekané saka pembuwangan, Zérubabel bin Séaltièl lan Yésua bin Yozadak sarta sedulur-seduluré liyané, yakuwi para imam lan wong Lèwi, apa déné wong kabèh sing teka saka pembuwangan, banjur padha miwiti mbangun Pedaleman Allah ing Yérusalèm.

9Yésua lan anak-anaké, mengkono uga Kadmièl lan anak-anaké, sarta wong-wong turuné Hénadad sing padha ngawasi penggarapé Pedalemané Allah mau.

10Nalika pondhasiné Pedalemané Allah arep wiwit dipasang déning para tukang, imam-imam nganggo sandhangan dhines padha teka nggawa slomprèt, lan wong-wong Lèwi turuné Asaf nggawa kecèr kanggo memuji marang Allah, miturut prenatané Dawud, raja Israèl.

11Banjur padha menyanyi genti-genti saos puji sokur marang Allah, "Panjenengané mirah ing sih! Awit sih-kamirahané langgeng selawasé tumrap Israèl!" Umat kabèh banjur padha surak-surak karo memuji marang Allah klawan sora, merga pondhasiné Pedalemané Allah wis dipasang.

12Nanging ing antarané para imam, wong-wong Lèwi lan para penggedhéné kulawarga, sarta wong tuwa-tuwa sing isih menangi Pedaleman Allah sing dhisik, bareng ndeleng enggoné masang pondhasiné Pedaleman mau, akèh sing padha nangis. Wong-wong liyané padha surak-surak saka bungahé.

13Nganti ora kena dibédakaké endi swarané wong sing giyak-giyak merga bungah, lan endi swarané tangisé wong akèh, sebab enggoné padha surak-surak seru banget, nganti keprungu saka kadohan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ezra 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel