Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 5 >> 

1Ing dina kuwi Déborah lan Barak, anaké Abinoam, padha ngidung mengkéné:

2Pinujia Pangéran! Israèl sumpah mau perang! Rakyat éklas nggawa pedhang.

3Rungokna para raja lan priyagung; dakngidung konjuk Allah Kang Mahaagung.

4Nalika Gusti miyos saka Séir, nilar Édom, gawé gonjingé bumi, udan tumurun, langit gumeter, nggegirisi.

5Ing ngarsané Allah, Sinai dalah gunung padha miris, kabèh titah gumeter, giris.

6Dhèk jamané Samgar bin Anat, uga jamané Yaèl, dalan-dalan sepi kabèh satanahé wong Israèl.

7Kutha-kutha padha suwung, nganti satekamu, Déborah, dadi biyung ing Israèl, nuli mrenata.

8Nalika Israèl nyembah brahala, banjur ketekan perang, Israèl tanpa gegaman, patang leksa, nyerang.

9Para panglima lan perwira, kowé prejurit linuwih. Demi Allah kowé perang, tanpa pamrih.

10É wong sing numpak kuldi putih adi, lan kowé sing lungguh ing permadani, uga para wong sing mlaku ing dedalan, wartakna kemenangané Pangéran.

11Rungokna! Wong padha crita ing sumur-sumur, ora entèk-entèk memuji Kang Mahaluhur, kang paring unggul marang umaté! Padha suka-rena nglumpuk ing gapurané.

12Déborah ngadega lan memujia, Barak, giringen tawanan perang, ngadega!

13Para perwira padha lapur marang komandhané, rila perang dadi balané.

14Saka Lebak Éfraim padha mlaku, klawan mantep, Bènyamin baris ing ngarep. Saka Makhir tekané para panglima, saka Zébulon asalé para perwira.

15Para penggedhé taler Isakar mèlu Déborah, ya Isakar lan Barak uga; padha medhun menyang ngaré. Nanging taler Rubèn ora mèlu merga akèh sing padha gojag-gajeg.

16Yagéné thenguk-thenguk nunggu wedhus? Ngrungokaké sulingé pangon ngundang taleré? Taler Rubèn jero panimbangé, arep mèlu apa ora, embuh karepé.

17(5:17-18) Zébulon lan Naftali kendel perangé, nanging Dhan tetep ing prauné, lan Gad ora mingsed saka enggoné. Asyèr lungguh ayem ing pinggir segara, sungkan ninggal médan perang ing kana.

18(5:17)

19Ana ing Taanak, cedhak Kali Megido padha siaga, raja-raja Kenaan kalah, ora bisa ngrayah selaka.

20Lintang-lintang mèlu perang, saka kana Siséra diserang.

21Banjiré Kali Kison ngéntiraké mungsuh, hé nyawaku, majua dikendel lan teguh.

22Gedrugé tracak jaran mbarengi rikaté playuné, gawé horeg lemah sing kambah sikilé.

23Malaékaté Pangéran dhawuh, "Ipat-ipatana Méros lan rakyaté, merga ora perang kagem Pangéran, Allahé."

24Begja kowé Yaèl, bojoné Hèbèr, wong Kèni, ing antarané sing manggon ing kémah, kowé sing diberkahi.

25Siséra ngelak njaluk banyu, diwènèhi susu, wadhahé tuwung sing éndah, pantes diagem ratu.

26Srana pathok lan pukul besi, sirahé Siséra dipantèk Yaèl butul ing bumi.

27Gronjalan ing sikilé Yaèl, Siséra ora tangi, gemléthak ing lemah banjur mati.

28Saka ing selané ruji jendhéla, ibuné Siséra muni, "Suwé temen tekané kréta lan jarané iki."

29Réwangé pinter mangsuli, nadyan wis ngerti ing sajroning ati:

30"Nuwun sèwu, saged ugi nembé ngedum rayahan, saben prejurit angsal prawan. Kanggé Siséra temtu ageman alus saking manca, sléndhang sulam kagem ing jangga."

31Mugi-mugi sedaya mengsah Paduka, pejah kados Siséra, nanging abdi Tuwan kados surya, mempeng ing daya. Sawisé mengkono negara kono dadi tentrem patang puluh taun lawasé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel