Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Habakuk 1 >> 

1Wangsité Pangéran sing kaparingaké marang Nabi Habakuk mengkéné,

2"Dhuh Pangéran, taksih pinten dangunipun kawula kedah sesambat nyuwun pitulungan, supados Paduka kersa miyarsakaken, lajeng ngluwari kawula saking panganiaya?

3Menapa ginanipun Paduka nedahaken piawon dhateng kawula? Kénging menapa Paduka kersa mirsani lan Paduka kèndelaken kémawon piawon ingkang semanten agengipun? Pangrisak lan pangrodha-peksa ingkang ngepung kawula, sarta ing pundi-pundi wontenipun namung congkrah lan tukar paben kémawon.

4Prenatan sampun mboten gadhah daya kekiyatan, mila mboten wonten ginanipun. Ingkang sami nindakaken piawon kawontenanipun langkung saé ketimbang kaliyan tiyang mursid, ngantos keadilan presasat kawalik."

5Pangéran nuli paring wangsulan marang umaté mengkéné, "Padha nitènana bangsa-bangsa sing ana ing sakiwa-tengenmu, lan kowé bakal padha gumun. Aku bakal nindakaké prekara sing kowé mesthi ora ngandel.

6Bangsa Babil sing ambek siya lan trengginas bakal Dakdamel gedhé pangwasané. Nganti banjur padha ndlajahi bumi nelukaké bangsa-bangsa liya.

7Ing ngendi-endi padha nekakaké pagiris lan panganiaya, lan saka angkuhé nganti nganggep yèn wong mau sing wenang netepaké keadilan.

8Jaran-jarané luwih rikat ketimbang karo macan tutul, luwih ambek siya ketimbang karo asu ajag sing luwé. Tentarané jaranan tekané saka panggonan adoh, jarané nyakar-nyakar lemah. Tekané ngebyuk kaya garudha sing nyamber mangsané.

9Tentarané padha nglurug, perangé saya maju nelukaké bangsa-bangsa kanthi panganiaya, lan saben wong sing ditekani mesthi giris.

10Para raja padha dipoyoki lan para penggedhé padha digeguyu. Cacahé wong sing ditawan akèhé presasat wedhiné segara. Ora ana bètèng sing keconggah nadhahi serangané. Sebab bètèngé diurugi lemah, banjur diserbu.

11Panyerbuné kaya angin lésus, banjur lunga ngilang menèh. Kaya mengkono wong-wong mau ngegungaké kekuwatané."

12Dhuh Pangéran, wiwit-wiwitan mila Paduka menika jumeneng Allah. Paduka menika Allah kawula, suci saha langgeng, inggih Allah ingkang ngreksa kawula. Paduka sampun milih bangsa Babil, kadamel kiyat, supados sami saged ngukum kawula.

13Nanging kawula mboten mudheng déné ing ngatasipun Paduka menika mahasuci, koktahan mirsani tiyang-tiyang ingkang seneng goroh lan damel piawon menika? Ing ngatasipun paningal Paduka menika mahasuci, koktegel kèndel kémawon mirsani pendamel awon ingkang semanten agengipun. Kénging menapa Paduka kèndel kémawon menawi tiyang Babil sami mejahi tiyang-tiyang ingkang langkung mursid ketimbang kaliyan piyambakipun?

14Kadospundi déné Paduka matrapi manungsa kados dhateng ulam ing seganten utawi kados iber-iberan gegolongan tanpa pepréntahan?

15Tiyang Babil sami nyepeng tiyang mawi pancing kados nyepeng ulam, sami dipun klempakaken mawi jaring, lajeng sami giyak-giyak margi angsal-angsalanipun njaring kathah!

16Tiyang-tiyang menika sami nyembah jaring-jaringipun, sarta sami dipun sajèni, margi jaring-jaring wau ngangsalaken barang-barang ingkang ageng pengaosipun.

17Menapa tiyang Babil ing selaminipun badhé migunakaken pedhangipun, saha terus kémawon numpes bangsa-bangsa kalayan ambek siya.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Habakuk 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel