Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 13 >> 

1Wong Israèl padha gawé dosa menèh ing ngarsané Allah, mulané ditégakaké, dijajah déning wong Filistin suwéné patang puluh taun.

2Ing wektu kuwi ana wong lanang saka désa Zora, jenengé Manoah, saka taler Dhan. Bojoné ora duwé anak.

3Ing sawijining dina wong wadon mau dirawuhi Malaékating Pangéran, sarta dingandikani mengkéné, "Tekan saiki kowé ora duwé anak, nanging ora suwé menèh kowé bakal ngandhut, lan duwé anak lanang.

4Mulané kowé kudu ngati-ati. Aja ngombé anggur utawa ombèn-ombèn sing ngendemi, utawa mangan panganan sing karam,

5sebab bayi sing kokkandhut kuwi bakal dadi nasir, mula sawisé bayiné lair rambuté aja kokcukur. Bocah kuwi mbésuk bakal ngluwari wong Israèl saka penjajahé wong Filistin."

6Bojoné Manoah mau banjur marani sing lanang lan kandha, "Pak, aku mau dirawuhi utusané Allah (rupané kaya malaékaté Allah). Aku ora takon saka endi rawuhé, lan utusan mau iya ora nyebut asmané.

7Nanging panjenengané ngandika, yèn aku bakal ngandhut lan duwé anak lanang. Iya ngandika, yèn aku ora kena ngombé anggur utawa ombèn-ombèn sing ngendemi utawa mangan panganan sing karam, merga bocah mau selawasé urip kudu disaosaké marang Allah dadi nasir."

8Krungu sing mengkono mau Manoah banjur sujud ing ngarsané Allah, aturé, "Dhuh Allah, mugi kersa ngutus utusan menika malih, supados maringi sumerep menapa ingkang kedah sami kawula lampahi sesampunipun bayi menika lair."

9Gusti Allah nuruti panyuwuné Manoah. Malaékaté Pangéran rawuh menèh nemoni bojoné Manoah nalika dhèwèké lagi lungguh ing pategalané. Manoah pinuju ora ana ing kono,

10mulané wong wadon mau banjur mlayu nggolèki sing lanang. Bareng ketemu banjur dikandhani, "Pak, wongé sing biyèn nemoni aku, saiki teka menèh!"

11Manoah énggal-énggal mèlu, banjur nyedhaki wongé karo matur, "Ndara, menapa panjenengan ingkang rumiyin paring pawartos dhateng sémah kula?" Wangsulané wong mau, "Iya, aku sing ngandika."

12Manoah banjur nyuwun pirsa, "Menawi èstu kelampahan menapa ingkang panjenengan ngandikakaken, laré menika mbénjing kedah nglampahi menapa? Kedah kadospundi gesangipun?"

13Wangsulané Malaékaté Pangéran mau, "Bojomu kudu nglakoni temenan sakèhing prekara sing Dakdhawuhaké marang dhèwèké,

14yakuwi: Ora kena ngombé anggur lan ora kena mangan panganan sing karam."

15Manoah banjur matur menèh, "Ndara, kula aturi nyekécakaken pinarak, badhé kula belèhaken cempé."

16(13:16-17) Nanging Malaékaté Pangéran ngandika, "Aku Dakngentèni ing kéné. Aku ora arep mangan suguhanmu, éwasemono yèn arep kokladèkaké, saosna dadi kurban obongan kagem Gusti Allah." Manoah banjur ngerti yèn sing ngandika mau Malaékaté Pangéran. Mulané matur, "Keparenga ngandikakaken, asma panjenengan sinten, supados samasa prekawis ingkang panjenengan dhawuhaken wau kelampahan, kula saged saos panuwun dhateng panjenengan."

17(13:16)

18Malaékaté Pangéran gentèn ndangu, "Yagéné kowé takon jenengku? Jenengku élok."

19Manoah banjur njupuk cempé siji lan gandum sethithik, disèlèhaké ana ing watu, sarta disaosaké marang Pangéran kang nindakaké kaélokan.

20(13:20-21) Bareng kukusé kurban mau kumebul munggah saka mesbèh, Manoah lan bojoné weruh Malaékaté Pangéran mau mumbul katut ing urubing geni, munggah ing langit. Manoah lagi ngerti yèn kuwi mau Malaékaté Pangéran piyambak, mula banjur bebarengan karo bojoné sujud sumungkem ing bumi. Saungkuré saka kono Malaékat mau ora ngetingal menèh.

21(13:20)

22Manoah banjur kandha karo bojoné, "Cilaka! Kita iki mesthi mati, sebab kita wis ndeleng Allah."

23Nanging sing wadon mangsuli, "Saupama Pangéran matèni kita, mesthi ora kersa nampi kurban sing kita saosaké. Panjenengané iya mesthi ora maringi pirsa prekara-prekara sing bakal kita alami."

24Ora wetara suwé bojoné Manoah banjur ngandheg lan duwé anak lanang, sing dijenengaké Simson. Bocahé mundhak gedhé lan diberkahi déning Pangéran.

25Nalika isih manggon ing désané taler Dhan, sing ana ing Zora lan Èstaol, Rohé Pangéran wiwit maringi kekuwatan marang bocah mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel