Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 4 >> 

1Pangéran ndakwa marang Israèl. Rungokna hé Israèl pangandikané, "Ing tanah kéné ora ana kasetyan lan katresnan, lan wong-wong ing kéné padha ora ngakoni yèn Aku iki Allahé.

2Padha gawé prejanjian, nanging padha diterak. Padha goroh, mematèni, nyolong lan nylèwèng. Padha nindhes lan nganiaya, lan ora kendhat-kendhat gawé pepati.

3Mulané tanah kéné bakal dadi garing, lan apa sing urip ing kéné bakal mati. Sakèhing kéwan lan manuk, apa déné iwak bakal padha mati."

4Pangandikané Pangéran mengkéné, "Aja ana wong sing nggugat utawa nyalahaké rakyat, sebab sing Dakgugat kuwi para imam.

5Rina wengi kowé padha gawé kaluputan merga saka bodhomu, semono uga para nabi ora béda karo kowé, Israèl, biyungmu bakal Daksirnakaké.

6Umat-Ku bakal sirna merga ora tepung karo Aku. Para imamé padha emoh wanuh karo Aku, semono uga piwulang-Ku padha ditampik. Mulané kowé padha Daktampik lan Aku ora ngakoni anak-anakmu dadi imam-imam-Ku.

7Saya akèh cacahé imam, saya tambah dosané marang Aku. Mulané kaluhuranmu bakal Dakwalik dadi kanisthan.

8Kowé padha dadi sugih merga saka dosané umat-Ku, mulané kowé padha kepéngin supaya umat-Ku padha nindakaké kaluputan.

9Kowé bakal nampa paukuman kaya sing disangga déning Umat-Ku. Kowé bakal Dakukum kanggo males dosa-dosa sing koklakoni.

10Kowé bakal mangan bagéanmu saka kurban-kurban, nanging bakal tetep ngelih. Kowé bakal padha nyembah brahalané kesuburan, éwasemono bakal padha ora duwé anak, merga kowé padha nyingkur Aku lan ngetutaké allah-allah liyané."

11Pangandikané Pangéran mengkéné, "Anggur sing lawas lan sing anyar karo-karoné njalari umat-Ku mendem!

12Padha ngarep-arep wahyu saka kayu setengkel! Padha njagakaké olèh wangsulan saka teken! Wis padha nyingkur Aku, kaya wong wadon sing dadi sundel, mengkono wong-wong mau enggoné padha ngandel marang allah-allah liyané.

13Padha gawé kurban ana ing pucaké gunung-gunung. Ana ing punthuk-punthuk padha ngobong menyan, ing sangisoring wit-wit sing éyub, merga ana ing panggonan sing édhum kuwi kepénak! Wekasané anak-anakmu wadon bakal padha dadi sundel, lan para mantumu wadon bakal padha laku jina.

14Éwasemono ora bakal padha Dakukum merga saka penggawéné mau, jalaran kowé dhéwé iya padha laku jina karo para sundel-sundel candhi, lan bebarengan karo wong-wong mau kowé padha gawé kurban kaya carané wong kapir. Kaya uniné unèn-unèn: ‘Wong sing ora duwé pangertèn bakal ngalami karusakan.’

15Senajan kowé, hé umat Israèl, ora setya marang Aku, muga-muga umat Yéhuda ora padha karo kowé. Muga-muga aja padha nyembah brahala ana ing Gilgal utawa ana ing Bètèl, lan muga-muga aja padha ngucapaké kaul nganggo asmané Allah kang gesang.

16Umat Israèl kuwi atiné wangkal kaya bihal. Kepriyé bisa-Ku ngengon kaya wedhus gèmbèl?"

17Umat Israèl wis kepéncut karo brahala-brahala. Mulané karebèn padha nggugu karepé dhéwé.

18Yèn wis padha mendem anggur banjur padha laku jina, sarta milih kanisthan ketimbang karo kaurmatan.

19Wong-wong mau bakal padha kabur sirna kagawa ing angin, bakal padha nandhang kawirangan merga saka enggoné gawé kurban kaya carané wong kapir.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hosea 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel