Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 24 >> 

1Kecrita Abraham wis sepuh banget. Ing sabarang tumindaké binerkahan déning Allah.

2Ing sawijining dina Abraham nimbali abdiné sing tuwa dhéwé, sing diprecaya ngurus bandhané kabèh, dikon sumpah srana numpangaké tangané ing sangisoring cethiké Abraham.

3Tembungé, "Sumpaha demi Allah ing swarga lan bumi, yèn kowé ora arep nggolèkaké jodho anakku Iskak, wong wadon tanah Kenaan kéné.

4Lungaa menyang tanah kelairanku, anakku golèkna jodho saka antarané sanak-sedulurku."

5Abdi mau nuli matur, "Kadospundi menawi laré èstrinipun mboten purun dipun ajak mriki; menapa putra panjenengan lajeng kula ajak mrika?"

6Nanging Abraham mangsuli, "Anakku aja pisan-pisan kokgawa mrana!

7Merga Allah ing swarga wis ndhawuhi supaya aku ninggal balé-omahé bapakku, bangsaku lan negaraku, sarta paring prejanji klawan sumpah, yèn bakal maringaké negara iki marang anak-turunku. Panjenengané piyambak bakal ngutus malaékaté ndhisiki lakumu, temah ing kana kowé bakal ketemu karo bocah wadon sing gelem dipèk bojo anakku.

8Déné yèn bocah wadon mau ora gelem kokgawa, kowé luwar saka sumpahmu iki. Nanging aja pisan-pisan anakku kokbalèkaké menyang negara asalku."

9Abdi mau banjur numpangaké tangané ana ing sangisoring cethiké Abraham, bendarané, lan sumpah yèn arep nglakoni apa sing didhawuhaké bendarané.

10Abdi mau banjur budhal nggawa unta sepuluh dimomoti raja-brana rupa-rupa. Lakuné ngener tanah Aram-Naharayim, sing biyèn dienggoni Nahor; dunungé ing saloré Mésopotamia.

11Satekané ing kono untané dijerumaké ana ing sacedhaké sumur. Nalika semono wis soré, wayahé wong wadon padha teka ngangsu ing sumur mau.

12Abdi mau nuli ndedonga, "Dhuh Allahipun bendara kula Abraham. Kula nyuwun tulung mugi enggèn kula kautus angsala damel. Kersaa ngrentahaken sih dhateng bendara kula Abraham.

13Kula badhé ngentosi wonten ing sumur ngriki, lan sekedhap malih laré-laré èstri saking dhusun badhé dhateng ngangsu.

14Kula badhé wicanten dhateng salah setunggaling laré èstri wau, ‘Aku wènèhana ngombé’. Menawi laré èstri wau mangsuli, ‘Mangga kula aturi ngunjuk, malah unta-unta sampéyan inggih badhé kula sukani ngombé pisan’, menika dados pretandha bilih laré wau ingkang Panjenengan kersakaken dados jodhonipun bendara kula Iskak. Srana mekaten kula ngertos, bilih Panjenengan netepi prejanjian Panjenengan kaliyan bendara kula Abraham."

15Kecrita sadurungé abdi mau rampung enggoné ndedonga, ana bocah wadon teka nyunggi jun, jenengé Ribkah, anaké Bétuèl. (Bétuèl kuwi anaké Milka, bojoné Nahor, adhiné lanang Abraham.)

16Ribkah mau rupané ayu banget, isih prawan. Dhèwèké medhun menyang sumur, ngisèni juné, banjur bali munggah menèh.

17Abdi mau énggal-énggal maju methukaké karo kandha, "Endhuk, mbok aku wènèhana ngombé sethithik saka junmu."

18Wangsulané bocah wadon mau, "Mangga pak." Juné nuli énggal diedhunaké, disangga nganggo tangané, lan wongé ditulungi ngombé.

19Sawisé awèh ngombé, bocah wadon mau nuli muni, "Unta sampéyan badhé kula sukani ngombé pisan satuwukipun."

20Juné nuli disuntak ing wadhah sing kanggo ngombé unta-unta. Banjur bali mlayu menyang sumur ngangsokaké untané kabèh.

21Abdi mau tansah ngawasaké sapolahé bocah wadon kuwi karo sumlengeren. Dhèwèké yakin, yèn yaiki bocah wadon sing dikersakaké déning Gusti Allah dadi jodhoné Iskak, bendarané.

22Bareng bocah wadon mau wis rampung enggoné ngombèni unta-unta kabèh, si abdi nuli njupuk anting-anting emas sing boboté setengah sèkel, dienggokaké ing irungé bocah wadon mau. Lan gelang emas sepasang sing boboté sepuluh sèkel dienggokaké ing tangané;

23karo takon, "Endhuk, kowé kuwi anaké sapa? Apa ing omahé bapakmu ana panggonan sing kena kanggo nginep aku sakancaku?"

24Wangsulané bocah wadon mau, "Kula menika anakipun Bétuèl, putunipun Nahor lan Milka.

25Ing griya kula kathah damèn lan tedha kéwan. Papan kanggé nyipeng inggih wonten."

26Abdi mau banjur sumungkem sujud marang ngarsané Allah, karo munjuk,

27"Pinujia Allahé bendaraku Abraham, sing wis ngetingalaké sih lan kasetyané marang bendaraku, sing ngirid lan njujugaké aku ing omahé seduluré bendaraku."

28Bocah wadon mau mlayu mulih lan nyritakaké lelakoné marang ibuné.

29Ribkah kuwi duwé kakang, jenengé Laban.

30Bareng krungu critané adhiné lan ndeleng anting-anting irung lan gelang sing ana ing tangané adhiné, Laban énggal-énggal mlayu nemoni abdiné Abraham, sing isih ngadeg ing sacedhaké sumur.

31Laban banjur ngajak abdi mau, tembungé, "Sedhèrèk ingkang kinasih, mangga sampéyan mampir, sampun wonten ing njawi. Mangga, sampéyan ngaso ing griya kula. Sampun kula cawisi kamar lan panggènan kanggé unta-unta sampéyan."

32Abdiné Abraham banjur mlebu ing omah. Laban ngedhun-edhunaké momotané unta-unta, njupuk damèn kanggo slèmèké, sarta pakan kanggo kéwan-kéwan mau. Nuli nggawa banyu kanggo wisuh sikilé para tamu.

33Nanging bareng disuguh mangan, abdiné Abraham mau kandha ngéné, "Nyuwun ngapunten, kula mboten badhé nedha, menawi dèrèng ngaturaken kapreluan kula." Wangsulané Laban, "Mangga sampéyan criyosaken."

34Abdiné Abraham banjur matur, "Kula menika abdinipun Abraham,

35tiyang ingkang binerkahan sanget déning Allah, ngantos dados tiyang ingkang sugih sanget. Kagungan raja-kaya rupi ménda gèmbèl, ménda jawi, lembu, unta, kuldi, slaka, emas, réncang-tumbasan jaler lan èstri.

36Sarah, garwanipun, kaparingan anak jaler nalika sampun sepuh sanget. Pramila bendara kula Abraham marisaken bandhanipun sedaya dhateng anakipun jaler wau.

37Kula dipun dhawuhi prejanji kanthi supaos déning bendara kula mekaten, ‘Kowé aja pisan-pisan nggolèkaké jodho anakku bocah wadon saka tanah Kenaan,

38nanging golèkna saka ing antarané sanak-seduluré bapakku. Énggal mangkata mrana!’

39Kula inggih matur, ‘Kadospundi menawi laré èstri wau mboten purun kula bekta?’

40Ngandikanipun, ‘Gusti Allah sing dakbektèni bakal ngutus malaékaté ngirid lakumu lan mberkahi kowé, temah kowé bakal olèh gawé. Kowé bakal nggawa jodhoné anakku saka ing antarané sanak-sedulurku.

41Yèn kowé wis marani sanak-sedulurku, mangka kowé ditampik, kowé lagi luwar saka sumpahmu.’

42Dinten menika wau kula dumugi ing sumur, lajeng ndedonga ing salebeting batos, ‘Dhuh Allahipun bendara kula Abraham, kula nyuwun tulung supados lampah kula angsala damel.’

43Kula badhé ngentosi ing sumur ngriki. Menawi wonten laré èstri dhateng ngangsu, kula lajeng badhé nembung: ‘Mbok aku wènèhana ngombé saka ing junmu sethithik waé,’

44mangka laré wau lajeng mangsuli: ‘Mangga, kula aturi ngombé, lan unta-unta sampéyan badhé kula ombèni pisan,’ mugi menika dados titikan, ‘Bilih laré èstri menika ingkang Panjenengan kersakaken dados jodhonipun bendara kula Iskak.’

45Enggèn kula ndedonga salebeting batos dèrèng rampung, lhakok Ribkah dhateng mbekta jun, badhé ngangsu mriku. Sareng minggah saking sumur lajeng kula celaki kaliyan mungel, ‘Mbok aku wènèhana ngombé saka ing junmu sethithik waé.’

46Piyambakipun kokénggal-énggal ngedhakaken junipun, kaliyan mungel, ‘Mangga sampéyan ngombé,’ lajeng nawèni badhé ngombèni unta-unta kula pisan. Kula lajeng ngombé lan unta-unta kula inggih lajeng dipun ombèni.

47Sesampunipun mekaten kula lajeng takèn, ‘Ndhuk, kowé kuwi anaké sapa?’ Wangsulanipun, ‘Kula anakipun Bétuèl. Bétuèl menika anakipun Nahor lan Milka.’ Kula lajeng mendhet anting-anting irung lan gelang emas, kula anggèkaken piyambakipun.

48Mila kula lajeng nyembah sujud dhateng Gusti Allah sesembahanipun bendara kula Abraham, déné sampun kersa ngirid lampah kula njujug dhateng sedhèrèkipun bendara kula, temah saged kepanggih kaliyan laré èstri menika.

49Samangké mangga kula aturi ngandika menapa panjenengan badhé nandukaken katresnan lan kuwajiban panjenengan dhateng bendara kula Abraham, menapa mboten, supados kantenan menapa ingkang badhé kula tindakaken."

50Laban lan Bétuèl banjur mangsuli, "Sarèhné prekawis menika sampun kakersakaken déning Pangéran piyambak, pramila kula namung sami pasrah, ndhèrèk ing sakersanipun.

51Sumangga, kajengipun Ribkah tumut sampéyan lan kajodhokaken kaliyan putranipun bendara sampéyan, kados ingkang kadhawuhaken déning Pangéran."

52Bareng krungu wangsulan sing mengkono mau abdiné Abraham banjur sujud nyembah marang Gusti Allah.

53Abdi mau nuli ngetokaké sandhangan lan rerenggan emas lan slaka, diwènèhaké marang Ribkah. Semono uga kakangné lan ibuné padha diaturi barang-barang sing larang regané.

54Sawisé mengkono abdiné Abraham lan kanca-kancané lagi padha gelem mangan lan ngombé, sarta nginep ana ing omah kono. Ésuké, sawisé padha tangi, abdiné Abraham nuli kandha karo sing duwé omah, "Keparenga kula samenika mantuk dhateng panggènanipun bendara kula."

55Nanging kakangné lan ibuné Ribkah kandha, "Mbok ngentosi seminggu utawi sedasa dinten malih; sesampunipun menika kajengipun Ribkah tumut."

56Nanging abdi mau matur, "Kula sampun panjenengan gondhèli. Pangéran sampun nglestantunaken lampah kula, mila keparenga kula tumunten bidhal, mantuk dhateng panggènanipun bendara kula."

57Banjur diwangsuli, "Saénipun kula nantun dhateng Ribkah piyambak rumiyin, kadospundi pemanggihipun."

58Ribkah nuli diundang lan ditari, "Apa kowé gelem diajak budhal saiki?" Wangsulané, "Inggih, purun."

59Ribkah nuli dililani budhal, bareng karo abdiné Abraham sakancané, dikanthèni pamomongé.

60Ribkah diberkahi déning kakang lan ibuné mengkéné, "Ribkah, muga-muga kowé kaparingana turun mayuta-yuta! Muga-muga tedhak-turunmu nelukaké lan ngwasani kutha-kuthané mungsuhé."

61Sawisé mengkono, Ribkah lan para réwangé wadon banjur padha tata-tata lan budhal nunggang unta mèlu abdiné Abraham.

62Kocapa Iskak mentas bali saka alas, liwat sumur Lakhai-Roi, merga nalika semono dhèwèké manggon ing tanah Kenaan sisih Kidul.

63Ngarepaké surup, Iskak metu saka kémah arep mlaku-mlaku ing ara-ara samun golèk hawa seger. Dumadakan weruh iring-iringan unta teka.

64Bareng Ribkah weruh Iskak, banjur énggal-énggal medhun saka untané,

65sarta takon karo abdiné Abraham, "Tiyang jaler ingkang methukaken kita menika sinten?" Wangsulané abdi mau, "Inggih menika bendara kula Iskak." Ribkah banjur énggal-énggal njupuk krudhungé kanggo nutupi rainé.

66Abdiné Abraham mau nuli nyritakaké lelakoné kabèh marang Iskak.

67Iskak banjur ngajak Ribkah, digawa mlebu menyang kémahé Sarah, ibuné, sarta sabanjuré dadi bojoné. Iskak tresna banget marang Ribkah, lan dadi panglipur sawisé ditinggal mati ibuné.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel