Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hagai 2 >> 

1Ing dina kaping selikur, sasi kapitu taun kuwi uga Pangéran ngandika menèh lantaran Nabi Hagai.

2Nabi Hagai kadhawuhan nglantaraké dhawuh marang Zérubabel, gubernur ing Yéhuda, marang Imam Agung Yosua, lan marang rakyat kabèh, mengkéné,

3"Apa ana ing antaramu sing isih kèlingan karo kaéndahané Pedalemané Allah sing dhisik? Lan kepriyé kaanané saiki? Rak ora imbang babar-pisan?

4Nanging aja padha cilik atimu. Padha giata enggonmu nyambut-gawé, sebab Aku nunggil karo kowé.

5Nalika Aku ngirid kowé metu saka tanah Mesir Aku wis janji yèn bakal nunggal karo kowé ing selawasé. Tekan sepréné Aku isih nunggal karo kowé, mulané aja wedi.

6Ora suwé menèh Aku bakal ngoregaké langit lan bumi, segara lan dharatan.

7Sakèhé bangsa bakal digawa mréné, lan Pedaleman iki bakal kebak raja-brana.

8Sakèhé slaka lan emas sajagad kuwi kagungan-Ku.

9Pedaleman-Ku sing anyar bakal luwih éndah ketimbang karo sing lawas, lan ana ing Pedaleman kono Aku bakal paring karaharjan lan katentreman marang umat-Ku." Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa.

10Ing dina kaping patlikur, sasi kaping sanga, taun kapindhoné jamané Sang Prabu Dharius, Pangéran Kang Mahakwasa ngandika menèh marang Nabi Hagai.

11Dhawuhé, "Coba takona karo para imam, kepriyé ukumé prekara sing mengkéné iki:

12Saupama ana wong njupuk daging suci saka kurban, banjur dilebokaké ing lempitaning jubahé. Yèn jubahé mau nggepok roti, panganan ratengan, anggur, lenga zaitun utawa sedhéngah apa sing kena dipangan, apa sing kagepok iya dadi suci?" Wangsulané para imam, "Mboten."

13Pangandikané Nabi Hagai menèh, "Saupami wonten tiyang ingkang najis mergi nggepok jisim, lajeng nggepok tetedhan wau, menapa tetedhan wau lajeng dados najis?" Wangsulané para imam, "Inggih."

14Nabi Hagai banjur ngandika, "Pangéran ngandika, bilih kados mekaten ugi tumrap umat menika, lan tumrap sakathahing pendameling tanganipun, sarta sakathahing kurban ingkang sami dipun saosaken wonten ing mesbèh, menika sedaya najis."

15Pangandikané Pangéran mengkéné, "Apa kowé ngerti kaanan sing kokalami? Nalika kowé durung miwiti mbangun Pedaleman-Ku?

16Kowé arep nutu gandum sing kokkira olèh-olèhané bisa nyandhak rong atus kilogram, jebul mung metu satus kilogram. Koksengguh genthong anggurmu ana isiné satus liter, jebul anané mung patang puluh liter.

17Aku nekakaké angin panas lan udan ès kanggo ngrusak tanduranmu, éwasemono kowé ora padha mratobat.

18Saiki dina kaping patlikur, sasi kaping sanga, pondhasiné Pedaleman-Ku wis rampung. Titènana apa sing wiwit dina iki bakal kelakon.

19Senajan wis ora ana gandum lan ora ana anggur, mangka durung mangsané wit ara, dlima lan zaitun metokaké woh, éwasemono wiwit dina iki kowé bakal padha Dakberkahi."

20Ing dina iki uga, yakuwi tanggal kaping patlikur, Pangéran paring pangandika menèh marang Hagai

21kanggo Zérubabel, gubernur ing Yéhuda mengkéné, "Aku bakal ngoregaké langit lan bumi,

22sarta ngrubuhaké kraton-kraton lan nyirnakaké pangwasané. Kréta perang lan sing nunggangi bakal Dakrusak. Jarané bakal padha mati lan sing nunggangi bakal padha patèn-patènan dhéwé.

23Ing dina kuwi kowé Zérubabel, abdi-Ku, bakal Dakpundhut lan Dakwisudha dadi penggedhé sing ngerèh bangsa iki atas asma-Ku, sebab kowé wis Dakpilih." Mengkono pangandikané Pangéran.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hagai 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel