Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 5 >> 

1Panerak-panerak sing prelu disuwunaké pangapura srana kurban pangruwating dosa kuwi sing mengkéné: Yèn ana wong dijaluk dadi seksi ing pengadilan, nanging ora gelem awèh ketrangan bab sawijining prekara, sing diweruhi utawa dirungu, wong mau keluputan lan kudu nyangga paukumané.

2Wong sing ora njarag nggepok barang sing najis, kayata bathang kéwan, samasa ngerti apa sing dilakoni mau, dadi najis lan keluputan.

3Wong sing nggepok barang najis sing asalé saka manungsa, samasa ngerti apa sing dilakoni mau, dadi najis lan keluputan.

4Wong sing sumpah tanpa dipikir bab apa sing dikandhakaké, samasa ngerti apa sing dilakoni mau, dadi najis lan keluputan.

5Wong sing nglakoni prekara-prekara ing dhuwur mau kudu ngakoni luputé.

6Merga dosané mau, wong kuwi kudu saos kurban marang Allah, rupa wedhus gèmbèl wadon siji utawa wedhus jawa wadon siji. Imam kudu nyaosaké kurban mau, supaya dosané wong mau diapura.

7Yèn wong mau ora kuwat nyaosaké wedhus gèmbèl utawa wedhus jawa kanggo nebus dosané, kudu nyaosaké manuk drekuku utawa manuk dara sejodho; sing siji kanggo kurban pangruwating dosa, sijiné kanggo kurban obongan.

8Manuk-manuk mau kudu dipasrahaké marang imam; sing disaosaké dhisik kurban pangruwating dosa. Guluné manuk mau kudu dipuntir, nanging endhasé ora kena nganti pedhot.

9Getihé manuk mau kudu diciprat-ciprataké ing sikilé mesbèh. Kuwi kurban sing kudu disaosaké supaya olèh pangapuraning dosa.

10Sawisé kuwi imam lagi nyaosaké kurban sing kapindho, yakuwi kurban obongan, miturut prenatan. Kaya mengkono patrapé imam olèhé nyaosaké kurban kanggo wong sing nerak wewaleré Allah, lan Gusti Allah bakal ngapura wong mau.

11Yèn wong sing nglakoni panerak mau ora kuwat nyaosaké manuk deruk sejodho utawa manuk dara sejodho kanggo kurban, kudu nyaosaké glepung sakilogram. Glepung mau ora kena diwènèhi lenga zaitun utawa menyan, merga dienggo saos kurban pangruwating dosa, lan ora kanggo kurban dhaharan.

12Glepung mau kudu dipasrahaké marang imam. Imam banjur kudu njupuk glepungé segegem, minangka tandha yèn glepungé kabèh kasaosaké kanggo kurban marang Allah. Glepung segegem mau banjur diobong ing mesbèh dadi kurban dhaharan. Kurban mau kurban pangruwating dosa.

13Kudu kaya mengkono patrapé imam olèhé nyaosaké kurban kanggo wong sing nglakoni panerak, lan Allah bakal ngapura wong mau. Turahané gandum mau dadi bagéané imam, ora béda karo yèn nyaosaké kurban dhaharan.

14Gusti Allah paring dhawuh marang Musa mengkéné,

15"Menawa ana wong sing tanpa dijarag gawé dosa merga lali masrahaké pisungsung wajib kagem Allah, wong mau kudu nyaosaké kurban dhendha, rupa wedhus gèmbèl utawa wedhus jawa siji, lanang lan mulus, tanpa cacad. Regané ditetepaké miturut rega resmi.

16Wong mau kudu mbayar sing dadi wajibé, ditambah rong puluh persèn. Kéwan mau kudu ditampakaké marang imam, lan imam kudu nyaosaké kéwan mau dadi kurban dhendha kanggo nebus dosané wong mau, lan Allah bakal ngapura.

17Yèn wong tanpa dijarag nerak salah-sijining wewaleré Allah, wong mau keluputan, lan kudu diukum.

18Mulané kudu nyaosaké kurban dhendha sing kudu ditampakaké marang imam rupa wedhus gèmbèl utawa wedhus lanang siji, sing tanpa cacad. Ajiné kudu ditetepaké manut rega sing kanggo ing Kémah Suci. Imam nyaosaké kurban mau kanggo nebus dosané wong sing keluputan mau, lan Allah bakal ngapura.

19Kaya mengkono mau prenatané kurban dhendha supaya olèh apuraning dosa ing ngarsané Allah."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel