Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 20 >> 

1Umat Israèl kabèh padha nekani uleman mau, wiwit saka Dhan ing sisih Lor, tekan Bèrsyéba ing sisih Kidul lan Giléad ing sisih Wétan, padha nglumpuk dadi siji ana ing ngarsané Pangéran, ing Mizpa.

2Cacahé kabèh patang atus èwu prejurit. Para pemimpiné taler-taler Israèl uga nglumpuk kabèh ing kono.

3(20:3-4) Déné wong-wong Bènyamin uga wis krungu, yèn wong Israèl liyané wis nglumpuk kabèh ing Mizpa. Wong Israèl padha nakoni wong Lèwi, sing nengkel-nengkel layoné seliré mengkéné, "Critakna kepriyé lelakon ala sing semono gedhéné kuwi!" Wangsulané wong Lèwi mau, "Aku lan selirku lagi nginep ing Gibéa, ing wilayah Bènyamin.

4(20:3)

5Nuli ing wayah bengi wong-wong Gibéa padha teka nggolèki aku. Omah sing dakenggo nginep dikepung. Wong-wong nedya arep gawé ala marang aku, nanging wusanané selirku sing dirodha-peksa nganti mati.

6Mulané mayité banjur daktengkel-tengkel dadi rolas, dakkirimaké marang saben taleré Israèl setengkel. Enggonku tumindak mengkono kuwi merga wong-wong Gibéa wis nglakoni piala sing ngisin-isinaké umat Israèl.

7Para sedulur sing nglumpuk ing kéné kuwi wong Israèl. Dadi aku njaluk penemumu kabèh!"

8Wong-wong sing padha nglumpuk ing kono, kabèh banjur padha ngadeg lan muni, "Aja ana wong siji waé ing antara kita sing mulih.

9Beciké Gibéa kita serang, lan sapa sing kudu nyerang kita undhi.

10Saprasepuluhé wong Israèl kudu nyedhiakaké pangan kanggo sing perang. Liyané kudu nyerang Gibéa lan males piala sing wis ditindakaké ing tengahé umat Israèl."

11Mengkono umat Israèl mau enggoné saiyeg arep nyerang kutha Gibéa.

12Sawisé mengkono umat Israèl banjur ngutus wong sawetara nemoni taler Bènyamin, diweling mengkéné, "Duraka sing kelakon ing tengahmu kuwi gedhé banget.

13Mulané wong-wong sing nindakaké piala kuwi ulungna marang aku, supaya dakpatèni lan srana mengkono kowé dadi padha resik ing satengahé bangsa Israèl." Nanging wong-wong Bènyamin ora nggatèkaké tembungé umat Israèl mau.

14Wong-wong Bènyamin malah padha nglumpuk saka ing kutha-kutha liyané mengang Gibéa, arep nglawan wong-wong Israèl liyané.

15(20:15-16) Malah ing dina kuwi taler Bènyamin nglumpukaké tentara nemlikur èwu saka kutha-kuthané. Déné Gibéa dhéwé nglumpukaké wong pilihan pitung atus, kabèh wong kédhé, padha titis mbandhil nganggo watu. Yèn mbandhil ora tau mlèsèt.

16(20:15)

17Déné ing pihaké wong Israèl liyané wis nglumpuk tentara pilihan, cacahé patang atus èwu.

18Umat Israèl banjur padha ndedonga ing Bètèl, lan matur marang Allah, "Taler pundi ing antawis kawula ingkang kedah miwiti nyerang tiyang Bènyamin?" Gusti Allah paring wangsulan, "Taler Yéhuda!"

19Ésuké wong Israèl padha budhal lan pasang kémah ing sacedhaké Gibéa.

20Tentarané banjur ditata ing ngarepé kutha, banjur nyerang tentarané Bènyamin.

21Tentarané wong Bènyamin banjur metu, gentèn nyerang, lan sedina kuwi matèni wong Israèl rolikur èwu.

22(20:22-23) Tentara Israèl merga kalah banjur mundur lan ndedonga karo nangis ana ing Bètèl nganti bengi. Aturé, "Dhuh Pangéran, menapa kawula prelu majeng perang malih kaliyan sedhèrèk-sedhèrèk kawula, tiyang Bènyamin menika?" Paring wangsulané Pangéran, "Iya, mangkata." Tentara Israèl gedhé atiné lan nata pasukané kaya sing uwis,

23(20:22)

24banjur mindhoni serangané marang tentarané wong Bènyamin.

25Wong-wong Bènyamin iya banjur metu lan gentèn nyerang, sarta matèni tentara Israèl sing pilihan cacahé wolulas èwu.

26Umat Israèl banjur bali menèh ndedonga ing Bètèl karo nangis ing ngarsané Pangéran. Ana ing kana padha nglakoni pasa nganti bengi, lan padha nyaosaké kurban keslametan lan kurban dhaharan marang Allah.

27(20:27-28) Ing wektu kuwi Pethiné Prejanjian ana ing Bètèl. Sing dadi Imam Pinéhas, anaké Èléazar, putrané Harun. Wong-wong Israèl nuli nyuwun pirsa menèh marang Allah, "Dhuh Pangéran, menapa kawula prelu majeng perang malih nyerang sedhèrèk-sedhèrèk kawula tiyang-tiyang Bènyamin menika, menapa kula kedah kèndel?" Paring wangsulané Pangéran, "Serangen! Sésuk wong-wong Bènyamin kuwi Dakulungaké marang kowé."

28(20:27)

29Krungu pangandikané Pangéran mau, wong Israèl banjur mangkat menèh lan ana sapérangané tentarané sing dikon ndhelik ing sakubengé Gibéa.

30Ing dina kateluné tentara Israèl nyerang wong Bènyamin. Tentarané Israèl mau ditata kaya dhèk nyerang ing dina kapisan lan kapindho.

31Tentarané wong Bènyamin uga genti nyerang lan metu saka kutha. Kaya sing uwis-uwis, tentarané Bènyamin mau matèni tentara Israèl ing njaban kutha, lan ing dalan sing tekan Bètèl, lan ing Gibéa. Ana ing kono padha matèni tentara Israèl telung puluh.

32Mulané tentara Bènyamin mau padha sesumbar, "Kita wis ngalahaké tentara Israèl menèh kaya sing uwis-uwis." Nanging tentara Israèl wis ngrancang éthok-éthok mundur kanggo mancing supaya tentara Bènyamin metu adoh saka kutha lan perang ing dalan-dalan gedhé.

33Bareng tentara Israèl mundur lan nata barisané ing Baal-Tamar, tentarané sing didhelikaké ing sakubengé Gibéa énggal-énggal padha metu saka pandhelikané ing njaban kutha.

34Kabèh ana sepuluh èwu, yakuwi prejurit-prejurit sing dipilih saka antarané tentara Israèl kabèh. Prejurit-prejurit Israèl mau nuli nyerang Gibéa. Perangé ramé banget. Wong Bènyamin ora ngira babar-pisan yèn ora suwé menèh bakal kalah.

35Wong-wong Bènyamin dipasrahaké déning Gusti Allah ing tangané wong Israèl. Ing dina kuwi tentara Israèl matèni wong Bènyamin selawé èwu satus.

36(20-36a) Wong Bènyamin lagi krasa yèn pancèn kalah temenan. (20-36b) Tentara Israèl sing pokok éthok-éthok mlayu nyingkiri tentara Bènyamin, merga njagakaké tentarané sing didhelikaké ana ing sakubengé Gibéa.

37Tentara sing ndhelik mau énggal-énggal nyerbu Gibéa, sarta mencar, matèni kabèh wong sing ana ing kutha kono.

38Nanging sadurungé wis kangsèn, yèn ana kukus kandel kumelun ing tengah kutha,

39tentara pokok sing éthok-éthok mlayu mau kudu mbalik lan nyerang mungsuh. Nalika semono tentara Bènyamin wis matèni tentara Israèl telung puluh. Wong-wong Bènyamin sesumbar, "Tentara Israèl wis kita kalahaké kaya sing uwis-uwis."

40Nanging dumadakan ana kukus kandel kumebul saka ing satengahé kutha Gibéa. Wong-wong Bènyamin bareng nolèh padha kagèt weruh kuthané wis diobong kabèh.

41Ing wektu kuwi uga tentarané wong Israèl sing pokok mbalik, mula tentarané Bènyamin gugup merga krasa yèn ora suwé menèh bakal kalah.

42Banjur padha mlayu nyingkiri tentara Israèl menyang daérah njaban kutha, éwasemono ora bisa lolos. Tentarané Bènyamin dikepung déning tentara inti Israèl lan pasukan Israèl liyané sing metu saka kutha. Wong Bènyamin kalah nganti presasat ludhes,

43merga dikepung lan dioyak déning tentara Israèl tekan ing panggonan sawétané kutha Gibéa.

44Sajroné ngoyak mau tentara Israèl matèni prejurit Bènyamin sing pilihan wolulas èwu.

45Tentarané Bènyamin ana sing mbalik lan mlayu metu ara-ara samun menyang pegunungan watu ing Rimon. Ing antarané prejurit sing keplayu mau limang èwu dipatèni ing dalan. Sisané dioyak terus tekan kutha Gidéom. Saka wong-wong mau rong èwu sing kecekel lan dipatèni.

46Dadi tentarané wong Bènyamin dina kuwi sing dipatèni selawé èwu, kabèh prejurit-prejurit sing peng-pengan.

47Nanging ana wong nem atus sing lolos merga mlayu metu daérah pesamunan menyang gunung-gunung watu ing Rimon. Wong-wong mau padha ndhelik ing kono patang sasi.

48Nanging wong Israèl mbalik mrono menèh, banjur nyerang lan matèni kekarèné wong Bènyamin kabèh: wong lanang, wong wadon, bocah-bocah apa déné raja-kayané. Lan sakèhé kutha ing daérah kono diobong ludhes.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel