Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 21 >> 

1Gusti Allah ndhawuhi Musa maringaké prenatan marang para imam anak-turuné Harun mengkéné: "Imam ora kena najisaké awaké merga layad, mèlu upacara penguburané sanak-seduluré.

2Kejaba yèn sing mati mau ibuné, bapakné, anaké lanang utawa wadon, seduluré lanang,

3utawa seduluré wadon sing durung kawin, lan manggon nunggal saomah.

4Imam ora kena najisaké awaké merga layad wong mati, sing ana alurané sedulur kadang katut.

5Imam ora kena nyukur sirahé, pérangan sing endi waé; ora kena ngethok jénggoté, utawa natoni awaké nganggo piranti landhep, kanggo nélakaké enggoné susah merga kepatèn.

6Imam mau Daksengker dadi kagungan-Ku dhéwé, mulané ora kena gawé kucemé asma-Ku. Imam kuwi wong sing nyaosaké kurban dhaharan konjuk marang Aku, mulané kudu suci.

7Imam ora kena kawin karo wanita tilas tuna susila utawa wong wadon sing dudu prawan, utawa wong sing pegatan, merga imam kuwi duwèk-Ku dhéwé.

8Imam kudu ngakoni lan rumangsa dadi wong sing Daksengker kanggo Aku dhéwé, merga dhèwèké kuwi wong sing nyaosaké kurban dhaharan konjuk marang Aku. Aku iki Allah kang suci lan kang nucèkaké umat-Ku.

9Yèn anaké wadon imam dadi wanita tuna susila, kuwi ngina bapakné, mulané kudu diobong nganti mati.

10Déné Imam Agung disengker kagem Allah dadi imam, nganggo dijebadi lenga suci ing sirahé lan srana dienggoni sandhangan imam. Mulané rambuté ora kena dioré utawa ora kena nyuwèk sandhangané kanggo nélakaké susahing atiné merga kepatèn.

11(21:11-12) Imam Agung kuwi disaosaké marang Aku dadi wong sing Daksengker, mulané ora kena najisaké awaké; ora kena najisaké Kémah Suci merga metu saka kono, lan mlebu ing omah sing ana layoné, senajan kuwi layoné bapak utawa ibuné dhéwé.

12(21:11)

13(21:13-14) Imam Agung kudu kawin karo prawan saka taleré dhéwé, ora kena kawin karo randha utawa wong wadon sing dipegat, utawa wanita tilas tuna susila.

14(21:13)

15Yèn ora mengkono anak-anaké sing mesthiné suci bakal dadi najis. Aku iki Allah, sing wis nyengker wong mau dadi Imam Agung."

16Dhawuhé Allah marang Musa

17kanggo Harun, "Yèn ana anakmu sing awaké cacad ora kena nyaosaké kurban dhaharan konjuk marang Aku. Iki prenatan kanggo selawas-lawasé.

18Wong sing awaké cacad ora kena nyaosaké kurban, kayata: wong wuta, wong lumpuh, wong sing cacad irungé;

19semono uga wong sing tangané apus, utawa wong sing sikilé pincang;

20wong sing bungkuk utawa cébol; wong sing lara mripaté, utawa duwé lara kulit, lan wong sing dikebiri.

21Anak-turuné Imam Harun sing awaké cacad ora kena nyaosaké kurban konjuk marang Aku.

22Nanging olèh mangan panganan sing disaosaké marang Aku, dadia kurban dhaharan sing suci, utawa kurban dhaharan sing mligi kanggo Aku dhéwé.

23Wong sing cacad mau ora kena cedhak-cedhak karo geber suci utawa cedhak-cedhak karo mesbèh. Wong mau ora kena gawé najisé piranti-piranti sing disengker kanggo Aku, merga Aku iki Allah, lan iya Aku sing nyengker piranti-piranti mau."

24Kuwi kabèh didhawuhaké déning Musa marang Harun, marang anak-anaké lan marang umat Israèl kabèh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel