Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 6 >> 

1Gusti Allah ngandika menèh marang Musa mengkéné,

2(6:2-3) "Wong dadi nglakoni dosa ing ngarsané Allah, yèn ora gelem mbalèkaké barang titipan duwèké pepadhané wong Israèl, utawa menawa wong mau nyolong barang duwèké pepadhané utawa ngapusi pepadhané, utawa klawan sumpah ora ngaku yèn nemu barang duwèké pepadhané sing ilang. Wong mau kudu nyaosaké kurban dhendha.

3(6:2)

4(6:4-5) Lan kudu mbalèkaké barang olèh-olèhané laku sing ora jujur mau. Wong mau sanalika kudu mbayar sepira regané barangé marang sing duwé, nganggo dipunjuli rong puluh persèn.

5(6:4)

6Kejaba kuwi wong mau kudu masrahaké marang imam wedhus gèmbèl utawa wedhus jawa lanang siji, sing mulus tanpa cacad, kanggo saos kurban dhendha konjuk marang Allah. Regané kudu ditetepaké miturut rega sing kanggo ing Kémah Suci.

7Imam kudu nyaosaké kurban dhendha, lan Allah bakal ngapura dosané wong mau."

8Gusti Allah ngandika menèh marang Musa,

9"Harun lan anak-anaké wènèhana prenatan bab kurban obongan mengkéné: Kurban obongan kuwi kudu terus diobong ing geni sing ana ing mesbèh, sewengi muput. Genining mesbèh ora kena mati.

10Imam banjur kudu nganggo clana cendhak lan jubah léna, ngukupa awuning gajih kurban obongan saka mesbèh, kadokokna ing sandhingé mesbèh.

11Sawisé kuwi imam kudu salin penganggo, lan nggawa awu mau menyang sanjabané Kémah, ing papan sing suci.

12Geni ing mesbèh kudu dijaga supaya terus murub, ora kena mati. Saben ésuk imam kudu numpangaké kayu ana ing mesbèh, lan nata kurban obongan ditumpangaké ing geni mau, lan ngobong gajihé kurban keslametan.

13Geniné kudu dijaga supaya tetep murub, aja nganti mati."

14Prenatan bab kurban dhaharan konjuk marang Allah kuwi mengkéné: Imam anak-turuné Harun kudu nggawa kurban mau menyang mesbèh.

15Banjur njupuk gandum sagegem karo lengané zaitun lan menyané sing temumpang ing gandum mau. Barang-barang mau banjur diobong ing mesbèh; mrelambangi yèn saosan kabèh wis kasaosaké marang Allah. Gandané kurban mau gawé renaning penggalihé Allah.

16(6:16-17) Glepung turahané kudu digawé roti tanpa ragi, lan kudu dipangan déning para imam, ing panggonan suci, ing platarané Kémah Palenggahané Allah. Kuwi bagéané para imam, sing diparingaké déning Allah saka kurban dhaharan. Pangan mau suci banget, padha kaya kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha.

17(6:16)

18Saben wong lanang anak-turuné Harun kena mangan roti mau. Sebanjuré dadia prenatan langgeng. Wong liya sing nggepok dhaharan sing wis dienggo kurban, bakal ketaman bilai merga saka daya kasucèné kurban mau.

19Gusti Allah maringaké prenatan-prenatan bab netepaké imam, anak-turuné Harun, mengkéné:

20Ing dina tetepan mau imam sing arep ditetepaké kudu nyaosaké glepung gandum sakilogram marang Allah. (Padha akèhé karo kurban dhaharan pedinan.) Sing separo kudu disaosaké kanggo kurban ing wayah ésuk, turahané kanggo soréné.

21Glepung mau kudu diulet karo lenga zaitun, banjur dipanggang, nuli diejur lan disaosaké dadi kurban dhaharan. Gandané kurban mau gawé renaning penggalihé Allah.

22Mengkono dadia prenatan langgeng; saben turuné Harun sing dadi Imam Agung kudu nyaosaké kurban kaya mengkono. Kabèh kudu diobong katur marang Allah.

23Kurban dhaharan sing disaosaké déning imam, kabèh kudu diobong nganti entèk, ora ana sethithik-thithika sing olèh dipangan.

24Gusti Allah dhawuh marang Musa,

25supaya mènèhaké prenatan marang Harun lan anak-anaké bab kurban pangruwating dosa. Kéwan sing dienggo saos kurban pangruwating dosa kudu disembelèh ing sisih loré mesbèh sing kanggo ngobong kurban obongan. Kurban mau suci banget.

26Imam sing nyaosaké kurban kudu mangan bagéané ana ing papan suci, yakuwi ing platarané Kémah Palenggahané Allah.

27Sapa waé lan apa waé sing nggepok dagingé kéwan mau, bakal ketaman bilai, merga saka daya kasucèné kurban mau. Menawa ana klambi sing kecipratan getihé kéwan mau, kudu dikumbah ing papan sing suci.

28Kuwali sing dienggo nggodhog dagingé kurban mau kudu diremuk. Yèn kuwali sing dienggo wadhah mau saka tembaga, kudu digosok, banjur diresiki nganggo banyu.

29Saben wong lanang anak-turuné imam kena mangan kurban sing suci banget kuwi.

30Kéwan sing getihé digawa mlebu ing Kémah Suci lan kanggo kurban pangruwating dosa, kudu diobong nganti entèk, ora kena dipangan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel