Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ezra 7 >> 

1(7:1-5) Sawetara taun sawisé lelakon mau, nalika jamané Artahsasta jumeneng raja ing tanah Pèrsia, ana wong jenengé Ézra, turuné Imam Agung Harun. Sarasilahé Ézra mau mengkéné: Ézra kuwi anaké Seraya; Seraya anaké Azarya, Azarya anaké Hilkia, Hilkia anaké Salum, Salum anaké Zadok, Zadok anaké Ahitub, Ahitub anaké Amarya, Amarya anaké Azarya, Azarya anaké Merayot, Merayot anaké Zerahya, Zerahya anaké Amarya, Amarya anaké Uzi, Uzi anaké Buki, Buki anaké Abisua, Abisua anaké Pinéhas, Pinéhas anaké Èléazar, Èléazar anaké Harun, sing jumeneng Imam Agung.

2(7:1)

3(7:1)

4(7:1)

5(7:1)

6Ézra budhal ninggal Babil. Panjenengané ahli kitab, mumpuni bab Torèté Musa, sing diparingaké déning Pangéran, Allahé Israèl. Sarèhné kaayoman déning astané Allah, mula apa sapanyuwuné Ézra marang Sang Raja disembadani kabèh.

7Bareng karo Ézra mau ana golongané wong Israèl sawetara sing padha mèlu bali menyang Yérusalèm, semono uga ana imam, wong Lèwi, penyanyi, tukang jaga gapura lan tenaga kasar sing nyambut-gawé ana ing Pedalemané Allah. Enggoné padha budhal mau nalika taun kapitu jamané Artahsasta jumeneng raja.

8(7:8-9) Olèhé mangkat saka Babil tanggal siji sasi kapisan, lan merga saka pangayomané Pangéran, tekan Yérusalèm tanggal siji sasi kalima.

9(7:8)

10Ézra mau uripé ditanjakaké kanggo nyinau Torèté Allah, sarta kanggo mulangaké prenatan lan sarak-saraké agama marang wong Israèl.

11Artahsasta maringaké turunan layang marang Ézra, yakuwi imam lan ulama (ahli kitab) kang akèh kawruhé bab angger-angger lan prenatané Gusti Allah kanggo wong Israèl. Surasané layang mau mengkéné:

12"Saka Sang Raja Artahsasta, tumekaa marang Ézra, imam lan ahli Torèté Allah kang ana ing swarga."

13"Aku ndhawuhaké préntah kanggo sawilayah jajahaning kratonku kabèh; sakèhé wong Israèl kang ana ing kratonku, iya imam utawa wong Lèwi, kang kepéngin mèlu kowé bali menyang Yérusalèm, daklilani.

14Aku lan para penaséhatku pitu, ngutus kowé niti kaanané Yérusalèm lan Yéhuda, apa Torèté Pangéran Allahmu, kang kapasrahaké marang kowé, padha dièstokaké.

15Slaka lan emas saosanku lan para penaséhatku marang Allahé wong Israèl, kang dedalem ana ing Yérusalèm, gawanen pisan.

16Semono uga slaka lan emas enggonmu nglumpukaké saka propinsi-propinsi ing Babil lan apa sing disaosaké déning wong Israèl lan para imamé kanggo Pedalemané Allah, cangkingen pisan.

17Dhuwit mau tanjakna klawan ngati-ati kanggo tuku sapi lanang, wedhus jawa lan wedhus gèmbèl, gandum lan anggur kanggo saos kurban ing mesbèhé Pangéran Allah ing Yérusalèm.

18Sisané slaka lan emas kuwi tanjakna kanggo nyukupi apa sing padha kokanggep prelu miturut kersané Allahmu.

19Mungguh piranti-piranti sing wis kapasrahaké marang kowé kanggo leladi ing Pedalemané Allah, padha saosna sapepaké ana ing ngarsané Allah ing Yérusalèm.

20Sepira kekurangané bayaren, jupukna saka kas kagungané Sang Prabu.

21Aku, Artahsasta, dhawuh marang sakèhé penggedhéné kahartakan propinsi-propinsi ing sakuloné Bengawan Éfrat supaya énggal-énggal nyepaki apa sing dibutuhaké Ézra, imam lan ahli Torèté Allah kang ana ing swarga,

22kang rupa slaka nganti 3.400 kilogram, gandum 10.000 kilogram, anggur 2.000 liter, lenga zaitun 2.000 liter, lan uyah sepira waé sing dibutuhaké.

23Apa waé kang dikarsakaké déning Allahing swarga kagem Pedalemané cepakna, supaya Panjenengané ora duka marang aku utawa marang sing nggentèni aku.

24Poma kowé aja narik pajeg utawa béya saka para imam, para wong Lèwi, para penyanyi, para juru jaga gapura, para buruh kasar lan sedhéngah wong sing padha leladi ing Pedalemané Allah.

25Wusana kowé, Ézra, klawan kawicaksanan peparingé Allahmu marang kowé, ngedegna pepréntahan lan ngangkata hakim kang padha ngadili rakyat ing sakuloné Bengawan Éfrat, sing padha tundhuk karo Torèté Allahmu. Déné sapa sing ora ngerti angger-anggeré Allahmu, kudu kokwulang.

26Sapa wong sing ora ngèstokaké angger-anggeré Allahmu, supaya énggal-énggal diadili lan diukum, apa diukum pati, dibuwang, didhendha, utawa dikunjara."

27Pangucapé Ézra, "Pinujia Pangéran, Allahé leluhur kita, kang kersa maringi kawicaksanan ana ing penggalihé Sang Prabu, nganti panjenengané gawé asriné Pedalemané Allah kang ana ing Yérusalèm.

28Merga saka sih-kamirahané Allah aku olèh sihé Sang Prabu lan para penaséhaté, sarta bisa ngrembugi penggedhéné taler-taleré Israèl, nganti padha gelem mèlu aku budhal bali menyang Yérusalèm."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ezra 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel