Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Galatia 3 >> 

1Hé, wong-wong ing tanah Galatia, bodhomu koknemen! Sapa ta sing nasaraké kowé? Bab sédané Sang Kristus ing kayu salib kuwi wis dakterangaké sakatogé marang kowé!

2Coba wangsulana pitakonan iki: Apa enggonmu nampani Rohé Gusti Allah kuwi merga saka enggonmu netepi Angger-anggering Torèt, apa merga saka enggonmu ngrungokaké lan precaya marang Injil?

3Bodhomu kokkebangeten temen! Kowé wis miwiti uripmu sing anyar srana Rohé Gusti Allah, apa kowé saiki arep mungkasi uripmu sing anyar mau nganggo kekuwatanmu dhéwé?

4Apa sing koklakoni seprana-sepréné kuwi muspra, ora ana gunané babar-pisan?

5Apa enggoné Gusti Allah maringaké Sang Roh Suci lan gawé mujijat pirang-pirang ana ing satengahmu kuwi merga saka enggonmu netepi Angger-anggering Torèt, apa merga saka enggonmu ngrungokaké lan precaya marang Injil?

6Kaya sing katulis ing Kitab Suci tumraping Rama Abraham: "Panjenengané precaya marang Gusti Allah, lan precayané mau kaanggep déning Gusti Allah dadi penggawéné Abraham enggoné nglakoni kersané Gusti Allah."

7Menawa mengkono kowé banjur ngerti, yèn sing dianggep turuné Abraham sing sejati kuwi wong sing precaya.

8Kitab Suci wis nyebutaké yèn Gusti Allah bakal ngrukunaké wong kapir karo sarirané piyambak landhesan precaya. Mulané Kitab Suci wis luwih dhisik martakaké kabar kabungahan marang Rama Abraham, surasané mengkéné: "Merga kowé, sakèhing bangsa ing bumi bakal diberkahi déning Pangéran."

9Rama Abraham precaya, lan diberkahi; semono uga wong precaya padha diberkahi kaya Rama Abraham.

10Kabèh wong sing ngendelaké Angger-anggering Torèt, kuwi uripé dikwasani déning laknat, sebab ana tulisan mengkéné: "Kenaa ing laknat wong sing ora nglakoni samubarang sing katulis ana ing Angger-anggering Torèt klawan setya."

11Lan ya wis cetha yèn ora ana wong sing karukunaké karo Gusti Allah merga enggoné netepi Angger-anggering Torèt, sebab Kitab Suci mratélakaké: "Wong sing kaanggep bener utawa karukunaké karo Gusti Allah kuwi bakal urip merga saka enggoné precaya."

12Angger-anggeré Torèt kuwi dhasaré dudu iman; kaya sing katulis ing Kitab Suci: "Sapa sing nglakoni kaya surasané angger-angger, kuwi bakal urip déning angger-angger mau."

13Nanging Sang Kristus wis nebus kita saka laknaté Angger-anggering Torèt srana nyanggi laknat sing satemené kudu kita sangga, kaya sing dingandikakaké déning Kitab Suci: "Kenaa ing laknat saben wong sing kapenthang ana ing kayu salib."

14Enggoné Sang Kristus nindakaké mengkono mau supaya berkahé Gusti Allah kaparingaké marang wong kapir lumantar Gusti Yésus Kristus lan supaya merga precaya, kita padha bisa nampani Sang Roh Suci, sing kajanjèkaké déning Gusti Allah.

15Para sedulur! Aku arep nggunakaké conto sing gampang. Yèn ana wong loro padha rujuk tumrap sawijining prekara, banjur nandhatangani prejanjian, ora ana pihak sing kena mbatalaké utawa nambahi apa-apa.

16Gusti Allah wis gawé prejanjian karo Abraham "lan karo turunmu". Kitab Suci ora nerangaké: "lan karo turun-turunmu," yakuwi wong akèh. Nanging Kitab Suci nerangaké "lan karo turunmu," ateges mung karo wong siji, yakuwi Sang Kristus.

17Sing dakkarepaké mengkéné: Gusti Allah prejanji lan janji bakal netepi prejanjiané mau. Angger-anggering Torèt, sing tekané lagi patang atus telung puluh taun sawisé prejanjian mau kaabsahaké, ora bisa ngilangaké prejanjiané Gusti Allah lan mbatalaké janjiné Gusti Allah.

18Awit saupama peparingé Gusti Allah kuwi gumantung karo Angger-anggering Torèt, peparing mau rak banjur ora kadhasaraké ing janjiné. Nanging sarèhné Gusti Allah wis janji, mula Panjenengané iya ngleksanani janji mau marang Rama Abraham.

19Yèn mengkono maksudé Angger-anggering Torèt kuwi apa? Torèt kuwi kaparingaké supaya nuduhaké panerak-panerak kita. Torèt kuwi gunané mung tekan sarawuhé turuné Abraham, sing kasebut ana ing prejanjian, yakuwi sing wenang nampani janji mau. Torèt mau diparingaké lumantar malaékat-malaékat marang Nabi Musa, sing dadi pantara.

20Nanging janji mau diparingaké déning Gusti Allah ora ngagem pantara, awit pakaryané mau disarirani piyambak.

21Apa kuwi ateges yèn Angger-anggering Torèt mau sulaya karo prejanjiané Gusti Allah? Babar-pisan ora! Sebab saupama Angger-anggering Torèt sing diparingaké kuwi bisa njalari uripé manungsa, manungsa rak banjur bisa karukunaké karo Gusti Allah lantaran Angger-anggering Torèt.

22Nanging Kitab Suci nerangaké yèn manungsa sajagad iki wis kawengku déning pangwasané dosa, supaya prejanjian sing wewaton precaya marang Gusti Yésus Kristus diparingaké marang wong-wong sing precaya.

23Sadurungé wong precaya karo Gusti Yésus, kita padha dikurung déning Angger-anggering Torèt kaya wong tahanan.

24Dadi Angger-anggering Torèt kuwi tugasé ngwasani kita, nganti sarawuhé Sang Kristus, supaya kita karukunaké karo Gusti Allah merga saka precaya kita mau.

25Saiki, bareng wong-wong padha precaya karo Sang Kristus, Angger-anggering Torèt wis ora ana paédahé tumrap kita.

26Sebab merga aku precaya kowé padha dadi putrané Allah, yakuwi merga saka enggonmu tetunggilan karo Gusti Yésus Kristus.

27Kowé kabèh wis padha kabaptis, dikumpulaké ana ing patunggilan mau, lan srana mengkono kowé ngrasuk sipat-sipaté Sang Kristus piyambak.

28Dadi saiki wis ora ana bédané antarané wong Yahudi lan wong kapir, antarané batur-tukon lan wong merdika, antarané wong lanang lan wong wadon; ana ing patunggilané Sang Kristus kabèh dadi siji.

29Menawa kowé dadi kagungané Sang Kristus, kowé uga dadi turuné Rama Abraham, lan wenang nampani apa sing dijanjèkaké déning Gusti Allah marang Rama Abraham mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Galatia 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel