Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 33 >> 

1Yakub weruh Ésau teka saka kadohan, ditutaké wong patang atus. Anak-anaké dikon mèlu ibuné dhéwé-dhéwé, yakuwi Léa, Rahèl lan abdiné loro.

2Selir-selir karo anak-anaké mlaku ana ing ngarep dhéwé, banjur Léa karo anak-anaké, nuli Rahèl lan Yusuf ana ing mburi dhéwé.

3Déné Yakub mlaku ana ing ngarepé iring-iringan mau. Bareng tekan ngarepé Ésau, Yakub banjur sujud ping pitu.

4Nanging Ésau mlayoni methukaké. Yakub dirangkul lan diambungi. Loro-loroné padha tangis-tangisan.

5Bareng weruh wong wadon-wadon lan bocah-bocah Ésau takon, "Sing padha mèlu kowé iki sapa?" Wangsulané Yakub, "Menika anak-anak kula, kanugrahan peparingipun Pangéran."

6Selir loro karo anak-anaké banjur padha maju sujud.

7Nuli Léa karo anak-anaké, lan pungkasan dhéwé Rahèl karo Yusuf.

8Pitakoné Ésau, "Panthan-panthan kéwan sing kepethuk aku mau apa karepé?" Wangsulané Yakub, "Menika kula saosaken kagem klangenan."

9Nanging Ésau clathu, "Dhi, aku wis kecukupan samubarang. Kowé ora susah mènèhi apa-apa."

10Yakub adreng aturé, "Mbok sampun, menawi panjenengan rena ing penggalih kersaa nampi menapa ingkang kula aturaken menika. Menggahing kula, kabingahan mergi saged kepanggih panjenengan sarta nampèni kesaénan panjenengan menika kados sumerep Gusti Allah piyambak.

11Mila kersaa nampi bebingah kula menika. Gusti Allah sampun nresnani kula, sarta maringi samukawis ingkang kula betahaken." Merga saka adrengé Yakub, Ésau gelem nampani hadiah mau.

12Ésau banjur clathu, "Wis ayo padha budhal, nerusaké laku. Aku dakmlaku ana ngarep."

13Wangsulané Yakub, "Matur nuwun, namung kula aturi menggalih, bilih laré-laré menika taksih ringkih lan kathah kéwan ingkang sami nesepi. Menawi kula dipunsesa lampahipun, senajan namung sedinten kémawon, temtu badhé sami pejah.

14Mila kula aturi tindak rumiyin, kula badhé mlampah lon-lonan satétahipun. Wosipun kula lan kéwan-kéwan tuwin laré-laré menika sasaged-saged énggal sowan panjenengan wonten ing Édom."

15Wangsulané Ésau, "Ya wis, yèn mengkono karebèn wong-wongku sawetara ana sing mbarengi lakumu." Nanging Yakub clathu, "Kula kinten mboten prelu. Kula sampun bingah sanget panjenengan rena ing penggalih kersa kepanggih kaliyan kula."

16Mengkono ing dina mau Ésau mulih menyang Édom.

17Déné Yakub nerusaké lakuné ngener ing Sukot, banjur pasang kémah ana ing kono, lan gawé kandhang kanggo ngéyub kéwan-kéwané. Mulané panggonan mau dijenengaké: Sukot.

18Yakub kelakon bali saka tanah Mésopotamia tekan kuthané Sikèm, ing tanah Kenaan, kanthi slamet. Banjur pasang kémah ing sacedhaké kutha.

19Lemah sing dienggoni mau dituku saka anak-anaké Hamor, bapakné Sikèm, rega satus dhuwit slaka.

20Yakub banjur ngedegaké mesbèh ana ing kono lan dijenengi: "Allahé Israèl iku Allah."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel