Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 2 >> 

1Malaékaté Pangéran tindak saka Gilgal menyang Bokhim, sarta ngandika marang bangsa Israèl mengkéné, "Aku wis ngentas kowé saka tanah Mesir lan ngirid lakumu menyang tanah sing wis Dakjanjèkaké marang para leluhurmu. Aku wis kandha, ‘Prejanjian-Ku karo kowé ora bakal Dakbatalaké.

2Mulané kowé ora kena gawé prejanjian karo wong pribumi kéné. Mesbèh-mesbèhé kudu kokgempur.’ Nanging kowé padha ora nglakoni dhawuh-Ku. Malah padha nindakaké kosokbaliné!

3Mulané, saiki padha rungokna! Samasa kowé nyerang wong-wong Kenaan, Aku ora bakal nglungakaké wong-wong mau saka tanah kéné. Wong-wong mau bakal dadi mungsuhmu, sing bakal dadi memala, temahan kowé bakal mèlu nyembah brahala-brahalané."

4Sawisé Malaékaté Pangéran rampung enggoné paring dhawuh, umat Israèl kabèh nuli padha nangis.

5Mulané panggonan kono disebut Bokhim. Ing panggonan mau umat Israèl padha nyaosaké kurban konjuk marang Allah.

6Sawisé pamitan karo Yosua, wong Israèl nuli padha ngenggoni tanah sing dadi pandumané dhéwé-dhéwé.

7Selawasé Yosua isih urip, wong Israèl padha ngabekti marang Allah. Mengkono uga sawisé Yosua tilar-donya wong Israèl isih tetep ngabekti marang Allah, yakuwi sasuwéné dituntun déning wong-wong sing padha ngalami dhéwé kaélokan-kaélokan sing ditindakaké déning Allah kanggo bangsa Israèl.

8Yosua bin Nun, abdiné Allah, tinggal-donya nalika umuré nyandhak satus sepuluh taun.

9Banjur dikubur ing lemahé dhéwé, yakuwi ing Timnat-Hèrès, ing pegunungan Éfraim, saloré Gunung Gaas.

10Ora let suwé wong-wong pantarané Yosua iya banjur padha tinggal-donya. Déné wong-wong sing lairé sapungkuré angkatané Yosua padha ora wanuh karo Allah, merga padha ora ngalami dhéwé apa sing ditindakaké déning Allah kanggo umat Israèl.

11(2:11-14) Sawisé mengkono umat Israèl padha gawé dosa ing ngarsané Allah; padha ora nyembah marang Pangéran, Allahé leluhuré, iya Allah sing ngirid lakuné metu saka tanah Mesir. Malah padha nyembah marang Baal lan Astorèt sarta déwa-déwa liyané, sing disembah déning bangsa-bangsa sakiwa-tengené. Mulané Gusti Allah duka marang umat mau, sarta négakaké bangsa Israèl diserang lan dirampog déning grombolan-grombolan. Umat mau ora bisa ngadhepi mungsuh-mungsuh saka kiwa-tengené.

12(2:11)

13(2:11)

14(2:11)

15Saben nyerang malah dilawan déning Allah piyambak, kaya sing wis dingandikakaké, "Wusana umat Israèl uripé sangsara banget."

16Sawisé mengkono Gusti Allah banjur maringi pemimpin, didhawuhi nylametaké umat Israèl saka tangané grombolan-grombolan rampog mau.

17Nanging umat Israèl ora nggugu karo para pemimpin mau, lan ora setya marang Allah, malah padha nyembah brahala-brahala. Ora padha niru para leluhuré sing mbangun-turut marang dhawuh-dhawuhé Allah.

18Yèn Gusti Allah maringi pemimpin marang bangsa Israèl, pemimpin mau mesthi dipitulungi. Lan sajroné pemimpin mau isih urip, Gusti Allah mesthi nylametaké umat Israèl saka tangané mungsuh-mungsuhé. Olèhé mengkono merga saka welasé marang umat mau, yakuwi samasa padha sesambat, dianiaya lan ditindhes déning mungsuh-mungsuhé.

19Nanging yèn pemimpin mau wis mati, umat mau bali nglakoni piala menèh, ngabekti lan nyembah marang brahala-brahala, malah ngungkuli pialané sing uwis-uwis. Padatan lan pakulinan sing ala kuwi ora dimarèni, malah dibalèni menèh.

20Mulané Gusti Allah duka banget marang umat Israèl, lan ngandika, "Aku wis dhawuh karo leluhuré bangsa iki supaya netepi prejanjiané karo Aku. Nanging bangsa iki mbatalaké; dhawuh-Ku padha diterak.

21Mulané saiki Aku ora bakal nglungakaké bangsa endi waé sing isih kari manggon ing tanah kéné sapungkuré Yosua.

22Malah bangsa-bangsa kuwi bakal Dakgawé nguji bangsa Israèl, supaya Aku pirsa, apa umat iki gelem mbangun-turut marang dhawuh-dhawuh-Ku kaya para leluhuré, apa ora."

23Iya iki sebabé Yosua ora diparengaké nelukaké bangsa-bangsa ing kono. Malah Panjenengané ngenengaké waé bangsa-bangsa pribumi manggon ing kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel